Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 073 (The raising of Lazarus)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
C - ANGGONE TINDAK PUNGKASAN GUSTI YESUS MENYANG YERUSALEM (Yokanan 7:1 - 11:54) Irah-irahan: PISAH-PISAHANE ANTARA PETENG KARO PEPADHANG
4. Anggone tangi Lazarus lan akibate (Yokanan 10:40 - 11:54)

c) Tangine Lazarus (Yokanan 11:34-44)


YOKANAN 11:34-35
34 “Anggonmu ngubur ana ing Ngendi?” Kang kadangu banjur munjuk: “Sumangga Gusti, kawula aturi mirsani!” 35 Gusti Yesus muwun.

Gusti Yesus ora paring wangsulan sinadyana saklimah. Pirembugan karo wong kang lagi dikuwasani dening kasusahan kang jero ora ana gunane. Ing kahanan mengkono tumindak luwih becik ketimbang karo akeh ngomong. Panjenengane dhawuh marang wong-wong mau supaya nuduhake ana ngendi Lazarus dikubur. Wong-wong mau matur, “Mangga kawula aturi mirsani”. Tembung-tembung iku yaiku tembung-tembung kang pas padha karo kang digunakake dening gusti Yesus nalika Panjenengane nimbali para murid ing wiwitan anggone pelayanan. Panjenengane nimbali para murid supaya ndeleng urip; wong-wong iku ngaturi gusti Yesus supaya mirsani pati. Panjenengane nangis awit Panjenengane mirsani kaya ngapa lelete manungsa sinau, mirsani anggone ora ngerti lan anggone ora pracaya wong-wong mau. Malah kang paling apik dhewe ing antarane para murid Panjenengan pirsa ora bisa nuduhake iman kang sejati. Daging ora bisa tahan, jiwa kurang iman. Sang Roh suci durung diesokake marang wong-wong mau. Pati kasukman nguwasani, lan Sang Putra Allah mung bisa nangis ndeleng panandang kang banget nyengsarake manungsa.

Gusti Yesus iku manungsa sejati, asukarena karo wong-wong kang asukarena lan nangis karo wong kang nangis. Roh Panjenengane goreh. Nyawa Panjenengane kang panggraitane landhep trenyuh nalika mirsani rasa wedi kang gedha gegayutan pati ing sajroning para pandhereke lan kurang katresnan marang Gusti Allah kang agesang. Gusti Yesus dina iki muwun mirsani kahanan gereja lan badan kita, lan kabeh wong kang tetep terus nindakake dosa lan ana ing sajroning pati kasukman.

YOKANAN 11:36-38a
36 Calathune wong-wong Yahudi: “Delengen, samono anggone ngasihi!” 37 Nanging ana saweneh kang muni: “Panjenengane kang wis ngelekake mripati wong wuta, apa iya ora bisa murungake patine wong iki?” 38a Gusti Yesus tumuli rengu maneh sajroning panggalih, banjur nyelaki kuburan, kang adhapur guwa ditutupi watu.

Wong-wong Yahudi ndeleng tetesaning luh Gusti Yesus lan duwe pikira yen tetesing luh iku awit Panjenengane banget nresnani Lazarus. Sihe iku dudu dilandhesi pikiran kang adhem utawa kepinteran wae, nanging duwe keselarasan karo rerasan saka wong-wong liya. Sihe Sang Kristus iku lewih gedhe tinimbang pangerten kita lan luwih jembar tinimbang panguwane pati. Panjenengane mirsane Lazarus ing sajroning kubure kang katutup lan prihatin awit kamenangane pati atas mitrane iku. Nanging Atine Gusti Yesus bisa nembus watu kang nutup iku lan nyawisake jijim ikuk supaya krunu tinimbalane.

Sawetara wong kang ana ing kana maido gusti Yesus awit cara Panjenengane kang langsung, lan rerembugan gegayutan Panguwasa Panjenengane. Gegayutan prekara iku gusti Yesus duka banget. Awit kurang iman lan katresnan uga pengarep-arep kang ora bener mung bakal dadi jalaran bebendune Allah. Gusti Yesus kagungan tujuan paring pitulungan kita saka anggon kita ora duwe pengarep-arep, lan paring keselametan kita saka pikiran kang cethek, kanthi mengkono kita bisa cekelan marang sihe Panjenengane, lan urip kanthi iman saka Panjenengane uga duwe kalegan awit pengarep-arep saka Panjenengane, ora maneh cekelan patokan marang ukuran manungsa, nanging pracaya marang kabisan Panjenengane. Panjenengane ngersakake nangekake wong-wong kang wis mati krana dosa ing sakiwa tengan kita. Apa gusti Yesus rumangsa rengu uga naliko mirsane anggone panjenengan ora pracaya utawa apa Panjenengane bungah mirsani katresnan panjenengan kang tumemen?

PANDONGA: Paduka apunten kawula, dhuh gusti Yesus, awit mbucal wewengan kangge pitados lan nresnani. Paduka apunten kekirangan iman kawula lan paduka apunten patrap mentingaken badan piyambak kawula. Paduka tuntun kawula dhumateng pangajeng-ajeng kang gesang, supados ngluhuraken Paduka lan tansah mbangun turut dhumateng Paduka.

PITAKONAN:

  1. Kenapa gusti Yesus gore atine lan kenapa gusti Yesus muwun?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:02 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)