Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 076 (The Secret of Paul’s Ministry)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek? -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
Tambahan Kanggé PÉRANGAN 3 - Katrangan Saking Paulus Babagan Dhirinipun Piyambak Dhumateng Para Pemimpin Jemaat Wonten Ing Kitha Rum (Rum 15:14 – 16:27)

2. Wadining peladosané Paulus (Rum 15:17-21)


RUM 15:17-21
17 Mulané ana ing patunggilané Gusti Yésus Kristus, atiku mongkog déné kepareng lelados kagem Gusti Allah. 18 Aku mung wani nyritakaké apa sing wis ditindakaké Sang Kristus lumantar aku, yakuwi nuntun bangsa-bangsa dudu Yahudi srana tembung lan penggawé, supaya padha mbangun-turuta marang Gusti Allah. 19 Leladiku mau srana migunakaké pratandha lan mujijat sarta pangwasané Sang Roh Suci. Iya kaya mengkono mau, sajroné lelungan saka kutha Yérusalèm tekan tanah Ilirikum, sedalan-dalan aku tansah ngabaraké Injil kanthi jangkep, bab Gusti Yésus Kristus. 20 Sing dakkepéngini banget kuwi ngabaraké Injil ing panggonan-panggonan sing durung tau krungu bab Gusti Yésus Kristus, supaya srana mengkono aku ora ngedegaké bangunan ana ing pondhasi yasané wong liya. 21 Kaya sing katulis ing Kitab Suci: "Wong sing durung tau kawartanan bab Panjenengané, bakal padha ndeleng Panjenengané, sarta wong sing durung tau krungu bab Panjenengané, bakal padha mangerti.

Paulus bingah lan kanthi tinarbuka gumunggung tumrap paladosan lan kamenanganipun. Ewasamanten, pyambakipun ngakeni biliha pakaryan lan padamelanipun sanes saking dirinipun pribadi, nanging saking Gusti Yesus ingkang dedalem ing gesangipun, ingkang makarya sarta ngandika lumantar pyambakipun. Rasul Paulus boten kagungan kekendelan kangge wicanten bab asil lan tundoning paladosanipun, ingkang boten namung dipun akeni minangka pakaryanipun Sang Kristus kemawon, nanging pyambakipun malah nganggep dirinipun namung sadremi abdi saking Sang Juruwilujeng, mbangunturut dhumateng tuntunanipun. Punika wadining pigesanganipun rasul Paulus, bilih pyambakipun gesang wonten ing Sang Kristus. Pyambakipun mikiraken penggalihipun Sang Kristus, ngabaraken wahyu ingkang katampi saking Sang Kristus, lan nindakaken menapa ingkang dipun printahaken. punika gandhenganipun menapa ingkang kaserat wonten ing Kitab Lelampahanipun Para Rasul, lan wewadi saking saben pawartos saking greja ing jaman punika. Karsanipun Gusti Yesus ingkang gesang ing gesangipun Paulus ingkang nuntun tiyang kathah inggih punika. supados mbangun turut dhumateng Sang Kristus srana iman kapitadosan.

Pangandika lan seratanipun Paulus boten cekap kagem paladosanipun, temah pyambakipun kedah ngalami lelampahan ingkang damel lungkrah, dhahar tetedhan ingkang aneh, nindakaken pakaryan klayan astanipun, lan ngawontenaken mukjijat. Kanthi cetha pyambakipun ngandaraken bilih sadaya pangandika, tumindak lan mukjijat ingkang dipun tindakaken punika saking pangwaosipun Rama, Putra lan Roh Suci, sanes saking dirinipun pyambak. Wewadi saking paladosan ingkang sae punika tuwuh saking anggenipun nyingkur diri lan ngegungaken Sang Kristus Sang Juruwilujeng.

Paulus nerangaken ngrembakaning paladosanipun saking Yerusalem dhumateng Anatolia, lan dhumateng tlatah Yunani Kilen. Sadaya propinsi punika perangan saking negari Rum, lan Paulus ngalami lelampahan ingkang nglungkrahaken lan mbebayani punika kanthi mlampah, boten nitih kuda utawi kreta. Pyambakipun ngantos lungkrah sanget wonten ing paladosanipun kangge nggayuh tiyang-tiyang ingkang boten pitados, ingkang boten mangertos, lan tiyang-tiyang ingkang boten tepang dhumateng Allah kangge kasowanaken dhumateng Sang Kristus. Pyambakipun ugi nandesaken bilih kamulyaning paladosanipun inggih punika. bilih pyambakipun saged mawartosaken Injilipun Sang Kristus dhumateng kitha-kitha ageng, kitha-kitha alit lan propinsi-propinsi ing papan-papan Gusti Yesus dereng dipun tepangi tiyang. Pyambakipun boten mbangun ing inggiling pondasi ingkang sampun kapasang dening tiyang sanes, nanging pyambakipun tiyang ingkang wiwitan lelados ing papan ingkang dereng dipun tindakaken dening palados sanes kanthi ngadhepi kathah bebaya lan pakewed. Kanthi paladosanipun, pyambakipun netepi janjinipun Allah ingkang sampun kaweca dening nabi Yesaya, “mangkono anggone Panjenengane damel gumuning bangsa akeh, para raja bakal padha sidhem mirsani Pnajenengane, amarga apa ingkang durung kawartakake, bakal kasumurupan, tuwin apa ingkang durung kapireng, bakal dimangertosi.” (Yes. 52:15).

Saperangan ageng tiyang-tiyang Yahudi boten yakin dhumateng rancangan Ilahi punika, lan nganggep dirinipun kemawon ingkang dados umatipun Allah. Nanging Paulus nerangaken kasunyatan saking paladosan ingkang dipun tindakaken ing antawisipun tiyang-tiyang sanes Yahudi, ndasari buktining Kitab Suci, lan janjinipun Allah dhumateng tiyang-tiyang sanes Yahudi.

PANDONGA: Dhuh Rama Kaswargan, kawula ngucapaken panuwun dhumateng Paduka lumantar Gusti Yesus Kristus, amargi para abdi Paduka ingkang setya tuhu boten namung martakaken dhirinipun piyambak, utawi makarya kanthi kekiayatanipun piyambak, ananging mucal lan makarya wonten ing asmanipun sang Kristus, lan nampi kwasanipun Roh Suci. Mugi Gusti ngreksa para abdi Paduka saking sedaya wicanten lan pakaryan ingkang namung lelandhesan karepipun piyambak, sarta mugi Gusti teguhaken abdi Paduka wonten ing badan karohanénipun sang Kristus ngantos saklaminipun.

PITAKON:

  1. Apa sing dadi wadiné peladosané Rasul Paulus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 10, 2021, at 10:43 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)