Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 038 (Four witnesses to Christ's deity)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
A - ANGGONE MLAKU KAPING PINDO MENYANG YERUSALEM (Yokanan 5:1-47) -- IRAH-IRAHAN: WIWIT TIMBULE RASA SENGIT WONG-WONG YAHUDI MARANG GUSTI YESUS

4. Papat seksi bab sifat keallahane Sang Kristus (Yokanan 5:31-40)


YOKANAN 5:31-40
31 Manawa Aku nekseni mungguh ing awakKu dhewe, paseksenKu mau ora bener. 32 Ana liyane kang nekseni mungguh ing Aku, lan Aku weruh yen paseksen kang dilahirake mungguh ing Aku iku bener. 33 Kowe wus padha kongkonan marang Nabi Yokanan, lan iku wus nekseni ing bab kayekten. 34 Nanging Aku iki ora mbutuhake paseksen saka manungsa. AnggnKu tutur mangkono iku supaya kowe padha kapitulungan rahayu, 35 Nabi Yokanan iku minangka damar kang murub lan kang madhangi, nanging kowe iku mung sawatara mangsa bae anggonmu gelem nikmati padhange. 36 Nanging Aku iki nduweni paseksen kang ngungkuli paseksene nabi Yokanan, iya iku sakabehing ayahan kang kaparingake Sang Rama marang Aku, supaya Daktindakake, Ayahan mau iya kang Daktindakake saiki, kang dadi paseksene anggonKu kautus dening Sang Rama. 37 Karodene Sang Rama kang ngutus Aku iku wus nekseni piyambak ing ngatase Aku. Kowe ora tau krungu swarane utawa nyumurupi citrane, 38 apa dene pangandikane ora tetep dumunung ing kowe, awit kowe padha ora ngandel marang kang diutus. 39 Kowe padha niti priksa Kitab-kitab Suci, awit pandugamu marga saka Panjenengane kowe nduweni urip langgeng. Nanging sanadyan Kitab-kitab suci iku nekseni ing bab Aku, 40 suprandene kowe padha lumuh marani Aku supaya nduwenana urip iku.

Gusti Yesus mratelakake marang mungsung-satru Panjenengane yen Panjenengane kagungan panguwasa nindakake panggawe-panggawe saka Sang Mesih kang diprasetyakake iku. Wong-wong iku sengit marang wong desa iki kang wis ngrusak organisasi lan tatanane. Wong-wong mau njaluk paseksen Panjenengane supaya nguwatake apa sing dingandikaake. Gusti Yesus ngasorake sarirane ing sajroning tanggapan Panjenengane bab panjaluke wong-wong iku kanthi nuduhake bukti-buktine. Kita asring duwe pikiran manawa badan kita luwih becik ditimbang karo kahanan kang sabenere. Gusti Yesus maringi katarangan gegayutan kahanan sarirane jujur ora ana kang palsu ing sajroning apa kang dingandikaake. Apa kang diseksekake bener sinadyana paugeran lumrahe ora metung peseksene wong gegayutan karo awake dhewe. Sang Kristus iki uga ngakoni kayekten iku nalika Panjenengane ngandika: “Manawa Aku nekseni mungguh ing awakKu dhewe, aseksenKu mau ora bener”. Panjenengane ora prelu mbela badane Piyambak, awit Kang Liya wis maringi paseksi kanggo Panjenengane, yaiku Sang Rama Panjenengane ing Swarga, kang nyengkuyung Panjenengane karo papat jenis tanda bukti.

Gusti Allah ngutus Nabi Yokanan Pembaptis supaya martakake bab Sang Kristus ing antarane manungsa. Kang kautus ndisiki iki nyesekake bab Sang Kristus lan anggone Panjenengane leladi minangka jejering Imam lan kalungguhane minangka jejere Hakim. Nanging, Makamah Agama iku orang percaya nabi Yokanan lan uga paseksene gegayutan gusti Yesus (Yokanan 1:19-28). Paseksine nabiYokanan dudu dadi bab kang nyurung Gusti Yesus, lan uga ora kang dadi sumber ilham Gusti Yesus, nanging gusti Yesus pancen wis dikaya anane Panjenengane wiwit kalanggengan. Awit anggone manungsa ora ngerti, gusti Yesus nampa paseksene Nabi Yokanan Pembaptis minangka panyengkuyung seteruse bab kayekten Panjenengane. Nabi Yokanan Pembaptis ora ngomong kebablasen nalika dheweke nyethakake yen gusti Yesus iku Cempening Allah, lan kang paring Sang Roh suci.

Nabi Yokanan Pembaptis iku dilah kang murub ing wayah bengi, kang nglumpukake wong sing melu lan ngrubung dheweke supaya nampani pepadhang. Nanging nalika Srengenge iku mlethek ing sajroning Pribadi Gusti Yesus, dilah mau ora dibutuhake maneh. Gusti Yesus piyambak kang dadi Pepadhange Jagat, kanthi kekuatan kang ora tahu entek. Dikaya srengenge menehi panguripan lan tetuwuhan kanggo jagat iki, mengkono uga gusti Yesus ngesokake panguripan kasukman lan katresnan. Kesarasan lan anggone nundhung roh ala kang ditindakake Panjenengane, nuduhake kamenangan saka padhang atas pepeteng. Disirepe Prahara lan ditangekake wong kang wis mati sawijining bukti sifat keallahan Panjenengane. Pakaryan Panjenengane selaras karo Sang Rama. Panjenengane nutugake leladine ana ing Kayu Salib, lan kanthi wungune Panjenengane ngesokake Sang Roh Suci atas wong-wong kang nyuwun. Pakaryan Allah bakal kelakon ing sajrone Rawuhe Sang Kristus kang kaping pindhone, supaya nangekake wong mati lan ngadhili jagat. Ora ana bedane antarane sang Rama lan Sang Putra ing sajroning apa kang ditindakake; dikaya sang Rama isih makarya nganti dina iki, semono uga Sang Putra.

Gusti Allah piyambak ingkang ngandika marang kita gegayutan anggone mratelakake penegasan Panjenengane kang Agung, “Iki PutraningSun, kekasihingSun, kang ndadekake renanging panggalihingSun” (Matius 3:17). Ora ana wong siji wae kang nampa paseksen kang mengkono kajaba gusti Yesus, kang tansah urip selaras karo kang dadi keparenge Allah, Sang Putra kang kinasih iku kebak karo katresnan lan murni kang sejati.

Gusti Yesus ngandika marang wong-wong Yahudi yen wong-wong mau ora tepung karo gusti Allah. Wong-wong Yahudi wis gagal ing sajroning mireng Suwara Panjenengane ing sajroning Paugeran Torat lan Kitab Para Nabi. Wong-wong Yahudi durung ndeleng pasemon Panjenengane kanthi cetha ing sajroning kekatonan utawa ngimpi-ngimpi. Kabeh wahyu kang dhisik dhewe ora sempurna, awit dosa-dosa wong-wong Yahudi wis misahake wong-wong mau karo Kang Maha Suci. Dikaya nabi Yesaya wis nguwuh nalika nabi iku ndeleng pucuking jubah Allah ing sajroning Pedaleman Suci, “Bilai aku! Aku tiwas!Amarga aku iki wong kang alambe najis”. Bukti saka anggone budheg kasukmane lan kurang pangertene yaiku nampik marang sang Kristus, Sabda Allah kang ngejawantah. Wong kang duwe pikiran yen dheweke ngerti Sabda Allah, nanging nampik sang Kristus kang iku Sabda Allah, mbuktekake yen dheweke durung nampa wahyu kang asli utawa dheweke ora tememen anggone duwe pangerten bab Sabda Allah.

Manungsa ing jaman Prejanjian Lawas naliti Kitab Suci, duwe pengarep-arep nampa urip langgeng. Nanging wong-wong mau malah nemokake aksara-aksara Paugeran Torat kang mati. Nanging wong-wong iku kelangan janji-janji kang kaalamatake marang Sang Mesih, malah sinadyana pameca gegayutan prekara iku ora kapetung akehe ing sajroning Prejanjian Lawas. Wong-wong luwih milih pikiran-pikiran, cara nafsir lan watonan-watonane dhewe, lan ora bisa ngerti yen Sang Kristus iku sabda Allah kang pungkasan kanggo wong-wong mau.

Gusti Yesus nuduhake marang wong-wong babagan alesan anggone nampik, ora kepengin Gusti Allah kaya dene Panjenengane kang sabenere. Wong-wong mau sengit marang Sang Kristus lan kelangan urip langgeng, ninggalake tujuan saka iman lan katresnan iku.

PANDONGA: Gusti Yesus, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Paduka nresnani mengsah-mengsah Paduka, Paduka prihatos atas anggenipun mboten pitados tiyang-tiyang menika. Paduka nedahaken dhumateng tiyang-tiyang menika sekawan paseksen saking sifat keallahan Paduka. Tulung kawula supados naliti Injil lan kitab-kitab ingkang sanes supados ningali Paduka, lan manggihaken sifat keallahan Paduka, lan pitados dhumateng pakaryan Paduka lan nampi gesang langgeng. Paduka bikak talingan yutan tiyang ingkang tasih mboten mireng supados tiyang-tiyang menika saget mirengaken Suwanten Paduka ing jaman kawula menika.

PITAKONAN:

  1. Sapa kang disebut 4 seksi iku, lan bab sapa wong-wong mau menehi paseksene?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:37 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)