Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 026 (Herod’s Attempt to Kill Jesus)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
A – WIYOS LAN MANGSA BOCAHĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 1:1 - 2:23)

4. Ambudidaya Sang Prabu Hérodhés Nyedani Gusti Yésus (Matéus 2:12-23)


MATÉUS 2:19-21
19 Bareng Sang Prabu Hérodhés wus séda, ana malaekating Pangéran kang ngatingali marang Yusuf ing sajroning pangimpen ana ing tanah Mesir, kang dhawuh: 20 “Tangia, Sang Timur lan kang ibu jaken bali menyang tanah Israél, amarga sing padha ngarah sédané Sang Timur wus pada mati. 21 Yusuf tangi, sang Putra lan kang ibu diajak bali menyang tanah Israél.
(Lukas 2:39; Yohanes 1:46).

Gusti Allah ora ngersakaaké Gusti Yésus tuwuh ing sajroné budaya Mesir kesuwén, ya awit saka kuwi Panjenengané ngandika marang Yusuf lumantar wahyu kang kaping teluné ing sajroné pangimpen supaya Yusuf, Maryam lan bayiné bali menyang omahe. Yusuf sakeluwargané ora bali menyang Bétlehém lan ora menyang kraton Yahudi, nanging menyang laladan lor Israél, kanthi mengkono panggulawentah marang Gusti Yésus landhesané njupuk oyot saka basa Ibrani lan Aram lan saka watonan-watonan Prejanjian lawa.

Ing kabéh prakara kita tindakaké, becik banget ndeleng dalan kita kang cetha lan padhang karo Gusti Allah kang ndhisiki kita. Kita aja lumaku menyang mrana utawa mrené tanpa dhawuhi Panjenengané.

Astané Gusti Allah mundhut uripe Hérodhés. Senajana para raja, nabi lan pangon mati, gusti Allah, Putra Panjenengané Yésus lan badan Sang Kristus kanthi cara kasukman, bakal langgeng nganti selawase. Manawa panjenengan temen-temen pandhérék Gusti Yésus kang yekti lan panjenengan tiba ing sajroné kahanan kang angel, tetap tenang awit wong kang pracaya marang gusti Yésus, Gusti kang Urip iku, kagungan gesang kang langgeng.

MATÉUS 2:22-23
22 Ananging bareng krungu warta, yén PangéranArkhelaus nggendosi kang Rama Sang Prabu Hérodhés jumeneng nata ana ing tanah Yudea, dadi sumelang yén mranaa. Nanging sarehné tampa wangsiting Allah ing sajroning pangimpen, banjur ngener menyang ing tlatah tanah Galilea. 23 Satekané ingkono, tumuli manggon ing kutha kang aran Nasaret. Kang mangkono iku supaya kayekténana kang kapangandikaaké déning para nabi, yén “Gusti Yésus bakal kasebut: Wong Nasaret.”

Nalika Sang Prabu Hérodhés Agung tilar donya ing tahun 4 sM awit panandhang kang ora bisa kasebut, dhéwéké netepaké yén telu anaké bakal entuk warisan saka Krajane; Arkhelaus marisi Yerusalém, lan laladan sakiwa tengené Antipas marisi Galilea lan Perea, lan Filipus marisi Gaulonitis, Trakhonitis lan Paneas. Arkhelaus kang nggenteni bapaké ing Yerusalém uga pada wengisé kaya bapake. Arkhelaus tahu perintah marang prajurite supaya mateni telung ewu wong kang ziarah ing dalanan Yerusalém, bareng pisan. Awit saka wengis lan kejeme, Yulius Kaisar nglereni dhéwéké saka kalungguhané ing tahun 3 M lan diguwang menyang Perancis. Sang Nata Agung masrahaké laladané marang Pontius Pilatus, dadi Gubernur, kang nibakaké paukuman pati marang Sang Krustus ing kayu salib. * Awit saka iku saben kita maca Prejanjian Anyar bab Hérodhés, kita kudu eling kang dikarepaké kang nulis Injil yaiku Antipas, raja Galilea lan nguwasani sisih kidul Yordan.

Ora perlu diomong, manwa Yusuf banget anggoné wedi krungu pawarta bab kekejemané Arkhelaus ing Yerusalém, lan ana pitakonan ing atiné apa dhawuh Gusti Allah supaya dhéwéké mulih iku luput? Nanging wong duwé iman iku ndedonga ing sajroné rasa kuwatiré, lan gusti paring jawaban marang dhéwéké yaiku diparingi wahyu kang kaping pate lan dhawuh marang dhéwéké supaya lunga menyang Galilea. Ana Galilea Yusuf milih manggon ing kutha Nazaret, awit Maryam tau urip ana ing kana. Kuthané cilik lan ora misuwur, ora katon nggumunake. Kutha iki ora disebutaké ing pérangan ngendi waé ing Prejanjian Lawas nanging dadi papan manggoné Gusti Yésus sasuwéné Panjenengané ana ing donya iki. Iki selaras karo pameca kang mratélakaké, Panjenengané ora bakal duwé kadonyan kang nggumunaké kang dadi jalaran kita kadudut ati kita marang Panjenengané malah papan Panjenengané tuwuh dewasa ora sawijining papan kang nggumunaké ( Yésaya 53:2).

Nalika nyebutaké bab kutha iki, sawijining tembung Ibrani kang liya saktléraman ana ing pikirané Matius, “Netzar”, kang tegesé trubusan bakal tukhul saka semenan Isai lan bakal mundhak-mundhak ngetokaké pang lan oyote (Yésaya 11:1,2). Ing sajroné pameca iki disebutaken bab kapenuhan Roh Suci kang manunggal ing sajroné Gusti Yésus kang sinebut “Netzar” iku. Dadi, Gusti Yésus, sakwisé ditimbali saka “Nazaret”, sebanjuré dipratelakaké dadi “Netzar” yaiku pang utawa semenan.

Pilatus ngringkes makna kang penting dhéwé kang gegayutan karo kutha Nazaret iki ing sajroné sesebutan kang ditulis lan dipasang ana ing kayu Salib, “Yésus saka Nazaret, Ratuné wong Yahudi” (Yohanes 19:19)

PANDONGA: Kula manembah Paduka, Rama Kasuwargan, awit Paduka sampun dhawuh dhumateng Yusuf kaping sekawan lumantar pangimpen, mratélakaken dhumateng piyambakipun karsa Paduka, lan nyengkuyung piyambakipun kanthi kekiyatan supados mbangun turut pitedah Paduka kanthi iman. Paduka ngayomi Putra Paduka sawetahipun ing wekdal Panjenenganipun tasih enem, awiwt menika ayomi kula ugi. Paduka yasa ing manah kula menika raos kepéngin mbangun turut dhumateng tuntunan Paduka kanthi makaten kula saget kanthi bingah nanggapi suwanten Sang Roh Suci Paduka.

PITAKONAN

  1. 3 prekara bab apa kang dipratelakaké marang Yusuf? Lan ing pérangan endi ta prekara iku dipratelakaké ing sajroné Injil?

KUIS

Para maos kang kinasih, Sakwisé maca tafsiran babagan Injil manut Matius ing sajroné buku iki, panjenengan saiki bisa ménéhi mangsuli pitakonan-pitakonan ing ngisor iki. Manawa panjenengan ménéhi jawaban 90% saka pitakonan-pitakonan ing ngisor iki, aku bakal ngirimaké marang panjenengan seri kang sebanjuré kanggo wulangan panjenengan. Aja lali nulis asmané panjenengan sing cetha lan nulis alamat ing lembar jawaban panjenengan.

  1. Sapa ta Matéus, lan kepiyé dhéwéké nepungaké awake?
  2. Apa ciri wanciné Injil miturut Matéus?
  3. Apa ciri wanciné Injil miturut Matéus?
  4. Apa sebabé wong Kristen ora kacancang marang sawijining buku, nanging masrahaké kasetyan sakwutuhé marang Pribadi Gusti Yésus?
  5. Apa tegesé gelar utawa sesebutan “Kristus” ing sajroné gegayutané karo Gusti Yésus?
  6. Apa sebabé gusti Yésus disebut dadi “anak Dawud”?
  7. Kepiyé ta kok gusti Yésus bisa dadi putra Rama Abraham uga?
  8. Kepiyé Ishak yén dibandhingna karo gusti Yésus?
  9. Kepiyé ta carané Yakub dadi wong kang pantes nerusaké berkah Allah marang manungsa?
  10. Kepiyé kabul kawusanané bab Yehuda anaké Yakub iku kaujudan ana ing sajroné gusti Yésus?
  11. Apa sebabé Matéus penginjil iku, mratélakaké 4 wanita ing sajroné sarasilahé Gusti Yésus? Sapa jenengé para wanita mau?
  12. Kapan dumadiné pecahé krajan ing prejanjian lawas, lan saka golongan endi asale gusti Yésus?
  13. Kepiya anggoné gusti Allah ngayomi krajan sisih kidul, lan kepiyé Panjenengané nuntun wong-wong krajan iki ing sajaroning pambuwangan?
  14. Apa sebabé sarasilahé gusti Yésus dipungkasi karo Yusuf kang sebeneré dudu bapak kanthi cara daging tumrap gusti Yésus?
  15. Tanda-tanda apa kang ana ing urutan wektu saka sarasilahé Gusti Yésus?
  16. Apa ta tegesé Maryam ngandhut anak saka Sang Roh Suci?
  17. Apa sebabé malaikat paring dhawuh supaya Yusus nampani Maryam?
  18. Apa ta tegesé saka asma “Yésus”?
  19. Menapa ta tegesé tembung “Ěmanuél”? Lan kena apa Sang Kristus pantes nggunakaké jeneng iku?
  20. Kepiyé Yusuf, bapak angkate gusti Yésus, dadi salah sijinéng pahlawan iman?
  21. Kapan nyambungé Saturnus lan Yupiter iku dumadi kawitan nalika iku?
  22. Sinten ta Hérodhés menika? Lan menapa ta menika Makamah Agama Yahudi?
  23. Apa ta gagasan kang penting dhéwé ing sajroné pameca saka nabi Mikah?
  24. Apa sebabé wong-wong majus kalimputan kabungahan kang gedhé?
  25. Apa ta tegesé manembah iku?
  26. Carané kepiyé gusti Allah nylametaké Bocah iku, yaiku Yésus, lan wong tuwa Panjenengané saka tangané Hérodhés?
  27. Apa tujuan pungkasan saka pangadilané Gusti Allah?
  28. 3 prekara bab apa kang dipratelakaké marang Yusuf? Lan ing pérangan endi ta prekara iku dipratelakaké ing sajroné Injil?

Aku kabéh mbereg panjenengané supaya ngrampungaké bebarengan analiti Sang Kristus lan Injil Panjenengané kanthi mangkono panjenengan bisa nampa bandha kang langgeng. Aku sakonco ngenténi jawaban panjenengan lan ndedonga kanggo panjenengan. Alamatku

Waters of Life
P.O.Box 600 513
70305 Stuttgart
Germany

Internet: www.waters-of-life.net
Internet: www.waters-of-life.org
e-mail: info@waters-of-life.net

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 21, 2022, at 07:06 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)