Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 051 (Purpose of the Sermon on the Mount)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS

b) Tujuan Kutbah ing Gunung : Trap-trapan saka Angger-Anggeré Gusti Allah (Matéus 5:13-16)


MATÉUS 5:14-16
14 Kowé iku padha dadi pepadhanging jagad. Kutha kang ana ing dhuwur gunung iku ora bisa kaling-kalingan. 15 Lan manéh wong nyumed diyan iku ora banjur dikurebi tompo, nanging ditumpangaké ing jodhog, supaya bisa madhangi wong saomah kabéh. 16 ‘samono uga padhangmu iya sorotna marang wong, supaya iku padha sumurup marang tindak-tandukmu kang becik, temah padha ngluhuraké Ramamu kang ana ing suwarga.
(Yokanan 8:12; Filipi 2:14-15; Yokanan 15:8; Ěfésus 5:8-9)

Kaya apa gedhéné nugrahané Sang Kristus! Panjenengané yasa padhang kabecikan katresnané lan cahya kayektén kang suci sumunar ing antarané para pandhérék Panjenengané. Aja duwé pikiran yén padhang anyar kang ana ing sajroné awak panjenengan iku duwéké panjenengan dhéwé. Padhang anyar iku peparingé Gusti. Aja nyingidaké peparing gusti Allah iku awit wedi babagan anggoné manungsa lumawan, awit Sang Kristus wis maringaké marang panjenengan hak mirunggan lan pengarep-arep kanggo dadi pepadhang ing sajroné jagat kita kang ora duwé pengarep-arep iki. Aja isin awit dadi kaya padhang sawijining rek jres cilik awit padhang iku bakal bisa dideleng saka kadohan, malah ing petenging bengi. Nalika wong-wong Kristen ketemu ing sajroning patunggalan padha dum kineduman imané mula wong-wong Kristen dadi kaya kutha ana ing sakndhuwuré gunung sumunar kaya kumpulan lintang kang nuntun perahu kang kesasar, bali menyang pelabuhan.

Sang Kristus nimbali panjenengan supaya dadi pepadhang ing sajroné pepeteng iku. Panjenengané yasa panjenengan dadi seksi atas pambobot kayektén Panjenengané lan paring kabisan panjenengan supaya martakaké asma Panjenengané ing ngomah panjenengan, ing sekolah lan ing papan nyambut gawé panjenengan. Wong pracaya kang isih enom nyambut gawé ana ing perusahaan ana kono ana kang nyambut gawé liyané yaiku wong-wong kang ora pracaya. Wong-wong liya mau nyoba nggodha nganggo tembung-tembung kang saru. Kanca-kancané ngelingaké marang wong enom kang pracaya mau, “Lungaa saka perusaan iku supaya kowé ora katempuh ing kangelan”, nanging wong enom mau mangsuli, “Aku ora dhéwéka ing kana. Sang Kristus nganthi aku, mayungi aku lan manunggal ing sajroné aku. Panjenengané paring prasetya ora bakal ninggalaké aku, lan ana ngeni aku mapan Panjenengané uga ana ing kono, awit saka iku aku ora bakal wedi sesambungan karo tindak ala iki”.

Raja atas kabéh Raja kang asipat Allah iku paring dhawuh panjenengan supaya panjenengan nyurung kekendelan panjenengan lan mancaraké pepadhang ing sajroné awak panjenengan. Aja nyingidaké awak, nanging ngyakinaké awak panjenengan minangka jejeré wong kang diutus déning Allah marang tangga teparo lan kanca-kanca panjenengan. Panjenengan temoni wong-wong lan kandhaa marang wong-wong mau kanthi tuntunan sang Roh Suci. Apa kang bisa dideleng déning manungsa ing sajroné urip panjenengan sadina wutuh? Apa Sang Kristus kanthi cetha sumunar ing sajroné panguripan panjenengan?

Sang Kristus nimbali panjenengan supaya nglakoni urip kang suci. Sebanjuré manungsa bakal ngluhuraké Gusti Allah atas kabecikan lan kasekten Panjenengané ing sajroné awak panjenengan lan bakal pracaya awit ajiné saka kabecikan patrap panjenengan lan prekara iku bakal mbuktekaké apa Sang Roh Allah manunggal ing sajroné panjenengan apa ora. Dadi jejering pepadhangi jagat, para pandhéréké Sang Kristus sumunar-lan para pandhéréké Sang Kristus digatekaké déning kabéh wong kang wanuh yén panjenengan itu pandereké Sang Kristus. Sawetara ing antarané kang nggatekaké iku ngurmati, ngalembana, seneng atas para pandhéréké Sang Kristus mau lan mbudidaya bisa niru laku jantra uripe. Sawetara kang liyané rumangsa meri, sengit marang pandhérék Sang Kristus, nyacad, lan mbudidaya ngrusak wong-wong iku. Kabéh wong pracaya kudu urip banget déning ngati-ati ing ngarepe manungsa. Pandhéréka Sang Kristus iku conto saka peperaingé Gusti Allah marang jagat lan kudu nyingkiri saska kabéh kang luput, awit para pandhéréké Sang Kristus iku digatekaké wong akéh.

Sang Kristus maringi panjenengan wewengan lan hak luwih-luwih kanggé melu cawe-cawe ana ing sajroné ngluhuraké Sang Rama Panjenengané kang adhedhampar ana ing suwarga. Ing sajroné kotbah ing Gumuk kita maca ing ayat iki kang kawitan pisan bab sawijing wadi gedhé yaiku Gusti Allah kang Maha Kuwasa yaiku Rama kita! Kang Maha Suci iku ora adoh lan ora medeni kanggoné kita. Katresnan ilahi Panjenengané dipratélakae marang kita ing sajroné kawenangané minangka jejeré “Rama”. Gusti Yésus paring kabisan manungsa supaya pracaya marang Gusti Allah minangka jejeré Sang Rama lumantar tindak tanduk kita kabawah tuntunan lan Panguwasa Roh Suci. Panjenengan diparingi kabisan dadi bukti babagan kamanunggalan saka Tritunggal kang suci iku utawa kosok baliné uga dadi jalaran wong-wong liya ora gelem pracaya lang mangu-mangu. Sabeneré hakikat panjenengan iku wong dosa malah wiwit bayi, nanging Sang Roh Suci wis ngrubah panjenengan saka wong kang ilang ing sajroné pepeteng dadi putra pepadhang. Sang Roh Gusti Yésus manunggal ing sajroné panjenengan lan bisa kadeleng lumantar tembung-tembung lan patrap panjenengan, yén prasetya kang gedhé dhéwé bakal kelakon ing sajroné badan panjenengan dikaya kang dingandikaaké Gusti Allah, “Gusti Allah iku katresnan, lan sapa kang ngantepi ing katresnan, iku tetap ana ing Gusti Allah, lan Gusti Allah ana ing wong iku” (1 Yokanan 4:16).

Padhang kita kudu sumunar – lumantar tumindak becik kita. Tumindak kita bisa agawé wong-wong liya mikir kang becik marang Sang Kristus. Kita kudu nindakaké kabecikan kang bakal nguntungaké wong-wong liya, nanging uga ora supaya kita nampani pangalembana awit saka tumindak becik iku. Kita kadhawuhan ndedonga ing papan kang ndelik, lan apa kang ana ing antarané Gusti Allah karo jiwa kita, kudu kita simpen kanggo awaké dhéwé kita. Nanging kanggo apa waé kang tinarbuka lan katon banget ing pandelengané manungsa kita kudu agawé selaras karo kaanané kita lan pentes kanggo dialembana (Filipi 4:8). Para mitra kita ora mung “krungu” tumindak becik kita, nanging uga “ndeleng” tumindak becik kita iku kanthi mengkono wong-wong mau bisa kayakinaké yén agama iku dudu mung jeneng kang kosong, lan kita ora mung ngakoni iman kita, nanging mapan kabawah panguwasa iman iku.

Nanging, kanggo apa ta padhang iku kudu sumunar? Supaya wong-wong kang ndeleng panggawé becik, ora kagodha ngluhuraké panjenengané nanging ngaturaken kaluhuran marang Sang Rama, kang ana ing suwarga. Kaluhuran allah iku tujuang gedhé kang kudu tansah ana ing sajroné pikiran kita. Kita aja mung ngluhuraké Gusti Allah dhéwékan waé, nanging kita ditimbali supaya nindakaké kabéh kang bisa kita tindakaké supaya agawé wong-wong liya uga nggawa kaluhuran marnag Rama kita kang ana ing suwarga.

Panggawé becik kita bisa agawé wong-wong liya ngluhuraké Gusti Allah Rama kita. Bené wong-wong ndeleng panggawé becik panjenengané kanthi mengkono wong-wong mau bisa ngreti panguwasa sih rahmat Allah ing sajroné panjenengan lan sebanjuré ngaturaké panuwun atas cahya kamursidan ing sajroné panjenengan. Bené wong-wong mau ndeleng tindak laku panjenengan kang becik, kanthi mengkono bisa diyakinaké babagan keyekten lan kaluwihané kekristenan lan kasurung déning pepingnan kang suci kanggo niru panggawé panjenengan lan ngluhuraké gusti Allah kang suci.

Wong-wong pracaya ing sawetara negara ora bisa mratélakaké imané kanthi tinarbuka awit anané wong-wong fanatik kang ngukuhi pakulinan/ kahanan lawas, nanging kanthi meneng wong-wong iku dadi paseksen kang urip babagan sang Juru selamet lan paseksen babagan Rama kasuwargané.

PANDONGA: Dhuh kanjeng Rama ing kasuwargan, Paduka kemawon pepajar ingkang suci. Paduka ngutus putra Paduka ingkang kinasih dados pepajar ingkang nyunari jagat kawula. Kawula wonten ing salebetipun pepeteng, nanging Sang Roh Putra Paduka ambuntel kawula kanthi pepajar ilahi. Kersanipun pepajar Paduka sumunar ing salebetipun gesang kawula kanthi makaten kathah tiyang badhé kamardikaaken saking dosa-dosanipun lan dados pepadhang ingkang ngremenaké ugi. Kawula ngluhuraken Paduka awit kawilujengan Paduka ingkang ageng lan nyuwun tuntunan Paduka supados ngagem pepajar menika kanthi makaten mboten satunggal tiyang kemawon ingkang dados mboten pitados awit patrap kawula, lan malah ningali Paduka ing salebetipun gesang kawula. Amin.

PITAKONAN

  1. Kepiyé carané panjenengan dadi pepadhanging jagat iki?

KUIS

Para maos kang kinasih,
Sakwisé maca tafsiran babagan Injil manut Matius ing sajroné buku iki, panjenengan saiki bisa ménéhi mangsuli pitakonan-pitakonan ing ngisor iki. Manawa panjenengan ménéhi jawaban 90% saka pitakonan-pitakonan ing ngisor iki, aku bakal ngirimaké marang panjenengan seri kang sebanjuré kanggo wulangan panjenengan. Aja lali nulis asmané panjenengan sing cetha lan nulis alamat ing lembar jawaban panjenengan.

  1. Apa ta kang sinebut pamratobat kang pentes iku?
  2. Apa kang dadi watonan wulangané lan uripe Yokanan Pembaptis iku?
  3. Sapa ta wong-wong Farisi iku, lan sapa ta wong-wong Saduki iku?
  4. Apa kang dadi karsakaké Kang Nitahaké supaya panjenengan tindakake?
  5. Apa sebabé Sang Kristus bisa mbaptis kita nganggo Sang Roh Suci?
  6. Apa bedané antarané baptisan Roh Suci karo Baptisan geni?
  7. Apa sebabé gusti Yésus dibaptis ana ing kali Yardén sinadya Panjenengané ora duwé kaluputan?
  8. Kepiyé carané Allah Tritunggal kang suci mratélakaken sarirané ing Ngaré Yardén?
  9. Apa sebabé gusti Yésus ora ngrubah watu dadi roti, senajana Panjenengané bisa nindakaken iku?
  10. Apa sebabé sang Kristus ora kersa nibakaké badané saka wuwungan pedaleman Allah?
  11. Apa sebabé apa Gusti Yésus paring dhawuh supaya iblis manembah marang Gusti Allah?
  12. Apa sebabé Gusti Yésus mbaléni pawarta apik saka Yokanan pambaptis, “Mratobata, Kratoné Swarga wis cedhak?”
  13. Apa sesambungané saka pangandikané gusti Yésus, “Aku bakal andadekaké kowé tukang njala manungsa?”
  14. Apa sebabé kita nyebut Matéus 4:23-25 minangka Injil cilik utawa reringkesan saka Injil?
  15. Apa sebabé prenatan Sang Kristus diwiwiti kanthi tembung “rahayu” lan ora tembung “kowé kudu” utawa “kowé aja”?
  16. Apa sebabé “wong kang mlarat ing budi ing ngarsané Allah” mlebu ing sajroné suwarga?
  17. Apa sebabé wong-wong kang andhap asor lan dudu wong kang duwé kalungguhan kang bakal marisi bumi?
  18. Kepiyé ta Sang Kristus paring kalegan marang rasa ngelak kita ing babagan kayektén?
  19. Kepiyé kita bisa rubah saka patrap mentingaké awak dhéwék dadi kebak welas asih?
  20. Kepiyé carané panjenengan bisa resik atiné (1 Yokanan 1:7)
  21. Kepiyé Sang Kristus ngagem kita supaya nggawa karukunan kanggo wong-wong liya?
  22. Apa sebabé para juwu warta kang martakaké Injil tentrem rahayu kala-kala ngadhepi bab kang angel banget diuwali?
  23. Apa pituwas kang diparingaké marang wong-wong pracaya kang kaniaya?
  24. Apa ta tegesé yén Sang Kristus nimbali panjenengan supaya dadi “uyahing jagat”?
  25. Kepiyé carané panjenengan dadi pepadhanging jagat iki?

Aku kabéh mbereg panjenengané supaya ngrampungaké bebarengan analiti Sang Kristus lan Injil Panjenengané kanthi mangkono panjenengan bisa nampa bandha kang langgeng. Aku sakonco ngenténi jawaban panjenengan lan ndedonga kanggo panjenengan. Alamatku:

Waters of Life
P.O.Box 600 513
70305 Stuttgart
Germany

Internet: www.waters-of-life.net
Internet: www.waters-of-life.org
e-mail: info@waters-of-life.net

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 21, 2022, at 07:11 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)