Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 007 (Genealogy of Jesus)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
A – WIYOS LAN MANGSA BOCAHĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 1:1 - 2:23)

1. Sarasilahé Gusti Yésus (Matéus 1:1-17)


MATÉUS 1:2
2 … Ishak peputra Yakub,

Wong kang maca sarasilah gusti Yésus iki bakal ngreti yén Injil iki alandhesan kitab-kitab ing Prejanjian Lawas. Ora ana wong siji kang bisa ngreti kanthi cetha yén dhéwéké ora sinau sarasilah iki, dikaya wong ora bakal bisa munggah menyang kamar nduwur ing sajroné omah menawa wong iku ora luwih dhisik mlebu saka lawang ing tingkat kang ngisor.

Kanthi Wahyu Gusti Allah, Yakub dhéwé ditetepaké, sadurungé dhéwéké lair, minangka wong kang nggawa berkah iki (Purwaning Dumadi 25:23-28). Nanging Yakub ora ngenténi nganti kaleksanané janji iku kanthi sabar lan donga. Yakub nyepetaké kanthi nggunakaké apus-apus bebarengan karo ibuné nganti dhéwéké nampa berkah pembarep iku. Rasa sengit, kang dirasakaké kakangé marang dhéwéké gedhé banget kanthi mengkono Yakub kudu mlayu ngedohi kakange. Ing sajroné dhéwéké mlayu iki, gusti Allah ngatingalaké sarirané marang wong kang apus-apus iku, yaiku Yakub, lan ngandika marang dhéwéké yén lumantar dhéwéké kabéh bangsa ing jagat iki bakal diberkahi. Yakub ora ngreti tegesé ngimpi iku, nanging kanthi kaweden dhéwéké pracaya marang andha kang dawané nganti tekan Suwarga iku lan pracaya marang pangandikan saka Gustiné. Dhéwéké nerusaké lakuné lan nganti tekan tanah wétan. Ing kana dhéwéké dadi wong kang ngopeni kewan kang banget déning ahli. Dhéwéké ngapusi laban, Bapa pamané lan kang duwé kewan ingon-ingoné ikut. Laban uga nalika ketemu karo yakub knggunakaké cara apus-apus bakal menehaké anaké wedok kang mbarep supaya dinikahi yakub lan dudu anaké wedok kang ragil kaya kang wis disarujuki bebarengan. Sebanjuré, Yakub nikahi uga anak wedoké kang enom kang pancen dikarepaké, nanging sakwisé dhéwéké nyambut gawé tenanan marang bapa pamané kuwi matahun-tahun. Sakwisé kangelan lan pangawulané kang suwé iku, dhéwéké kepéngin bali ing tanah bapaké, nanging gusti Allah nemoni ing tengah dalan supaya bisa mungkasi anggoné duwé watek gumunggung, lan kanthi anggoné ketemu karo Gusti Allah iku dadi jalaran atiné Yakub ajur muwur getun, dadi Yakub gelut karo gusti Allah ing sajroné pangipen. Lumantar anggoné gelut kanthi cara kasukman iki, wong kang seneng ngapusi rubah dadi wong kang manembah gusti Allah kang kebak andhap asor, lan gusti Allah maringi tetenger anyar yaiku “Israél” kang tegesé “dhéwé wis gelut karo gusti Allah lan menang krana imane”. Gusti bisa nggayuh kang dadi tujuwané karo wong kang seneng apus-apus iki, nitahaké ing sajroné Yakub rasa kangen bab keselametan kan sempurna kang wis dideleng saka kadohan ing sajroning rawuhé Gusti Yésus kanggo jagat iki.

Ing sajroné sang Kristus waé pangimpen Yakub dadi kasunyatan nalika dhéwéké ngimpi bab malaikat Allah kang munggah saka sacedhaké menyang suwarga lan mudhun kanthi berkah kanggo jagat (Purwaning Dumadi 28:12-13; 48:15-16; 49:18; Yohanes 1:51)

PANDONGA: Dhuh Gusti Allah ingkang Maha Suci, Paduka pirsa bilih nyawa kula langkung remen apus-apus, ngapusi, lan gumunggung. Paduka apunten kula gegayutan samukawis dosa kula. Paduka tebihaké sadaya kekajengan awon kanthi makaten kula saget lumampah kanthi manah ingkang remuk ing salebetipun margi kayektosan Paduka. Paduka lebur watek gumunggung kula kados Paduka ngejur Yakub kanthi makaten kula saget dadi tiyang ingkang manembah lan tiyang ingkang mboten purun pisah kanggo kraton kasaénan Paduka.

PITAKONAN

  1. Kepiyé ta carané Yakub dadi wong kang pantes nerusaké berkah Allah marang manungsa?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 20, 2022, at 04:27 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)