Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 035 (The Believer Considers Himself Dead to Sin)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
D - Kwasanipun Gusti Allah Ngluwari Kita Saking Kwasaning Dosa (Rum 6:1 - 8:27)

1. Tiyang-tiyang pitados nganggep dhirinipun sampun pejah tumrap dosa (Rum 6:1-14)


RUM 6:12-14
12 Si dosa ora kena ngerèh awakmu menèh, temah kowé nguja hawa-nepsu lan nindakaké piala. 13 Aja padha masrahaké péranganing awakmu siji waé marang pangwasané dosa, kanggo nindakaké piala. Nanging badanmu pasrahna marang Gusti Allah, kaya déné wong-wong sing wis dientas saka ing pati marang urip. Badanmu sakojur padha pasrahna marang Gusti Allah, supaya diagem srana nindakaké prekara-prekara sing becik. 14 Aja nganti si dosa ngwasani kowé, sebab uripmu wis ora kawengku déning Torèt menèh, nanging kawengku ing sih-rahmaté Gusti Allah.

Sinten ingkang sampun kauwalaken saking pangwasaning dosa lan kateguhaken ing patunggilan kaliyan Sang Kristus, bade nyengiti dosa, rumaos jijik dhumateng dosa, lan boten purun malih nglampahi dosa. Hawa nepsu punika kiyat, nanging sih katresnanipun Sang Kristus langkung kiyat malih. Sinten ingkang ngadeg jejeg tumrap Injil lan sregep ndedonga, manggihaken lan pikantuk pangwasa kangge ngempet pepenginaning jiwa lan raga. Tiyang mekaten punika boten ngladosi dirinipun pyambak utawi nuruti wewaton ingkang awon, nanging lila ngendhaleni dhiri saking sadaya tumindak awon. Pyambakipun boten mirengaken timbalaning panggoda, karana pyambakipun tansah tetunggilan kaliyan Gusti Yesus ingkang sampun mimpang, ingkang pangwasanipun langkung kiyat sadaya kareping daging ing bada panjenengan. Roh Suci ngukuhaken pangertosan ing diri panjenengan langkung kiyat tinimbang sadaya wewatoning donya.

Katebihna diri panjenengan saking tumindak, buku, rancangan lan pasrawungan ingkang awon. Sampun ngèndelaken sadaya punika misahaken panjenengan saking patunggilan kaliyan Sang Kristus. Sampun pitados dhumateng pangwasaning dosa, nanging pitadosa dhumateng Sang Kristus lan pangwasa karahayonipun.

Panjenengan sampun dados kagunganipun Allah. Panjenengan ambegan saking Rohipun Allah lan sampun ngalami kayekten langgeng. Dados, kados pundi panjenengan taksih menggalih bade pados margi pyambak tanpa Allah? Kabektaa gesang panjenengan dumateng Allah, kados prajurit ingkang bade ngadhepi prang suci, lajeng masrahaken wekdal, kakiyatan lan bandha panjenengan. Pangurbanan panjenengan sanes satunggaling kuwajiban, nanging hak istimewa, panuwun sokur lan kabingahan panjenengan. Katuran nyuwun pirsa dumateng Gusti, dhumateng pundi Panjenenganipun nimbali panjenengan kangge lelados, karana panenan saestu kathah, nanging ingkang manen sekedhik. Pramila, katuran ndedonga dhumateng Gusti ingkang kagungan panenan murih Panjenenganipun ngutus kathah tiyang makarya ing kebonipun. Nanging, sampun ngladosi Gusti kanthi kesesa, manut kemawon dhumateng tuntunanipun. Lumantar panjenengan Gusti arsa nangekaken tiyang-tiyang ingkang rumiyin sampun pejah wonten ing dosatemah sami saged gesang wonten ing gesang langgeng saking Gusti. Dados, kasaosna badan lan bandha panjenengan minangka praboting kayektenipun Allah.

Sampun kesupen ngucap sokur, karana rumiyin panjenengan pejah karana dosa, nanging samangke sampun gesang wonten ing Sang Kristus. Kasaosna pisungsung dumateng Allah supados Panjenenganipun saged ngagem sadayanipun minangka piranti kagem kawilujenganipun tiyang kathah. Ingkang maha suci ndamel panjenengan nyekapi sarat kagem Sang Kristus, lan ngutus panjenengan kagem mulyakaken pangwaos kayektenipun wonten ing karingkihan panjenengan. Sampun mangu-mangu! Rasul Paulus nyebat dirinipun minangka abdinipun Sang Kristus. Dados, kapan panjenengan estu-estu nderek Pnjenenganipun, ngaturaken pigesangan panjenengan kagem paladosan dhumateng Allah saben wekdal?

Sadaya tiyang ingkang lelados, kados Paulus, mapan wonten ing patunggilan sih katresnanipun Allah, ngalami pangwasanipun Roh Suci saben dinten, lan mangertos bilih ewah-ewahan wiwit kelampahan wonten ing pigesanganipun. Dosa sampun boten lenggah bingah ing lebeting manah panjenengan, nanging Sang Kristus pribadi ingkang kagungan manah panjenengan, lan dedalem wonten ing gesang panjenengan, temah mangsa ingkang enggal kawiwitan wonten ing pigesangan kita. Pambangun turut kita dhumateng prentahipun Allah sanes kuwajiban ingkang mokal dipun tetepi, nanging kanthi tumemen kita kepengin nindakaken kanthi sukarena, srana pangatag saking Roh Suci. Sadaya tiyang Kristen kaparingan sih rahmat kalayan pangwaos kanugrahan. Pati lan kanisthan boten ngereh malih wonten ing pigesanganipun. Ingkang ngereh pikiran lan manah kita namung Sang Kristus wonten ing kanugrahanipun ingkang agung.

PANDONGA: Dhuh Gusti Yesus Kristus, kawula amemuji Paduka saben enjing lan sonten, amargi Paduka sampun ngratekaken sesambungan klayan kawula lan ndadosaken kawula rencang sakpandamelan kanggé gesang langgeng. Paduka mugi kersa ngwasani manah lan pikiran kawula. Mugi Gusti kersa mucal kawula supados tumindak kawula wicaksana saéngga kawula saged amemuji asma Paduka lan Rama ing Swarga kanthi gumolonging pikiran, kakiyatan, arta, lan kawula saged kapétang sesarengan klayan sedaya tiyang ingkang pitados lan ngladosi dados abdi sih katresnan Paduka.

PITAKON:

  1. Kados pundi kita saged ndadosaken gesang dalah badan kita minangka alat sing diagem dénéng Gusti Allah?

Pramila kawula ngudi sasaged-saged kawula, supados manah kawula salaminipun resik wonten
ing ngarsanipun Gusti Allah tuwin ing ngajengipun manungsa.

(Kisah Para Rasul 24:16)

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 08, 2021, at 12:26 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)