Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 053 (The Parable of the Potter and his Vessel)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 2 - Bebeneré Gusti Allah Ora Bakal Owah Senajan Para Putrané Bapa Yakub, Wong-Wong Kang Pinilih, Mangkotaké Atiné (Rum 9:1-11:36)

3. Gusti Allah tetep bener senajan tiyang-tiyang Israel sami nglawan Panjenenganipun (Rum 9:6-29)

c) Pasemon ngenani tukang grabah lan lempung sesambungan karo wong-wong Yahudi lan wong-wong Kristen (Rum 9:19-29)


RUM 9:19-29
19 Kowé bakal takon marang aku: "Yèn mengkono, kepriyé bisané Gusti Allah ngluputaké manungsa? Sapa sing bisa malangi kersané Gusti Allah?" 20 Aku arep genti takon marang kowé: "Sedulurku, kowé kuwi sapa, kokwani-wani madoni marang Gusti Allah? Apa kelakon pengaron takon marang kundhi sing gawé pengaron mau: 'Yagéné aku kokkoingkangawé mengkéné?' 21 Apa kundhi mau ora wenang nggarap lempung mau ing sakarepé? Lemah lempung saprongkol bisa waé digawé pengaron sing larang regané, utawa pengaron sing murah." 22 Mengkono uga pakaryané Gusti Allah, Panjenengané kagungan kersa ngetingalaké bebenduné lan medhar pangwasané. Éwadéné Gusti Allah kuwi sabar banget marang wong sing padha dibendoni, sarta wong-wong sing wis digadhang bakal disirnakaké. 23 Gusti Allah uga kersa nedahaké kamulyané sing sampurna, kaparingaké marang kita, sing padha katimbalan nampani sih-rahmaté, yakuwi kita sing wis kacadhangaké déning Panjenengané, supaya nampani kamulyan mau. 24 Ya kita iki, sing wis katimbalan déning Panjenengané, ora mung bangsa Yahudi waé, nanging uga sing saka antarané bangsa-bangsa liyané. 25 Ing Kitabé Nabi Hoséa ana tulisan mengkéné: "Sing dudu umat-Ku bakal Daksebut 'Umat-Ku', lan sing ora Dakkasihi, kuwi Daksebut 'Kesakih-Ku'. 26 Lan ing panggonané wong-wong sing didhawuhi: 'Kowé kuwi dudu umat-Ku,' ing panggonan kono uga wong-wong mau bakal padha disebut: 'Para putrané Gusti Allah kang asipat gesang.' "27 Tumrapé bangsa Israèl Nabi Yésaya ngandika: "Senajan cacahé bangsa Israèl kuwi akèhé kaya wedhining segara, éwasemono sing bakal kaslametaké mung sethithik. 28 Sebab Gusti Allah bakal énggal nganakaké pétungan karo isining jagad." 29 Kaya sing dipangandikakaké déning Nabi Yésaya dhèk biyèn mengkéné: "Saupama Gusti Allah Kang Mahakwasa, ora maringi turun marang kita, mesthi kita wis dadi kaya kutha-kutha Sodom lan Gomora.

Pikajenging manusa, kasombonganipun lan raos kaadilan pribadinipun mbalela dateng pepilihan, karsa lan tumindakipun Allah. Manusa ingkang boten mbangun turut punika kados semut ingkang mungel dateng gajah, “Apa sing kok lakoni?” (Yes. 45:9). Manusa boten nggadhahi wenang kangge nangletaken dateng Allah utawi dados nepsu tumrap pnp ingkang dipun tindakaken dening Allah, awit wawasan lan kasagedanipun manusa winates sanget lan boten saged kabandingaken kaliyan kawicaksanan, kasucen lan katresnanipun Allah ingkang tanpa wates.

Sinten ingkang mapanaken keyakinan sawetahipun dumateng Allah ing jaman samangsa manahipun manusa lan bangsa-bangsa sampun dados wangkot, kedah nggadhahi pambangun turut ingkang gilig dumateng Gusti ingkang mengku jagad sarta manut kanthi kebak raos sokur. Namung srana mekaten kita saged nampeni kasunyatan bilih satunggaling tiyang kados Hitler dipun kèndelaken mejahi 6 yuta tiyang Yahudi ing urubing geni, tanpa wonten tiyang ingkang mbudidaya nyandheg utawi nangletaken. Kanthi cara ingkang sami kita saged mangertos kenging pnp Stalin dipun kendelaken mejahi 20 yuta kawula alit nalika Piyambakipun nyobi nindakaken rancangan nasionalipun tanpa wonten tiyang ingkang nggatosaken.

Paulus maringi kita satunggaling pambanding kangge nerangaken bab pangadilanipun Allah; satunggaling tukang grabah (periuk) mendhet siti/ tanah, wonten ingkang kadamel prekakas ingkang kanthi tujuan mulya lan piguna, dene sanesipun kadamel prekakas ingkang limrah lan prasaja kemawon (Yer. 18:4-6).

Sang rasul ngagem pasemon punika lan ngendikakaken kamurkanipun Allah, ingkang dipun ampet kanthi kasabaran ing mangsa ingkang dangu sanget, lan lajeng kapatrapaken dateng tiyang-tiyang ingkang mbalela temah sami tumpes. Paulus ugi ngaturaken biih Allah sampun dangu sanget ngrancang grabah sih rahmatipun, lan nyawisaken sadayanipun kagem kamulyan ingkang bade dateng. Mekaten grabah sih kawelasanipun kaagem mulyakaken ingkang nitahaken, lan kawangsulaken dateng tiyang-tiyang punika.

Paulus boten nambahi wewaton/ filsafat sih kawelasan ingkang nglaha, kadasaraken kawruh ingkang dipun alami ing pigesangnipun, nanging Piyambakipun nerangaken bentenipun tiyang-tiyang ingkang wonten ing kamurkanipun Allah lan tiyang-tiyang ingkang kamulyakaken awit sih kawelasanipun Allah, boten namung ngengingi tiyang-tiyang ingkang sanes Yahudi, nanging ugi ngengingi tiyang-tiyang Yahudi ingkang dados bangsa pilihanipun Allah. Kangge nerangaken perangan punika, Paulus nedahaken dhawuhipun Allah dateng Hosea (2:23) bilih Allah bade ndamel tiyang-tiyang ingkang swaunipun sanes umatipun dados umat kagunganipun. Rasul Petrus ugi nandhesaken bab punika ing layangipun ingkang kapisan dateng tiyang-tiyang Kristen sanes Yahudi, “Nanging kowé kuwi bangsa sing pinilih, imam-imamé Sang Prabu, bangsa sing suci, umat kagungané Allah piyambak. Supaya padha martakaké pakaryané Gusti Allah sing ngéram-éramaké. Gusti Allah wis nimbali kowé saka pepeteng marang pepadhangé kang éndah. Biyèn kowé dudu umaté Allah, nanging saiki dadi umat kagungané. Biyèn kowé ora ngerti marang sih-rahmaté Gusti Allah, nanging saiki kowé wis ngrasakaké sih-rahmaté” (1 Ptr. 2:9-10).

Miturut Paulus, tujuan punika dados tujuanipun Allah, bilih Panjenenganipun miji tiyang-tiyang punika ingkang swaunipun boten kapiji, lan nimbai tiyang-tiyang ingkang swaupun boten dipun timbali supados dados para putranipun Allah (Rm. 9:26; 1 Yok. 3:1-3). Sang rasul nerangaken ugi bilih nabi Yesaya mangertos bilih Allah bade mbekta tiyang-tiyang pepijianipun ingkang boten manut dateng raos kuciwa, lan menawi sami panggah manggen ing piawonipun, Allah bade ngèndelaken tiyang-tiyang punika tumpes, nadyan Panjenenganipun sampun dhawuh bilih tiyang-tiyang punika bade ngrembaka kados wedhi ing pesisir.

Gusti ingkang gesang punika gemati sanget dateng umatipun ingkang mbalela punika. Boten sadayanipun bade tumpes, nanging bade wonten saperangan alit ingkang kantun, lan dateng tiyang-tiyang punika janjinipun Allah bade dipun tetepi (Yes. 11:1-6); dene saperangan ageng saking tiyang-tiyang ingkang tinimbalan punika bade kados Sodom lan Gomorah, bade sami tumpes (Yes. 1:9).

Paulus ing salebeting sih katresnanipun kepengin memulang dateng tiyang-tiyang Yahudi ing Rum bilih Allah kagungan wenang kangge nylametaken lan nucekaken tiyang-tiyang sanes Yahudi ingkang swaunipun boten piniji, dene Panjenenganipun mangkotaken manahipun tiyang-tiyang Yahudi ingkang swaunipun piniji ngantos sami tumpes. Lelampahan punika boten namung dumados saking tata nalar kemawon, nanging pancen nyata ing manahipun sang rasul ing sesambetanipun kaliyan tiyang-tiyang Yahudi ingkang ngegungaken kayekten diri pribadinipun. Piyambakipun mbudidaya nuntun tiyang-tiyang punika dateng pitobat supados sami saged ngakeni bilih Gusti Yesus punika Sang Mesias ingkang kapresatyaken (kajanjekaken) murih kawilujenganipun tiyang-tiyang punika. Nanging saperangan ageng tiyang Yahudi taksih nampik Gusti Yesus, malah ngantos dinten punika.

PANDONGA: Dhuh Rama Kaswargan, kawula nyuwun pangapunten tumrap sedaya dosa kawula amargi boten mangertosi saiba agengipun kesabaran ingkang Paduka paringaken dhumateng kawula. Paduka sampun tansah nresnani kawula, boten ngukum sarta nyirnakaken kawula. Mugi Gusti sucékaken kawula saéngga saged mbagikaken sih katresnan Paduka kanti panuwun lan nampi katresnan Paduka kanthi sukarena lan panuwun, ndhérék tuntunanipun sang Roh Suci.

PITAKON:

  1. Sapa kang dadi grabah kamurkané Gusti Allah, lan apa alesané wong-wong iku padha ora gelem nuruti kersané Gusti Allah?
  2. Apa tujuan grabah sih katresnané Gusti Allah, lan ana ing endi wiwitané?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on November 29, 2023, at 02:51 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)