Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba
Previous Lesson -- Next Lesson RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
A - Saindering Jagad Wonten Ing Pengaruhipun Si Jahat, Gusti Allah Bakal Ngadili Sedaya Kanthi Bebener (Rum 1:18 - 3:20)
3. Kabéh manungsa wis rusak lan ora ana sing bener (Rum 3:9-20)RUM 3:9-10 Paulus ngringkes sadaya piwelehipun dateng tiyang-tiyang Yahudi lan tiyang-tiyang sanes Yahudi ing ndalem asmanipun Allah, lan mbuktekaken bilih boten wonten ing antawisipun tiyang-tiyang menika ingkang langkung sae kabanding kaliyan sanesipun. Sadaya manusa sampun dosa, lan dosa-dosanipun cetha sanget. Manusa nilaraken margining kayekten sakingAllah, lan dados abdining dosa, sarta kabanda dening hawa nepsu lan seslinthutanipun. Paulus nglebetaken dirinipun dateng piweleh menika, kanthi ngakeno bilih piyambakipun ugi tiyang dosa. Menapa panjenengan nate ningali prekawis ingkang njijiki lan ndamel panjenengan rumaos gila? Dosa panjenengan menika njijiki temah ndamel roh lan jiwa panjenengan rumaos muneg-muneg. Cobi panjenengan galih bilih panjenengan ugi kalebet ing piwelehipun Paulus menika, panjenengan badhe mangertos bilih sejatosipun inggih panjenengan menika ingkang dipun pikajengaken nalika Paulus paring sadaya katrangan kalawau. RUM 3:11-12 Kita sadaya menika najis ing ngarsaning kamulyanipun Allah ingkang sumunar padang. Boten wonten ingkang leres kajawi Sang Kristus. Pikiran kita kalimputan pedhut kandel., lan kita boten saged ningali Gusti Allah ingkang dados tetales kita ingkang agung, kados ingkang sayektosipun. Kita boten saged mangertos saiba awonipun dosa kita. mendah neya manawi manusa purun ngupadi kamulyanipun Allah supados manusa saged dados wicaksana. Nanging saben tiyang milih marginipun piyambak, ngugemi dateng kaurmatanipun piyambak, kabanda dening hawa nepsunipun, lan ngupadi gampilipun kemawon. Sadaya manusa kecalan marginipun Gusti, lan boten satunggal kemawon ingkang lumampah ing margi ingkang leres. Panjenengan boten nggadhahi kasaenan ing patraping gesang panjenengan. Samudayanipun kwalik, dados boten piguna lan nasar. Kita sadaya dasaripun awon, lan ati nurani kita saestu nepangi kita kanthi cetha. RUM 3:13 Kanisthaning manusa kasunyatan ing ilatipun. Kita sadaya asring memejahi lan ngrisak, awit kita njalari sirnaning asma sae, kabingahan lan tentrem rahayunipun tiyang-tiyang sanes srana ilat kita ingkang landhep sanget, kita ngracuni lingkungan sakiwa tengen kita srana goroh, panutuh, pangina, lan pitembungan ingkang boten pantes, lajeng kita nyawiyah dateng Allah. Panerak kita menika kados panyawiyah ingkang pait ing tutuk kita. kita boten mbangun turut dumateng Allah, lan kita boten sumurup bilih kita boten pantes nampeni menapa kemawon kajawi paukuman ing pangadilan ingkang boten saged dipun inggati. RUM 3:14-17 Raos sengit kita boten ewah kanthi rikat, karana kita boten remen dateng mengsah-mengsah kita, lan kita kepingin nyikiraken tiyang-tiyang ingkang keras. Tiyang-tiyang ingkang sengit dateng mengsah-mengsahipun sami ngutahaken darah, karana ing kanepsonipun manusa ewah dados kewan galak. Boten wonten katentreman ing pigesangan kita, nadyan kita asring lan kathah sanget ngrembag bab katentreman. Sadaya manusa memejahi, lan manahipun kebak raos sengit, memengsahan, lan kumentus, karana sami boten sumurup bilih Allah menika katresnan lan kayekten. Manusa kecalan kayekten, lan boten nggadhahi paugeran lan katentreman, nanging dumawah ing kawontenan ingkang mrihatosaken sanget. RUM 3:18 Sadaya tiyang ingkang boten tepang kaliyan Allah menika tiyang-tiyang bodho, lan sadaya boten ajrih dumateng Panjenenganipun, boten nggadhahi kawicaksanan, karana ajrih dumateng Allah menika wiwitaning kawicaksanan, lan pitepangan kaliyan ingkang maha suci menika kawruh. Watak boten pitados dados saya sanget ing jaman samangke, lan manusa tumindak kados-kados boten wonten Gusti Allah. Karana menika, boten elok, menawi dosa saya ndadra, lan sami ndhangak kanthi lancang ing margi, ing majalah-majalah lan ing salebeting manah! RUM 3:19-20 Tiyang-tiyang saleh ing jaman Prajanjian Lami ugi tiyang-tiyang dosa, karana angger-anggering Toret mbikak manahipun dateng dosa. Tuhu yektos bilih angger-anggering Toret maringi janji dateng kita bab berkah kaswargan menawi kita mbangun turut dateng angger-angger ingkang wonten, nanging boten wonten manusa ingkang saged netepi prasarat menika. Saben kita mbudidaya kangge mbangun pangudapi kita piyambak, lajeng piawon tuwuh ing darah kita. kita sadaya pantes nampeni paukumanipun Allah, lan sadaya kasaenan kita dipun regedi dening patrap kita ingkang menteingaken dhiri kita piyambak, lan kita boten pikantuk keparengipun Gusti Allah. Menapa panjenengan sarujuk kaliyan wewatonipun Paulus menika? Kula aturi maos malih menapa ingkang sampun kaserat dening Paulus supados panjenengan dados wicaksana lan nggadhahi raos gempunging manah. PANDONGA: Dhuh Rama Kaswargan, kawula ngaturaken panuwun amargi Paduka maringaken pangajeng-ajeng dhumateng kawula wonteng ing sang Kristus saéngga kawula boten ngantos kuciwa lan putus-asa. Kawula sami jahat wonteng ing ati lan ilat kawula. Asta kawula, mripat kawula lan ugi ati kawula kebak dora, sengit, nefsu lan dusta. Saiba jahatipun gesang kawula! Mugi Gusti ngapunteni kalepatan kawula, lan nyethakaken kasucén Paduka wonten ing gesang kawula, saéngga sedaya kawangkotan kawula saged dipun sirnakaken saking gesang kawula, lan kawula saged manembah dhumateng Paduka. Dhuh Gusti, uwalana kawula saking sedaya dosa kawula. PITAKON:
KUIS - 1Sedhérék ingkang kinasih,
Kawula sanget ngajengaken panjenengan kersa ngrampungaken pasinaon saking serat Rum supados panjenengan nampi bandha karohanén ingkang langgeng. Kawula ngentosi wangsulan panjenengan lan tansah ndedonga kangge panjenengan. Alamat kawula inggih menika : Waters of Life Internet: www.waters-of-life.net |