Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 008 (Genealogy of Jesus)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
A – WIYOS LAN MANGSA BOCAHĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 1:1 - 2:23)

1. Sarasilahé Gusti Yésus (Matéus 1:1-17)


MATÉUS 1:2-3
2 … Yakub peputra Yahuda sasedhéréke; 3 Yahuda peputra Peres lan Zerah, paturan saka Tamar; …

Kitab suci ora lumawan manungsa, nanging nyethakaké yén kita kabéh iku wong-wong dosa, lan kabéh manungsa duwé anggepan manawa keluwargané iku ora ana cacade, becik iku para raja lan uga para nabi, yaiku wong-wong kang wis kablithuk awit ora ana wong siji waé kang bener ing ngarsané Gusti Allah, senajana ing sajroné tedak turuné keluarga gusti Yésus. Kita ngreti, lan iku bener banget yén sarasilahé gusti Yésus uga kasaput dosa, nanging Panjenengané ngalahaké warisan piala saka leluhuré, awit Panjenengané ora kakandhut saka bapak manungsa nanging kakandhut saka Roh Allah kang manunggal ing sajroné Panjenengané. Panjenengané ora dosa lan murni tanpa karingkihan ana ing sajroné Panjenengané lan Panjenengané kanthi rila nebus umat manungsa ing sajroné Panjenengané piyambak.

Yehuda iku salah siji ing antarané anak loroné Yakub kan jenengé dienggo kanggo rolas taler. Anak-anak iku yaiku golongan kang mapané pindhah-pindah kang tau gawé raja pati penduduk sawijining kuta awit seduluré wedok karemehaké (Purwaning Dumadi 34:1-29). Anak-anak Yakub uga kang duwé rasa meri marang adiké kang jeneng Yusuf awit bapaké luwih nresnani bocah iku, katresnané luwih saka anak-anak liyané lan malah bocah iku digawékaké jubah kang éndah kanggo Yusuf. Dadiné anak-anak liyané ngrancang mateni bocah iku, nanging Yehuda ngalang-alangi niat sedulur-sedulur iku lan ngandhani supaya didol waé adiké iku, kanthi rega 20 puluh keping perak, rak malah nampani untung tinimbang dipateni.

Yehuda laku jina kanthi nggunakaké reka. Dhéwéké nglarang Tamar, bojoné adiké kang wis mati supaya nikah karo anaké kang nomor telu selaras karo pranatan kang ana. Tamar kang malah ngakali dhéwéké lan ngejaraké Yehuda tanpa eling turu karo dhéwéké kanthi mengkono dhéwéké nglahiraké anak kang jenengé Peres (Purwaning Dumadi 38). Banget déning ngisin-isini manut pikiran manungsa. Jeneng saka wong telu iki – Yehuda,Tamar lan Peres, disebutaké ana ing sarasilahé Gusti Yésus. Putra Allah mandhap kanggo mbuktekaké yén Panjenengané nebus uga marang wong-wong kang seneng ngakali, laku jina, lan wong-wong dosa; lan panjenengané nuduhaké uga mbukak urip kabéh manungsa tanpa ana sing klewatan.

Yakub nuduhaké panguwané kang wutuh Sang Kristus kanggo nebus wong-wong dosa nalika dhéwéké amberkahi anaké Yehuda lan mbandhingaké dhéwéké karo Singa ing ngaré kabéh sedulur-seduluré lan bakal kabéh bangsa bakal sujud marang dhéwéka (Purwanind dumadi 4:8-12). Yohanes, kang nulis Injil ngerti wadi saka pameca iki, dhéwéké malah krungu suwara saka para tuwa-tuwa ing suwarga kang mratélakaken, “Sabeneré, singa saka taler Yehuda, yaiku seminé Dawud, wis memang” (Wahyu 5:5-10. Yohanes ngelekaké mripate ndeleng singa kang gedhé, nanging dhéwéké ora ndeleng singa kuwi. Dhéwéké ndeleng Cempe kang wis disembeleh kang mbayar marang gusti Allah kanthi rah Panjenengané wong-wong saka bangsa-bangsa kang leladi Panjenengané minangka jejeré para imam kanggo selawase. Gusti Yésus wis nglakoni janji kang dipratelakaké bab leluhuré Yehuda.

PANDONGA: Kula manembah paduika, O cempening Allah ingkang Suci awit Paduka pantes nampeni sadaya berkah, kaluhuran, kasugihan lan pujian; ingkang sampun ngawonaké si piala ing salebetipun jagat menika, lan ing salebetipun pandhérék Paduka, ngorbakaké gesang Paduka ingkang suci kanggé kula. Kawonaké pepinginan kula bab dosa awit kula babar pindah mboten langkung saé tinimbang kaliyan Yehuda lan Tamar. Paduka sucékaké atas samukawis dosas kula lan Paduka sucékaké kula sawetahipun.

PITAKONAN

  1. Kepiyé kabul kawusanané bab Yehuda anaké Yakub iku kaujudan ana ing sajroné gusti Yésus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 20, 2022, at 04:27 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)