Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 119 (Jesus appears to the disciples)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 4 - TERANG NGALAHAKE PEPETENG (Yokanan 18:1 - 21:25)
B - PATANGEN LAN SANG KRISTUSD ANGGONE NGATONAKE SARIRANE (Yokanan 20:1 - 21:25)

2. Gusti Yesus ngatonake sarirane marang para murid ing kamar nduwur (Yokanan 20:19-23)


YOKANAN 20:19
19 Bareng ing wayah bengi ing dina kapisan minggu iku para sakabate gusti Yesus padha nglumpuk ana ing sawijining papan, lawange padha kakancing awit saka wedine marang wong Yahudi. Ing nalika iku gusti Yesus rawuh jumeneng ana ing tentah-tengahe para sakabat sarta ngandika: Tentrem-rahayu anaa ingkwe kabaeh!”

Ing sajrone omah kang dikunci, para murid lagi lungguhan, ngrembuk gegayutan lelakon kang banget medeni kang wis dumadi ing dina Minggu iku. Para murid ngreti saka Petrus lan Yokanan yan kubure gusti Yesus wis kothong. Wong-wong wadon kang lunga menyang mrana uga nambahi crita iku karo apa kang dikandhakake dening para malaikat, yen Panjenengane wis wungu. Maryam Magdalena luwih jero maneh anggone nyethakake yen dheweke wis ketemu karo Panjenengane. Pawarta iki banget ngagetake kanggo para pandherek Gusti Yesus, yen Panjenengane kang seda iku wis gesang, nanging durung ngrawuhi para murid, kumpulan kang setya. Nanging para murid wis kendo semangate, nalika gusti dicekel; Petrus wis nyelaki Panjenengane, lan ora ana wong siji wae kang ngampingi Gusti nalika Panjenengane diadili, lan uga ora ana wong siji wae kang ana ing cerake Kayu Salib, kajaba Yokanan lan para wong wadon iku, utawa kang ngudhunake Panjenengane saka Kayu salib lan menehi lengo campu Garu Panjenengane. *Para murid banget dening wedi marang wong-wong Yahudi, lan duwe pikiran yen panganiaya bakal dumadi sakwise riyaya Paskah rampung.Awit alesan iki, wong-wong ngunci kabeh lawang, lan kumpul pada kuat inguwatan ing sakjrone omah.

Para murid rumangsa yen laporan saka para wong wadon iku mung ngimpi kang kothong lan pada kandha, “Aku kabeh ndherek gusti Yesus, lan duwe pengarep-arep supaya Panjenengane menang, lan ndadekake kita pejabat-pejabat Panjenengane. Nanging saiki kita gagal; lan wong-wong Yahudi ngoyak kita lan nyirnakake kita”.

Ing tengah-tengah rasa nglokro mengkono, lan sinadyana imane cilik, uga kaya ngapa rasa panalangsane atine para murid, gusti Yesus jumeneng ing tengah-tengah para murid. Panjenengane ora rawuh awit gedhene pengarep-arep para murid, katresnane utawa anggone ajur atine, nanging Panjenengane maringi sih kawelasan marang wong-wong kang nyimpang lan nuduhake sih rahmat marang wong-wong kang ora duwe iman.

Rawuhe gusti Yesus kang dadakan ing tengah-tengah para murid iku sawijining mukjizat. Panjenengane kang seda iku mratelakake sarirane gesang, kang katampik dadi kang merdika. Ora ana kubur utawa watu gedhe utawa gapura wesi kang bisa malangi anggone Panjenengane rawuh ing tengah-tengah wong-wong kang wis kapilih dening Panjenengane. Panjenengane ana ing kana ing antarane para murid secara kajasmanen kaya manungsa kang liyane, katon, bisa dirungokake lan bisa didemek. Nalika iku uga, Panjenengane uga roh, kang bisa nembus nglewati tembok lan lawang. Hakikat Panjenenganae kang lagi nuduhake marang kita bab apa kang dumadi karo kita, manawa kita dumunung ana ing sajrone Panjenengane. Patangen badan Panjenengane iku pengarep-arep kita.

Kaya apa bungahe! Panjenengane kang wis wungu saka pati ora ndukani para murid-murid Panjenengane awit karingkihane, nanging nampani para murid kanthi maringake salam paskah, lan ngandika ing tembung kawitan marang kumpulan iku sakwise anggone wungu saka seda, “Tentrem rahayu ana ing kowe”. Salam iki nuduhake yen kanthi Salib iku, Panjenengane wis ngrukunake antarane jagat karo Gusti Allah. Tentren rahayu wiwit sumebar saka suwarga menyang Jagat, lan sawijining jaman kang anyar lagi kawiwitan, kang ditawakake dening Sang Kristus marang kita becik kita nampani utawa nampik Panjenengane. Manungsa tanggung jawab atas keselametane. Kabeh wong kang mratobat lan pracaya marang Gusti Yesus melu nampani ing sajrone berkah iki. Lan wong kang nyawiji marang Sang Ratu katentreman iki dibenerake lumantar pangorbanan Panjenengane kang bener-bener ora ana bandhingane, dikaya kang ditulis dening Rasul Paulus: “Awit kita dibenerake krana iman, kita duwe tentrem rahayu karo Gusti Allah lumantar gusti kita Yesus Kristus”.

PANDONGA: Gusti Yesus Kristus, ingkang wungu saking seda, Raja katentreman, kawula sujud dhumateng Paduka, kanthi kabingahan lan atur panuwun, awit Paduka mboten rawuh dhumateng kawula ing salebetipun dipun adhili utawi pengadilan, nanging paduka rawuh kangge ngesokake sih rahmat Paduka lan milujengake kawula saking raos nglokro lan anggen kawula mboten pitados, supados maringi kawula tentrem rahayu lan kangge neguhaken kawula ing salebetipun karukunan kaliyan Gusti Allah. Kawilujengan ingkang saking Paduka sanes hasil saking pambudidaya kawula piyambak,nanging satunggal peparing awit sih rahmat. Paduka wucalaken rencang-rencang lan para satru kawula supados paham karsa paduka, ingkang kebak sih rahmat; supados tiyang-tiyagn menika saget nampeni Paduka, supados tiyang-tiyang meniak mboten tetap wonten ign salebetipun sesatron kaliyan Gusti Allah ingkang Suci.

PITAKONAN:

  1. Apa maknane ukara kawitan kang dingandikaaken dening Gusti Yesus marang para murid Panjenengane sakwise Panjenengane tangi saka seda?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:56 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.2.109)