Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 054 (The Jews Neglect the Righteousness of God)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 2 - Bebeneré Gusti Allah Ora Bakal Owah Senajan Para Putrané Bapa Yakub, Wong-Wong Kang Pinilih, Mangkotaké Atiné (Rum 9:1-11:36)
4. Kratoné Gusti Allah amung ditampa lumantar iman, lan dudu lumantar upaya nuruti angger-angger Torét (Rum 9:30 - 10:21)

a) Wong-wong Yahudi nglirwakaké Kratoning Allah kang ditampa lumantar iman, lan makah tansah gumantung marang upayané netepi angger-angger Torét (Rum 9:30 - 10:3)


RUM 9:30 - 10:3
30 Kita arep muni apa saiki? Mengkéné: Bangsa-bangsa liya sing padha ora ngudi supaya katunggilaké karo Gusti Allah, saiki wis padha katunggilaké, merga padha precaya. 31 Nanging bangsa sing kapilih (bangsa Israèl), sing lantaran Torèt padha ngudi supaya katunggilaké karo Gusti Allah, malah gagal. 32 Yagéné? Sebab pangudiné mau ora landhesan precaya, nanging landhesan pangabekti manut carané dhéwé. Wong-wong mau padha kesandhung ing watu, 33 sing kasebut ing Kitab Suci mengkéné: "Delengen, Aku wis ndokokaké watu ing Sion, sing marakaké wong padha kesandhung, watu sing marakaké wong padha tiba. Nanging sapa sing precaya marang Panjenengané ora bakal kecuwan. 10:1 Para sedulurku, pamujiku kanthi tulusing atiku supaya wong-wong sebangsaku bisaa kapitulungan slamet. Aku tansah ndedonga marang Gusti Allah kanggo wong-wong mau. 2 Aku neksèni, yèn wong-wong kuwi padha ngabekti banget marang Gusti Allah. Nanging pangabektiné ora adhedhasar kawruh sing sejati. 3 Wong-wong mau padha ora ngerti patrapé Gusti Allah enggoné nunggilaké manungsa karo Panjenengané. Wong-wong mau padha nyoba golèk dalan dhéwé; mulané padha ora gelem milih dalam peparingé Gusti Allah, supaya manungsa katunggilaké karo Panjenengané.

Rasul Paulus mbudidaya kanthi alus malik pikajenging pasamuwan Rum supados saged mangertos bilih kayektenipun Allah saged dipun tampeni lan alami namung lumantar iman dumateng Sang Kristus. Dene kayekten ingkang dedasar pambudidaya lan tumindak bade mbekta tiyang-tiyang ingkang nganut agami punika dateng karisakan langgeng. Rasul Paulus ngakeni wonten ing tengahing sidang greja ingkang wiwitan, mliginipun ing tengahing tiyang-tiyang ingkang ngugemi keyakinan bilih kayekten dipun tampeni lumantar pambudidaya, bilih boten wonten tiyang ingkang nggatosaken lan nuruti sadaya prentahipun Allah, lan bilih boten wonten tiyang satunggal kemawon ingkang bade kaslametaken srana pambudidayanipun, nanging namung dening sih rahmatipun Allah wonten ing Sang Kristus (Pr. Ras. 15:6-11). Sinten ingkang nyepelekaken sih rahmatipun Sang Kristus dados kados dene tiyang ingkang lumampah ing salebeting pepeteng lan dumadagan kesandung sela ageng ing margi, dawah lan cilaka (Yes. 8:14; 28:16).

Nadyan Panjenenganipun sampun ngrukunaken tiyang Yahudi kaliyan Allah, tumrap tiyang kathah Sang Kristus sampun dados alesan kangge paukumanipun karana sampun nampik sih rahmatipun ingkang elok punika. Ewasamanten, sinten ingkang tepang dateng Sang Juruwilujeng lan pitados dumateng Panjenenenganipun, dipun slametaken.

Paulus ngakeni bilih kathah ing antawisipun tiyang-tiyang Yahudi ingkang temen-temen netepi angger-anggering Toret, lan nindakaken kanthi tumemen sadaya prentah ingkang wonten. Piyambakipun nresnani sanget tiyang-tiyang punika karana kasregepanipun, lan ngajeng-ajeng bilih tiyang-tiyang punika bade manggih wewengan ageng ing gesangipun lan nampi sih rahmat agung ingkang kapringaken. Pramila saking punika, Paulus ndedonga dumateng Allah lan nyuwun kanthi adreng supados kathah tiyang ing antawising bangsanipun ingkang bade kabekta dateng kawilujengan ingkang sampun kacawisaken.

Nanging Paulus ningali ing kathah panggenan ingkang dados pusering ekonomi kraton Rum bilih tiyang-tiyang Yahudi ngugemi sanget angger-angger lan pepakenipun. Tiyang-tiyang punika nganggep dirinipun minangka umat pilihan lan nyawang bangsa-bangsa sanes namung minangka larahan/ sampah. Tiyang-tiyang Yahudi boten tepang dateng kayekten enggal saking Allah wonten ing Sang Kristus, lan malah mbudidaya nggayuh kayektenipun piyambak lumantar siyam (pasa), pandonga, kurban, pisungsung lan lampah jiarah kangge netepi sadaya 613 pranatan, kangge nedahaken bukti anggenipun boten dosa, lan srana mekaten nampik kayekten sejatos saking Allah. Saiba nggegirisi pikiran lepat punika. Saiba awonipun kawontenan kasangsaran ingkang dipun dawahaken dateng dirinipun Piyambak.

PANDONGA: Ya Bapa Surgawi, kami menyembah Engkau karena kami sebagai orang-orang percaya adalah dari latar belakang orang-orang bukan Yahudi yang najis, tetapi dari kepenuhan kasih karunia-Mu kami sudah menerima berkat demi berkat, dan Engkau sudah menganugerahkan kepada kami kebenaran-Mu sebagai anugerah yang sangat besar. Karena itu, kami berpandonga agar Engkau memberikan berkat yang sama kepada para pengikut agama lain yang berpikir bahwa usaha pribadi mereka akan membuat mereka dibenarkan. Runtuhkanlah kesombongan mereka, dan tolonglah mereka untuk percaya kepada-Mu dan beriman sebagai anak-anak-Mu yang dikasihi.

PITAKON:

  1. Apa sebabé mayuta-yuta wong pracaya saka saindering jagad padha nampa bebeneré Gusti Allah lan dikuwataké ana ing bebener iku?
  2. Apa sebabé wong-wong kang padha taat ibadah ana ing agama iya padha ngupaya netepi angger-angger agamané kanggo nggayuh bebeneré Gusti Allah?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 09, 2021, at 09:54 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)