Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 022 (All Men are Corrupt)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
PÉRANGAN 1 - Bebenering Gusti Allah Bakal Ngukum Tiyang Dosa Lan Mbeneraken Sedaya Tiyang Ingkang Pitados Dhumateng Sang Kristus (Rum 1:18 - 8:39)
A - Saindering Jagad Wonten Ing Pengaruhipun Si Jahat, Gusti Allah Bakal Ngadili Sedaya Kanthi Bebener (Rum 1:18 - 3:20)

3. Kabéh manungsa wis rusak lan ora ana sing bener (Rum 3:9-20)


RUM 3:9-10
9 Yèn mengkono, apa kita, wong Yahudi, luwih becik ketimbang karo wong dudu Yahudi? Babar-pisan ora! Aku wis mbuktèkaké yèn wong Yahudi lan wong liyané kuwi padha kawengku déning pangwasané dosa. 10 Ing Kitab Suci katulis mengkéné: "Siji waé ora ana wong sing bener”

Paulus ngringkes sadaya piwelehipun dateng tiyang-tiyang Yahudi lan tiyang-tiyang sanes Yahudi ing ndalem asmanipun Allah, lan mbuktekaken bilih boten wonten ing antawisipun tiyang-tiyang menika ingkang langkung sae kabanding kaliyan sanesipun. Sadaya manusa sampun dosa, lan dosa-dosanipun cetha sanget. Manusa nilaraken margining kayekten sakingAllah, lan dados abdining dosa, sarta kabanda dening hawa nepsu lan seslinthutanipun. Paulus nglebetaken dirinipun dateng piweleh menika, kanthi ngakeno bilih piyambakipun ugi tiyang dosa.

Menapa panjenengan nate ningali prekawis ingkang njijiki lan ndamel panjenengan rumaos gila? Dosa panjenengan menika njijiki temah ndamel roh lan jiwa panjenengan rumaos muneg-muneg. Cobi panjenengan galih bilih panjenengan ugi kalebet ing piwelehipun Paulus menika, panjenengan badhe mangertos bilih sejatosipun inggih panjenengan menika ingkang dipun pikajengaken nalika Paulus paring sadaya katrangan kalawau.

RUM 3:11-12
11 “Ora ana wong sing ngerti utawa sing kepéngin ngerti marang kersané Gusti Allah. 12 Sebab wong kabèh wis padha nyingkur marang Gusti Allah, wong kabèh wis padha kesasar. Ora ana siji waé wong sing nglakoni kabecikan; siji waé ora ana!"

Kita sadaya menika najis ing ngarsaning kamulyanipun Allah ingkang sumunar padang. Boten wonten ingkang leres kajawi Sang Kristus. Pikiran kita kalimputan pedhut kandel., lan kita boten saged ningali Gusti Allah ingkang dados tetales kita ingkang agung, kados ingkang sayektosipun. Kita boten saged mangertos saiba awonipun dosa kita. mendah neya manawi manusa purun ngupadi kamulyanipun Allah supados manusa saged dados wicaksana. Nanging saben tiyang milih marginipun piyambak, ngugemi dateng kaurmatanipun piyambak, kabanda dening hawa nepsunipun, lan ngupadi gampilipun kemawon. Sadaya manusa kecalan marginipun Gusti, lan boten satunggal kemawon ingkang lumampah ing margi ingkang leres. Panjenengan boten nggadhahi kasaenan ing patraping gesang panjenengan. Samudayanipun kwalik, dados boten piguna lan nasar. Kita sadaya dasaripun awon, lan ati nurani kita saestu nepangi kita kanthi cetha.

RUM 3:13
13 "Gurungé kaya kuburan menga, ilaté seneng goroh lan apus-apus; sarta panyatur alané metu saka lambéné kaya wisané ula".

Kanisthaning manusa kasunyatan ing ilatipun. Kita sadaya asring memejahi lan ngrisak, awit kita njalari sirnaning asma sae, kabingahan lan tentrem rahayunipun tiyang-tiyang sanes srana ilat kita ingkang landhep sanget, kita ngracuni lingkungan sakiwa tengen kita srana goroh, panutuh, pangina, lan pitembungan ingkang boten pantes, lajeng kita nyawiyah dateng Allah. Panerak kita menika kados panyawiyah ingkang pait ing tutuk kita. kita boten mbangun turut dumateng Allah, lan kita boten sumurup bilih kita boten pantes nampeni menapa kemawon kajawi paukuman ing pangadilan ingkang boten saged dipun inggati.

RUM 3:14-17
14 "Cangkemé kebak ipat-ipat lan laknat. 15 Gampang yèn nganiaya lan matèni wong. 16 Saenggon-enggon nganakaké karusakan lan nuwuhaké kasangsaran. 17 Dalaning katentreman padha ora diambah."

Raos sengit kita boten ewah kanthi rikat, karana kita boten remen dateng mengsah-mengsah kita, lan kita kepingin nyikiraken tiyang-tiyang ingkang keras. Tiyang-tiyang ingkang sengit dateng mengsah-mengsahipun sami ngutahaken darah, karana ing kanepsonipun manusa ewah dados kewan galak. Boten wonten katentreman ing pigesangan kita, nadyan kita asring lan kathah sanget ngrembag bab katentreman. Sadaya manusa memejahi, lan manahipun kebak raos sengit, memengsahan, lan kumentus, karana sami boten sumurup bilih Allah menika katresnan lan kayekten. Manusa kecalan kayekten, lan boten nggadhahi paugeran lan katentreman, nanging dumawah ing kawontenan ingkang mrihatosaken sanget.

RUM 3:18
18 "Wong-wong mau durung tau nduwèni rasa wedi marang Gusti Allah."

Sadaya tiyang ingkang boten tepang kaliyan Allah menika tiyang-tiyang bodho, lan sadaya boten ajrih dumateng Panjenenganipun, boten nggadhahi kawicaksanan, karana ajrih dumateng Allah menika wiwitaning kawicaksanan, lan pitepangan kaliyan ingkang maha suci menika kawruh. Watak boten pitados dados saya sanget ing jaman samangke, lan manusa tumindak kados-kados boten wonten Gusti Allah. Karana menika, boten elok, menawi dosa saya ndadra, lan sami ndhangak kanthi lancang ing margi, ing majalah-majalah lan ing salebeting manah!

RUM 3:19-20
19 Saiki kita ngerti, yèn samubarang sing didhawuhaké déning Torèt, kuwi kanggo wong-wong sing kawengku ing Torèt, supaya manungsa kabèh padha ora bisa éndha, lan supaya donya saisiné kapatrapan'a paukumané Gusti Allah. 20 Sebab ora ana wong siji waé sing bener ana ing ngarsané Gusti Allah merga nglakoni Angger-anggering Torèt. Nanging satemené Torèt kuwi mung nuduhaké, yèn manungsa wis nandhang dosa.

Tiyang-tiyang saleh ing jaman Prajanjian Lami ugi tiyang-tiyang dosa, karana angger-anggering Toret mbikak manahipun dateng dosa. Tuhu yektos bilih angger-anggering Toret maringi janji dateng kita bab berkah kaswargan menawi kita mbangun turut dateng angger-angger ingkang wonten, nanging boten wonten manusa ingkang saged netepi prasarat menika. Saben kita mbudidaya kangge mbangun pangudapi kita piyambak, lajeng piawon tuwuh ing darah kita. kita sadaya pantes nampeni paukumanipun Allah, lan sadaya kasaenan kita dipun regedi dening patrap kita ingkang menteingaken dhiri kita piyambak, lan kita boten pikantuk keparengipun Gusti Allah. Menapa panjenengan sarujuk kaliyan wewatonipun Paulus menika? Kula aturi maos malih menapa ingkang sampun kaserat dening Paulus supados panjenengan dados wicaksana lan nggadhahi raos gempunging manah.

PANDONGA: Dhuh Rama Kaswargan, kawula ngaturaken panuwun amargi Paduka maringaken pangajeng-ajeng dhumateng kawula wonteng ing sang Kristus saéngga kawula boten ngantos kuciwa lan putus-asa. Kawula sami jahat wonteng ing ati lan ilat kawula. Asta kawula, mripat kawula lan ugi ati kawula kebak dora, sengit, nefsu lan dusta. Saiba jahatipun gesang kawula! Mugi Gusti ngapunteni kalepatan kawula, lan nyethakaken kasucén Paduka wonten ing gesang kawula, saéngga sedaya kawangkotan kawula saged dipun sirnakaken saking gesang kawula, lan kawula saged manembah dhumateng Paduka. Dhuh Gusti, uwalana kawula saking sedaya dosa kawula.

PITAKON:

  1. Kados pundi sang rasul nyethakaken babagan dosa-dosa kita kanggo nerangaken babagan karisakanipun batin manungsa?

KUIS - 1

Sedhérék ingkang kinasih,
Saksampunipun maos tafsiran saking Serat Paulus kanggé jemaat wonten ing Rum punika, panjenengan sakpunika saged mangsuli pitakénan-pitakénan punika. Menawi panjenengan saged mangsuli 90% saking pitakénan ing ngandhap menika, kula badhé kintu seri saklajengipun saking pasinaon kita kanggé piwulang kagem panjenengan. Ampun kesupén nyerat asma jangkep panjenengan lan ugi alamatipun wonten ing wangsulan panjenengan.

  1. Apa alesan lan tujuan Serat dhumateng jemaat ing kitha Rum?
  2. Sinten ingkang ngadegaken jemaat ing kitha Rum?
  3. Sinten ingkang nulisaken serat menika? Wonten pundi? Kapan?
  4. Kados pundi gayanipun Paulus anggene nulisaken serat menika?
  5. Kados pundi erang-eranganipun serat menika?
  6. Apa sebutan kang dienggo Paulus kanggo nyebutake dghirine ana ing ukara wiwitaneng layange?
  7. Apa tegesé menawa Kristus iku Putraning Allah?
  8. Apa tegesé kanugrahan iku, lan apa tanggapané manungsa marang kanugrahan?
  9. Pangandikan berkat pundi ingkang paling wigatos lan pengaji dhumateng panjenengan reraketan klayan gesang panjenengan piyambak?
  10. Menapa sababipun Paulus tansah ngucapaken panuwun dhumateng Gusti Allah?
  11. Kados pundi, lan kaping pinten Gusti Allah nyegah Paulus anggéné badhé nindakaken kekajenganipun?
  12. Piwulang menapa ingkang paling wigati wonten ing ayat 16? Menapa sebabipun?
  13. Kados pundi sesambungané bebeneré Gusti Allah klayan iman kita?
  14. Menapa sebabibun bebendunipun Gusti Allah dipun cethakaken?
  15. Menapa sebabipun tiyang ingkang mboten tepang Gusti Allah mesthi bakal damel ilah kanggé uripipun piyambakipun?
  16. Menapa akibatipun saking panembah ingkan boten patrap dhumateng Gusti Allah?
  17. Kados pundi Paulus nyethakaké ngenani bebenduné Gusti Allah?
  18. Menapa gangsal wujudipun dosa ingkang miturut panjenengan paling kathah dipun tindakaken wonten ing dunya sakpunika?
  19. Bagaimanakah manusia menghukum dirinya sendiri setiap kali ia menghakimi orang-orang lain?
  20. Apa wadi kang dicethakaké dénéng Paulu babagan pengadilanipun Gusti Allah?
  21. Apa prinsip Ilahi sesambungan klayan pengadilan ingkang pungkasan menika?
  22. Kados pundi Gusti Allah sesambungan klayan tiyang-tiyang sanés Yahudi wonten ing Dinten Pengadilan sakmangké?
  23. Menapa hak istimewanipun angger-angger Torét lan bebanipun kanggé tiyang-tiyang Yahudi?
  24. Menapa tegesipun tetak wonten ing Prajanjian Lami lan Prajanjian Enggal?
  25. Menapa pitaken-pitaken piwucal ingkang diserat wonten ing serat Rum, lan menapa wangsulanipun?
  26. Kados pundi sang rasul nyethakaken babagan dosa-dosa kita kanggo nerangaken babagan karisakanipun batin manungsa?

Kawula sanget ngajengaken panjenengan kersa ngrampungaken pasinaon saking serat Rum supados panjenengan nampi bandha karohanén ingkang langgeng. Kawula ngentosi wangsulan panjenengan lan tansah ndedonga kangge panjenengan. Alamat kawula inggih menika :

Waters of Life
P.O.Box 600 513
70305 Stuttgart
Germany

Internet: www.waters-of-life.net
Internet: www.waters-of-life.org
e-mail: info@waters-of-life.net

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 07, 2021, at 01:23 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)