Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 063 (The Sanctification of your Life)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek? -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish? -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 3 - Bebeneré Gusti Allah Ana Ing Uripé Para Pandhéréké Sang Kristus (Rum 12:1 - 15:13)

1. Panyucéning gesang panjenengan amung lumantar tekad panjenengan kang gumolong miturut marang Gusti Allah (Rum 12:1)


RUM 12:1
1 Sarèhné semono gedhéning sih-rahmaté Gusti Allah marang kita, para sedulur, mulané kowé padha nyaosna badanmu dadi kurban sing urip kagem Gusti Allah, kanggo ngladosi pakaryané, kang gawé renaning penggalihé. Ya sing kaya mengkono kuwi patrapé enggonmu ngibadah.

Umat saking prajanjian lami ngantepaken panuwun sokur tumrap kasaenanipun Allah lumantar pisungsung ing Bait Suci. Minangka sesulihing diri pribadi, tiyang-tiyang punika sami nyaosaken kurban kewan tumrap saben dosa ingkang dipun sumurupi, lan srana mekaten sami nucekaken diri saking dosa-dosanipun ing ngarsanipun Allah. Sasampunipun leburing Bait Suci ing Yerusalem, Paulus ngendika dhumateng tiyang-tiyang ingkang pitados dhumateng Sang Kristus, inggih punika tiyang-tiyang prajanjian enggal ingkang gesang ing Rum, bilih tiyang-tiyang Kristen boten prelu malih nyaosaken kurban arta utawi kewan dumateng Allah. Tiyang-tiyang punika kedah nyaosaken diri pribadi sawetahipun dhumateng Rama Gusti Yesus Krists. Kesagahan makaten punika nelakaken bilih gesangipun sanes gadhahanipun pyambak, nanging sampun dados kagunganipun Allah. Pangertosan punika murugaken pitakenan ingkang gumathok kagem sdaya tiyang Kristen, “Punapa panjenengan taksih dados gadhahan panjenengan pyambak, utawi menapa panjenengan sampun misungsungaken gesang panjenengan dhumateng Allah, ing salebeting anggen panjenengan nampi karahayon saking Sang Kristus?”

Pisungsung punika boten ateges bilih tiyang Kristen kedah mejahi diri pribadi, nanging boten pareng malih rumaos kesed utawi lumuh, lan wiwit lelados dhumateng Allah ing salebeting roh, jiwa, raga, arta lan sedaya ingkang dipun gadhahi. Pisungsung punika ugi kalebet pambudidaya kita nglawan sadaya pacoben saking badan kita, awit hawa nepsu kadagingan menika lelawanan kaliyan Roh Suci, lan Roh Suci nglawan nepsu kadagingan kita (Gal. 5:17). Paulus nyebut dirinipun pyambak minangka katrangan saking ayat punika, “Nanging miturut Torèt, kula sampun pejah — dipun pejahi déning Torèt — supados kula saged gesang kagem Gusti Allah, kula sampun ndhèrèk pejah dipun salib kaliyan Sang Kristus. Temah ingkang gesang menika sampun sanès kula malih, nanging Sang Kristus ingkang wonten ing kula. Gesang kula ingkang samangké menika mboten sanès namung krana kula pitados dhateng Putranipun Allah ingkang ngasihi kula, lan ingkang sampun ngurbanaken sugengipun kanggé kula.” (Gal. 2:19-20).

Rasul Paulus ngiketaken diri sawetahipun lan salaminipun dhumateng Sang Kristus ngantos dumugi ing tataran anggenipun nganggep diri sampun pejah, lan namung gesang dening pigesangan ingkang dipun paringaken dening Sang Kristus dhumateng pyambakipun lumantar Roh Suci. Ing pamawas ingkang mekaten, Paulus nyuwun panjenengan supados misungsungaken gesang dhumateng Allah lan dhumateng Putranipun, temah panjenengan saged dados tiyang ingkang leres. Sang Kristus bade nucekaken panjenengan lumantar rahipun lan lumantar Sang Roh Suci anggenipun dedalem ing gesang panjenengan, temah panjenengan saged dados pisungsung ingkang suci ingkang karenan dhumateng Allah. Kanugrahan kalih punika, rahipun Sang Kristus lan dedalemipun Roh Suci ing gesang panjenengan, punika gesang langgeng ingkang kaparingaken dhumateng panjenengan. Pramila saking punika, kula aturi panjenengan wangsul dhumateng Rama Kaswargan lan sih rahmatipun ingkang tanpa wates, temah Panjenenganipun njangkepi gesang panjenengan saben dinten klayan pangwasanipun ingkang suci.

Rasul Paulus nganggep kasagahanipun tiyang Kristen minangka “pangibadahmu ingkang sejati” (12:1). Pamuji panjenengan ingkang kebak kabingahan dados perangan ingkang wigatos ing salebeting pangibadah panjenengan dhumateng Allah, lan donga sarta panyuwunan panjenengan ugi ngemu pangwaos ingkang ageng, nanging Gusti ugi nyuwun keputusan panjenengan ingkang pungkasan supados masrahaken gesang panjenengan sawetahipun dhumateng Panjenenganipun ngantos salaminipun. Lah punika kesagahan Injili, ingkang dumados namung sepisan. Prajanjian ingkang enggal punika lajeng bade lumebet dhumateng pigesangan panjenengan, lan gesang langgeng kelampahan ing panjenengan.

PANDONGA: Dhuh Rama Kaswargan, kawula manembah dhumateng Paduka lan asukareba, amarga kanthi pendhaméan sang Kristus Paduka dados Bapa kawula ingkang kebak sih rahmat. Mugi Gusti tulungana supados kawula boten tansah mentingaken dhiri kawula piyambak, nanging purun masrahaken wekdal, kesagedan, lan gesang kawula dhumateng Putra Paduka, lan saged nulak dosa sarta reregedipun. Gusti paringana sih wonten ing manah kawula supados kawula saged gesang wonten ing panggulawentahing katresnan Paduka.

PITAKON:

  1. Apa panjenengan wis masrahaken gesang panjenengan marang Gusti Yesus, apa malah esih mentingaké uripé dhéwé?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 10, 2021, at 05:39 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)