Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 006 (Genealogy of Jesus)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
A – WIYOS LAN MANGSA BOCAHĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 1:1 - 2:23)

1. Sarasilahé Gusti Yésus (Matéus 1:1-17)


MATÉUS 1:2
2 … Rama Abraham peputra Iskak,...

Penginjil Matéus nulis Injile kang katujokaké marang wong-wong Yahudi lan wong-wong Kristen kang asal usule Yahudi. Dhéwéké ngangkat, luwih dhisik, babagan sarasilah kang pepak saka gusti Yésus kanggo mbuktekaké yén Panjenengané kanthi cara sah pantes kanggo dadi Sang Mesih awit Panjenengané pancen tedak turuné Rama Abraham lan putra Dawud. Matéus ménéhi sarasilah gusti Yésus kanthi pangerten yén anané Panjenengané ora diwiwiti kanthi kelahiran Panjenengané.

Gusti Allah miwiti dalan keselametan saka Rama Abraham. Kanthi ngorbanaké Ishak minongko pisusung, Gusti Allah nuduhaké kaya apa pentingé korban kang banget ora ana bandhingané iku kelakon ing sajroning Gusti Yésus Kristus ing kayu salib. Ishak, kang marwisi prejanjian iku, digedhékaké wiwit dhéwéké dadi bocah ing sajroné kamursidan kanthi mbangun turut sawutuhé marang gusti Allah. Dhéwéké iku wong kang seneng ndedonga kang diwiwiti saka anggoné mbangun keluarga ing sajroning asmané Gusti lan sebanjuré nampani berkah akéh minangka hasile. Ishak duwé ati kang sabar, ninggalaké sumur loro supaya dienggo déning pangon loro kang lagi congkrah, lan nduduk sumur kang anyar, ngalahaké satruné kanthi katresnan. Patrap uripe Ishak alus lan andhap asor nganti Allah ngatonaké sarirané marang dhéwéké lan négesaké manéh prejanjian Rama Abraham. Patrap Ishak lan patrap Rama Abraham luwih akéh memperé manawa ditimbang karo kabéh anggota keluarga kang liyané (Purwaning Dumadi 24:63; 25:5; 26:12-13,22)

Nanging Ishak uga nindakaké dosa kaya kang ditindakaké Bapake. Dhéwéké nyebut bojoné ‘seduluré wedok’ supaya bisa nylametaké awaké saka satru kang dikuwasani déning hardaning hawa nepsu (Purwaning Dumadi 26:6-7). Lan Ishak luwih nresnani anak mbarepe yaiku Esau tinimbang karo anaké nomor loro Yakub, kang kanthi cara julig kang digawé déning bojoné lan Yakub lumawan dhéwéké lan Esau kang andadekaké berkahé diwenehaké Yakub lan dudu esau, dadi jalaran nerusaké saka sarasilah kkang binerkahan marang gusti Yésus.

PANDONGA: Kula ngluhuraken Paduka lan memuji Paduka, gustining langit lan bumi, awit panjangkung Paduka, ingkang terus dhumateang para bapa tiyang ingkang pitados sinaosa tiyang-tiyang kalawau gadhah karingkihan. Katresnan Paduka terus ngawékani abad-abad. Kula pitados bilih Paduka sampun milih kula supados gesang ing salebetipun sang Kristus lan bilih Paduka kagungan sih rahmat dhumateng kula sinaosa kula kathah gagal wonten ing gesang. Maturnuwun atas kasaénan Paduka ingkang ageng.

PITAKONAN

  1. Kepiyé Ishak yén dibandhingna karo gusti Yésus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 20, 2022, at 04:27 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)