Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 042 (In Christ, Man is Delivered)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
D - Kwasanipun Gusti Allah Ngluwari Kita Saking Kwasaning Dosa (Rum 6:1 - 8:27)

6. Ing sajroné sang Kristus, manungsa kamardhikakaké saka dosa, pati lan paukuman (Rum 8:1-11)


RUM 8:3-8
3 Apa sing ora ditindakaké déning angger-angger merga sèkènging daging kita, kuwi saiki ditindakaké déning Gusti Allah piyambak. Panjenengané wis ngukum dosa sing ana badané manungsa srana ngutus Putrané piyambak, sing rawuh ngagem sipating manungsa dosa, kanggo nyirnakaké dosa. Gusti Allah enggoné nindakaké sing mengkono mau 4 supaya Angger-anggering Torèt bisa kita tetepi ana ing badan kita, sing uripé manut pangrèhé Sang Roh Suci lan ora manut pangrèhing daging. 5 Wong sing uripé manut pangrèhing daging, pikirané dierèh déning daging. Nanging wong sing uripé manut pangrèhé Rohé Gusti Allah, pikirané dierèh déning kersané Rohé Gusti Allah mau. 6 Yèn pikiranmu dierèh déning daging, kuwi kowé bakal mati. Nanging yèn dierèh déning Rohé Gusti Allah, kowé bakal urip klawan tentrem. 7 Wong sing pikirané dierèh déning daging, kuwi dadi satruné Gusti Allah, merga ora manut karo angger-anggeré Gusti Allah. 8 Satemené wong mau pancèn ora bisa urip manut angger-anggeré Gusti Allah, mangka Gusti Allah ora rena ing ngatasé wong sing uripé padha dierèh déning daging.

Sang Kristus ngukuhaken satunggaling prajanjian kang enggal, awit prajanjian kang lami boten saged ngawonaken hawa nepsu lan dosa ing lebeting daging. Panjalmaning Putranipun Allah dados wiwitaning prajanjian kang enggal, lan bakda tataran kapisan saking kamenanganipun Allah tumrap badaning manusa kang ringkih, awit Sang Kristus ngendhalenisariranipun pribadi klayan Roh Suci kang dedalem wonten ing sariranipun satemah boten wonten kang saged ndakwa Panjenenganipun. Pigesanganipun Sang Kristus kang suci dados paukuman, pangiket lan karucating dosa.

Sang Kristus tansah gesang wonten ing kasucen, awit Rohipun Sang Rama kaswargan ndamel dosa pejah ing sariranipun, dosa kang kawarisaken saking leluhuripun. Awit saking punika, Panjenenganipun boten nate lepat, lan ing sih katresnan lan kasaenanipun Panjenenganipun njangkepi tuntutanipun angger-anggering Toret. Puputing pigesanganipun inggih punika nalika Panjenenganipun nanggel dosa-dosa kita wonten ing sariranipun, lan ngemuli kita klayan kayektenipun Allah lumantar sedanipun. kita boten saged nggagapi pakaryan kaleresanipun Allah punika namung lumantar iman kang dedasar kawruh lan padatan kemawon, nanging iman punika kawujudaken wonten ing gesang kang nyata, karana kayektenipun Allah punika katresnan kang selaras kaliyan pepaken kang tinalesan kayekten. Sih katresnan kang ageng onk katumrahaken dhatenglebeting manahipun tiyang-tiyang pitados temah sami saged mungel, “Sang Kristus gesang ana ing urip kita. Panjenengane mimpin, nuntun lan mbereg kita manut ing pepakon.” Satunggaling tiyang Kristen boten saged tumindak manut pepenginaning daging kanthi hawa nepsu kang nistha, nanging manut dhumateng Roh Suci lan rancanganipun wonten ing pangucap sokur, kabingahan lan lan raos lega.

Pitakenan-pitakenan kang baku punika katujokaken dhateng panjenengan: Menapa panjenengan tiyang kang kaereh dening Roh Suci? Menapa Sang Kristus dedalem wonten ing gesang panjenengan? Menapa Juru Penebusing donya punika dados punjering gesang panjenengan? Menapa sedanipun Sang Kristus wonten kajeng salib sampun ngleresaken panjenengan temah panjenengan saged lumampah ing pigesangan kang enggal? Iman sanes pangira-ira, utawi lamunan kemawon. Iman punika kakiyataning rohani kang gesang, lan rawuhipun Allah wonten ing lebeting badan kang sampun kaleresaken.

Manusa rohani punika ketitik saking kawigatosanipun. Pyambakipun saestu ngajeni pangapunten lan katentreman. Menapa panjenengan dados kang mbekta katentreman? Menapa panjenengan mbudidaya mawartosaken karukunan kaliyan Allah ing antawisipun tiyang kathah temah kathah ingkang sami ngalami ewah-ewahan enggal, lan dados para putranipun Allah, lan kanthi mekaten pigesanganipun Allah saged dipun tepangi dening tiyang-tiyang kang asipat daging, lan sami saged mratobat lan miwiti gesang kang nggadhahi kawigatosan dhumateng bab karohanen?

Ewa samanten, sinten kang gesang tanpa Roh Allah bade tetep asipat daging, ringkih, nerak ing pikiran lan tumindak dhumateng Tritunggal Suci, lan nguja hawa nepsu lan pepenginaning kadonyanipun. Tiyang kang mekaten punika marisi pati, kamurkanipun Allah, lan paukuman kayekten ing wekasaning jaman. Manusa kang asipat daging boten kepengin manut dhateng pepakenipun Gusti, nanging mbalela dhateng Panjenenganipun kanthi pikajengipun kang bengis. Pyambakipun boten marengaken Allah lan boten nresnani Allah, kajawi sami mratobat lan pitados dhumateng Sang Kristus. Manusa sampun ketriwal menawi tanpa dedalemipun Roh Suci ing manahipun. Pyambakipun dhawah dhumateng karisakan langgeng. Kanthi tembung sanes, saben tiyang kang boten nggadhahi sih katrenan Roh sanes kagunganipun Sang Kristus, nanging dados budhakipun sang piawon.

Kosokwangsulipun, manusa rohani nggadhahi kesadaran diri. Pyambakipun nggatosaken tentrem rahayu saking Allah kang kaparingaken dhumateng Panjenenganipun, nresnani mengsah-mengsahipun, nyuwun kakiyatan lan pangereksa dumateng Allah saben dinten, lan ngajeng-ajeng kanthi anteping manah saged nyowanaken sadaya tiyang datneg Gusti Yesus, sumbering gesang lan kabingahan, supados sami boten tumpes, nanging nggadhahi gesang langgeng. Menapa panjenengan sampun kapenuhan Roh Allah, kabereg dening Panjenenganipun, lan nepangi sih katresnanipun tanpa kasombongan?

PANDONGA: Dhuh Gusti Yesus, Allah kang Maha-asih, pikiran kawula boten kuwawi, lan kawula boten saged mangertosi Roh lan sih katresnan Paduka kanthi kekiyatan kawula piyambak. Wonten ing sih kanugrahan Paduka ingkang ageng, Paduka sampun ngebaki kawula nganggé kesabaran lan sedaya sipat Paduka saéngga kawula saged nindakaken karsa Paduka kanthi sukarena lan seneng. Openana kawula wonten ing karahayon Paduka supados kawula saged ndérék Paduka wonten ing kwasa Paduka. Paringana dhumateng kawula kawicaksanan lan karsa ingkang kiyat saéngga kawula saged ngajak tiyang-tiyang kang taksih kabilut margining kadunyan supados sami sumarak ing ngarsa Paduka, saéngga saged sami kaslametan, dipun owahaken lan dipun sucékaken.

PITAKON:

  1. Menapa ingkang dados kawigatosanipun tiyang-tiyang rohani? Menapa warisan saking tiyang-tiyang kang kabilut cara kadunyan?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 08, 2021, at 02:20 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)