Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 228 (The Lord Judges the Lazy Servant)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
C - KUTBAHĚ SANG KRISTUS ANA ING GUNUNG ZAITUN (Matéus 24:1-25:46) -- KUMPULAN KEAPING ENEM SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS
13. Pasemon Ngenani Talénta (Matéus 25:14-30)

c) Gusti Paring Paukuman Marang Abdi Kang Kesét (Matéus 25:24-30)


MATÉUS 25:24-30
24 Sabab kristus-kristus palsu lan nabi-nabi palsu bakal muncul sarta padha nganakaké tandha-tandha kang nggegirisi lan mukjijat-jukjujat; saupama bisaa mangkono, iku padha arep nasaraké para wong pilihan uga. 25 eling-elingen, Aku wis ngandhani kowé bab iku mau sadurungé kalakon. 26 Mulané yén ana wong kandha marang kowé: Panjenengané ana ing ara-ara samun, kowé aja mrana. Utawa: Panjenengané ana ing kamar, aja ngandel. 27 Sabab kayadené cumlereting kilat saka ing wétan sumunar tumeka ing kulon, iya mangkono iku besuk bakal rwauhé Putraning Manungsa. 28 Ing ngendi ana bathang, ing kono panggonané manuk garudha padha gegrombolan.” 29”Sakwisé sangsara ing mangsa iku kalakon, padha sanalika srengengé bakal dadi peteng, rembulan ora sumunar lan lintang-lintang padha tiba saka ing langit sarta pikukuhing langit bakal padha gonjang-ganjing. 30 Ing nalika iku bakal katon tandhané Putraning Manungsa ana ing langit lan sakabéhing bangsa ing salumahing bumi bakal padha ngadhuh-adhuh, banjur padha ndeleng Putraning Manungsa rawuh nitih meganing langit, kalawan ngasta panguwasa lan kamulyan gedhé.
(Amsal 11:24-25, Matéus 13:12).

Abdi kang jahat, ing sajroné pasemon Gusti Yésus, ora mbangun turut, mbalela, lan ora pracaya marang bendarané. Abdi kang ala mau ngarani bendarané manungsa kang ora adil kang ngeneni saka papan kang ora nandur. Abdi iki ngapusi nalika dhéwéké kandha yén dhéwéké wedi marang bendarané lan gemeter awit wedi karo kanepson bendarané. Manawa abdi maju bener-bener wedi marang bendarané mula abdi mau mesti bakal nyambut gawé lan ndedonga golék kawicaksanan lan tuntunan saka bendarané sak apik-apiké supaya bisa ndadekaké lipet-lipet taléntané. Nanging abdi mau uripe duwé patrap ora maélu lan ngréméhaken bendarané kang lagi nekani lan nimbali dhéwéké kanggo atur jawaban apa kang ditindakake. Abdi mau ndhudhuk lemah, nyingidaké taléntané supaya ora dicolong. Dhuwit iku kaya rabuk, kang ora ana gunané manawa ditumpuk ngono waé. Dhuwit mau kudu disebar. Nanging abdi kang ala mung mbudidaya supaya nglumpukaké lan mbudidaya raja kayané aman nanging kasugihan kang disimpen ora bakal dadekaké kauntungan kanggo sapa waé.

Mengkono uga babakan kang ana sambung rapete karo ganjaran kasukman. Akéh wong duwé ganjaran kasukman akéh, nanging wong-wong mau ora nggunakaké dikaya mestine; wong-wong kang duwé bandha donya ora nggunakaké kunjuk gusti; lan wong-wong mau duwé daya pengaruh ora gelem nggunakaké daya pengaruhé kanggo nggunakaké iman lan katresnan ing papané dhéwéké manggon. Para abdi duwé ganjaran kasukman lan talénta nanging ora nggunakaké ganjaran iku yaiku para abdi kang keset kang mbudidaya nggayuh tujuané dhéwé luwih saka tujuwan Sang Kristus.

Manungsa iku abdi Allah, manawa ora mula dhéwéké abdi pepinginané awaké dhéwé. Para peladen Gusti kudu mbudidaya ora kanggo kauntungan pribadi, nanging ngorbanaké awaké kanggo nindakaké karsané Sang Rama kasuwargan, lan ngluhuraké asma Panjenengané kang suci. Nanging para peladen kang ora mbangun turut, mung nyambut gawé lan urip kanggo awaké dhéwé, ora gelem ménéhi kawigaten marang Gusti Allah lan ora gelem ndedonga. Iki ngringkihaké dhéwéké lan ngringkihaké ati nuraniné dhéwé. Para peladen iku kaya para abdi kang nyingidaké taléntané saka Gusti Allah, ngubur talénta mau, lan meh nglalekake. Urip tanpa Sang Kristus, para peladen sebanjuré kelangan iman, katresnan lan pengarep-arep, tambah jero kasilep ing sajroné dosa, lan dadi bocah-bodah duraka.

Sing sapa terus meneng waé babakan berkah anggoné lahir kanthi cara kasukman bakal ngringkihané imané dhéwé. Sing sapa ora nresnani Gusti Yésus, lan ora leladi Panjenengané ora ngorbanaké awaké kanggo Panjenengané bakal kelangan nyawané. Gusti Yésus maringi ketegasan marang watonan-watonan tuwuhing kasukman kang lelawanan karo babagan mlorote kasukman, karo ngelingaké supaya kita aja nganti dadi manget-manget.

Gusti mundhut saka abdi kang keset iku siji-sijiné talénta kang dadi duwéké, lan menehaké marang kang wis duwé akéh. Luwih manéh, Sang Kristus ora mung mundhut talénta iku saka abdi kang keset, nanging nundhung abdi mau saka ngarsa Panjenengané lan masrahaké marang para satruné. Kita bisa uga tangkon ing kené apa mangkené iki adil? Gusti Allah iku wicaksana. Panjenengané pirsa sadurungé sapa kang setya ing sajroné leladi Panjenengané lan maringi akéh talénta marang wong kang bakal nindakaké laladi kanthi setya. Panjenengané maringi sethitik marang kang ora mbangun turut. Gusti ora nampik kang ala, nanging ménéhi marang dhéwéké wewengan kanggo setya babagan kang cilik. Sing sapa ngréméhaké Gusti Allah lan urip kanggo awaké dhéwé kudu ngerti yén kesabaran gusti mengko bakal enték, lan sebanjuré ganjaran kasukman iku bakal mati kaya uripe geni kang ora digatekake. Sang Kristus nyethakaké neraka ing sajroné pasemon iki kebak rasa wedi lan gemeter, nalika para wong kang melu Iblis nyerang wong-wong mau kang ora mbangun turut marang Gusti Allah.

Wong-wong asring wedi lumaku ing sajroné pepeteng, mliginé manawa ora ana diyan. Nanging manawa panjenengan ora leladi Gusti Allah kanthi setya, nggunakaké talénta panjenengan kanggo kaluhuran Rama kasuwargan, panjenengan bakal nglakoni ing juranging pati dhéwékan. Kaya ngapa nggegirisi tiba ing sajroné panguwasa sétan-sétan tanpa Sang Juru selamet.

Gusti Allah iku pepadhang, kabungahan lan katresnan. Iblis iku pepeteng, nggawa kasusahan, lan apus-apus. Praupané kang sebeneré kebak kaculikan, lan penyawangé nggawa rasa wedi, panguwuh, lan keroting untu. Para abdi kang setya bakal nampeni badan kang éndah kanggo disawang nalika pungkasané wong-wong mau mlebu ing sajroné kabungahan langgeng bebarengan karo gustiné. Wong-wong mau asuka rena ing ngarsa Panjenengané lan manunggal ing sajroné keparengé Rama kasuwargané. Suwarga iku papan kabungahan lan binerkahan. Dikaya kang dikandhakaké Nehemia, Sang Nabi, “aja padha prihatin, awitdené kabungahan peparingé Sang Yehuwah iku kang dadi pangayomanmu” (Nehemia 8:11).

PANDONGA: Rama Kasuwargan, kula ngluhuraké Paduka awit Paduka mboten nampik kula, nanging ngapunten anggen kula mboten setya lan anggen kula telat ngakeni dhumateng Paduka, lan maringi kula kekajengan kanggo leladi Paduka. Paduka tulungi kawula supados mboten namun ngurusi griya lan badan kula piyambak kados dené menapa ingkang kedah kula utamekaké, nanging kanggé ngrimat menda-menda Paduka kanthi tegen, nuntun menda-menda menika, lan nggatosaken menda-menda menika siyang dalah dalu. Paduka apunten karingkihan ing salebetipun peladosan, lan paringi kawula kawicaksanan lan panguwaos kanggé wanuh Paduka lan atindak kanthi leres kanggo rawuhipun Kraton Paduka lan kintenipun asma Paduka dipun luhuraken ing salebetipun kawula.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé Gusti mundhut talénta saka abdi kan ala iku lan maringaké marang abdi kang kasil?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 07:41 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)