Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 076 (Prayer of Faith)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS
4. Kesimpulan Angger-Anggering Kraton Suwarga (Matéus 7:7-27)

a) Pandonga Kanthi Iman Marang Gusti Allah Sang Rama (Matéus 7:7-11)


MATÉUS 7:7-11
7 “Padha nyenyuwuna, temah bakal kaparingan. Padha golék-goléka, temah bakal oleh. Padha thothok-thothoka, temah bakal kawenganan. 8 Sabab saben wong kang nyuwun, bakal tampa, sing golék bakal oleh lan sing thothok-thothok iku bakal kawenganan lawang. 9 Apa ana panunggalanmu kang dijaluki roti anaké, kok ménéhi watu, 10 utawa yén dijaluki iwak, kok ménéhi ula? 11 Dadiné yén kowé kang ala padha mangreti ing bab paweweh kang becik marang anak-anakmu, saya manéh jRamamu kang ana ing swarga, mesthi pepareing kang becik marang wong sing padha nyenyuwun marang Panjenengané.”
(Yermia 29:13-14; Markus 11:24; Yokanan 14:13; Yakobus 1:17)

Apa panjenengan nandhang sangsara awit prekara kapenet ing kahanan, tanpa nemokaké dalan kanggo uwal? Sowana marang Gusti lan caritaké marang Panjenengané. Panjenengané siji-sijiné kang bisa ngrampungaké prekara jiwa, badan lan roh panjenengan. Panjenengané ngutus Sang Kristus kang Mahakuwasa menyang jagat kanthi panguwasané kang wutuh supaya nyucékaké kabéh dosa panjenengan kang banget nggegirisi lan ngesokaké Roh katresnan Panjenengané marang panjenengan supaya nuntun panjenengan marang kacukupan, kawicaksanan lan kejujuran. Aja kuwatir babagan badan panjenengan ing wayah awan lan bengi, nanging pirengna Sabdané Allah lan pracaya marang prasetya Panjenengané kang setya. Aja dadi bingung. Aja wedi. Sowana marang Sang Rama kasuwargan panjenengan lan pracaya marang Panjenengané kanthi ati kang tinarbuka, awit dosa-dosa panjenengan asring dadi jalaran donga panjenengan ora dijawab. Nyuwuna pangapura lan tampanana pangapura saka Panjenengané. Panjenengané ngenténi panjenengan bali marang Panjenengané. Kapan panjenengan bakal sowan marang Panjenengane? Rama Kasuwargan panjenengan bakal paring pitulungan panjenengan gegayutan karo prekara pribadi panjenengan. Luwih manéh, Panjenengané bakal kepareng paring jawaban marang donga panjenengan manwa panjenengan uga ndedonga kanggo wong-wong liya, awit Gusti Allah iku katresnan lan Panjenengané kagungan karsa ngalimputi katresnan Panjenengané. Sepira akéhé tuntutan kang panjenengan suwun kanggo badan panjenengan dhéwé, lan sepira akéhé donga panjenengan kanggo wong-wong liya? Jawaban saka pitakonan iki bisa uga yaiku alesan telate jawaban kanggo donga panjenengan.

Nanging, Sang Roh Suci nuntun panjenengan marang karsané Gusti Allah kang nylametaké lan nuntun panjenengan ing sajroné jeroné ati Sang Rama Panjenengané. Panjenengané ora mung mitulungi panjenengan mung sakeplasan waé, lan ora banjur paring panjenengan dhuwit utawa urip kang kasil, nanging agawé panjennegan ngadeg teguh ing sajroné Sang Kristus kang ngedap-edapi iku. Sang Juru selamet iki ora mung maringi marang panjenengan jaminan babagan keselametan, nanging Panjenengané piyambak nresnani panjenengan.

Apa panjenengan nggatekaké wadi saka Sekolah donga Sang Roh Suci? Kabéh manungsa iku sejatiné ala lan cemer , sang Kristus nimbali kita ing sajroné kasaénan Panjenengané “ala”. Nanging Gusti Allah nresnani kita minangka jejeré Rama kang kebak Rahmat senajana kita ilang. Panjenengané kepéngin ngrubah kita karo Sang Roh Suci kanthi mangkono kita bisa urip bebarengan karo Panjenengané salawase. Kepiyé kita bisa sowan marang Panjenengané kanthi mung golék kasenengan jagat waé? Ya iki sebabé Sang Kristus nimbali panjenengan supaya mlebu ing sajroné Injil Panjenengané kanthi mengkono panjenengan bisa nggoléki kraton lan kayektén Allah luwih dhisik lan nderek martakaké, nindaké kabéh prekara supaya neguhaké prekara iku ing sakiwa tengan panjenengan, sebanjuré Rama Kasuwargan bakal nambahaké apa kang panjenengan butuhake. Gusti Allah asring rasa suwé ing sajroné paring jawaban wong-wong kang nguwuh marang Panjenengané awit Panjenengané ndadar ati wong-wong mau apa wong-wong mau nresnani Panjenengané minangka Pribadi utawa mung nyuwun peparing Panjenengané. Gusti Allah ngenténi keyakinan panjenengan kang kebak ing sajroné donga-donga panjenegan. Panjenengané kepéngin mbuka jendela Suwarga lan ngesokaké marang panjenengan lan mitra panjenengan berkat Panjenengané sih rahmat demi sih rahmat. Tegena ing sajroné donga lan pracaya marang karawuhané Gusti Allah ing sanding panjenengan, awit Panjenengané cemawis nganthi panjenengan lan nggunakaké urip panjenengan kanggo kaluhuran Panjenengané. Apa panjenengan nampa Panjenengané ngaturaké marang Panjenengané lan nampa Panjenengan minangka punjering kanggo mangsa tembe panjenengan?

Sang Kristus wis mulangaké marang kita supaya maju sejangkah mbaka sejangkah ing sajroné donga kita lan nyuwun lewih akéh manéh ing sajroné panyuwun kita apik pribadi uga ing sajroné kelompok. Sowana lan ketemu kanggo donga bebarengan kanthi mengkono Sang Rama kasuwargan panjenengan bakal amberkahi panjenengané. Panjenengané ngenténi panuwuh lan uga panyuwun saka putra-putra Panjenengané. Nyuwuna marang Panjenengané luwih dhisik kang kanthi anggon panjenengan ngajeni lan katresnan babagan dalan uwal kang apik dhéwé kanggo prekara panjenengané. Golékana panguwasané Gusti Allah kanggo keselametan wong-wong liya. Thok-thoka kori Panjenengané kanthi tegen lumantar donga panjenengané nyuwun pangapura Panjenengané lan nyuwun kaanyaraké kanggo wong-wong kang luwih babagan kayektén ing sakiwa tangan panjenengané awit tanpa katresnan marang wong-wong kang kesasar, mula donga panjenengan bakal tetap dadi ringkih.

Kaya ngapa éndahé pangeling-eling kang diparingaké Sang Kristus babagan Sang Rama kasuwargan, kang maringi pitulungan marang para putra Panjenengané lan urip kang apik senajana wong-wong duwé patrap mentingaké awaké dhéwé ing sajroné mangsa bocah wong-wong mau. Panjenengané ora bakal mulang wong-wong mau ing sajroné bebendu manawa wong-wong mau nindakaké kaluputan, nanging bakal nggulawenthah awit Panjenengané nresnani wong-wong mau. Dadi, Gusti Allah mung maringi peparing kang apik. Panjenengané ora nampik panjenengan, awit ménéhi mangan lan ndandani, jiwa lan roh, kanthi mengkono putra-putrané bisa nggayuh kadiwasan kasukman.

Kumandela marang pajangkungé Sang Rama kasuwargan lan ngaturaken panuwun marang Panjenengané atas kabecikan kang ambanyu mili marang panjenengan lan gereja panjenengané. Aja nglokro ing pandonga. Kumandela marang apa kang panjenengan dongakaké ing sajroné asma Sang Kristus, lan bakal ngrasakaké kaélokan Panjenengané lumantar manunggale Sang Roh Suci lan kawicaksanan ilahi ing sajroné martakaké pangandikan marang wong-wong kang ilang.

Prasetya wis diyasa. Rama Kasuwargan panjenengan bakal nemoni wong-wong mau sowan marang Panjenengané. Nyuwuna lan iku bakal diparingaké marang panjenengane; dudu disilih karo panjenengan, dudu diedol marang panjenengan, nanging diparingaké marang panjenengan. Lan apa waé kang panjenengan dongakaké, selaras kanthi prasetya iku, apa waé kang panjenengan suwun nyuwun ing sajroné Roh Gusti Yésus, bakal diparingaké marang panjenengané. Nyuwuna lan duwékana. Panjenengan ora duwé, awit panjenengan ora nyuwun. Utawa apa panjenengan ora nyuwun kanthi bener? Apa kang ora pantes kanggo disuwun, ora pantes supaya dadi duwéké, lan sebanjuré pancen ora ana ajiné babar pisan.

Bocah pancen pantes njaluk pangan, kang pancen dibutuhaké, lan iwak, kang pancen kang dadi lawuhe. Nanging manawa bocah iku kanthi patrap bodo njaluk watu, utawa ula, utawa woh kang durung mateng arep dipangan, utawa lading kang landhep kanggo dolanan, Bapaké mesti bakal wicaksana ora marengake. Kita asring nyuwun marang Gusti Allah bab-bab kang natoni kita manwa kita nampa kang kita suwun. Panjenengané pirsa prekawa iki, lan awit saka iku ora maringaké apa kang kita suwun. Anggoné Panjenengané nampik ing sajroné katresnan luwih becik tinimbang karo maringi ing sajroné kanepson. Kita bakal cilaka dhéwé manawa kita nampané kabéh kang kita pengini.

Dadaren kekarepan panjenengan di sajroné pandonga panjenengan lan bandingna karo Injil uga ndedongaa alandhesan apa kang wis kita sinau saka Sang Kritsus ing sajroné Pandonga kang diwulangaké Gusti, awit panyuwun iku pantes dijawab.

PANDONGA: Dhuh Rama ingkang kebak sih rahmat, kawula asukarena, awit Paduka mboten nyupekaké raos kawatos ageng lan alit kawula, nanging Paduka tansah paring jawaban dhumateng kawula. Paduka apunten kawula saben donga ingkang mentingaken badan piyambak lan kalimputana kawula kanthi Sang Roh Suci kanthi makaten kawula saget nresnani Paduka lan ndedonga dhumateng Paduka babagan kewilujengan sanak keluarga kawula lan tiyang-tiyang sanés. Kawula mboten badhé mandheg ndedonga saderengipun Paduka nyelametaken sedhérék-sedhérék kula kalawau. Gulawenthah kawula supaya nyuwun dhumateng Paduka, madosi Paduka, lan nothok kori suwarga kanthi makaten Paduka ngintun pitulungan-Paduka, kanthi makaten asma ingkang suci badhé kaluhuraken.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé Gusti Yésus dhawuh marang kita supaya kita tansah ndedonga kanthi tegen?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 02:11 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)