Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 259 (Jesus Crucified Between Two Robbers)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)

25. Panjenengané Kang Suci Disalib Ing antarané Begal Loro (Matéus 27:35-38)


MATÉUS 27:35-38
35 Sakwisé kasalib, pangagemané dibage-bage sarana kaundhi. 36 Wong-wong banjur linggih, njaga Gusti Yésus. 37 Ing sandhuwuré mustakané kapasang tulisan, kang mratélaké sababe kaukum, unine: “Iki Yésus ratuné wong Yahudi.” 38 Nalika samana ana begal loro kang sinalib bebarengan karo Gusti Yésus, siji ana ing tengen, sijiné ana ing kiwa.
(Yokanan 19:24, Yésaya 53:12).

Péna gumeter lan pikiran kita bakal mandheg, nalika kita kelingan kepiyé manungsa kang rusak nyalibaké Sang Putra Allah. Kita kabéh luput, ala, bodho lan ora duwé sih kawelasan. Manawa panjenengan ana ing kana, apa panjenengan gelem nyegah para prajurit iku nyalibaké Gusti Yésus ing kayu Salib? Apa panjenengan gelem mapanaké badan panjenengan ana ing papan Panjenengane? Awit kita kabéh mentingaké awak dhéwé, arang banget ana wong kang gelem mati kanggo wong liya. Mung Sang Kristus kang kagungan katresnan kang suci, kang cemawis nandhang sangsara lan séda kanggo wong liya. Ati kita adhem lan mati, nanging Panjenengané séda kanggo maringan kita urip lan ngalimputi kita kanthi katresnan Panjenengané.

Para prajurit iku ora patia nggatekaké bab sapa kang disalibake. Kawigatené para prajurit iku maung marang apa kang nguntungaké awake. Awit rasukané Sang Kristus digawé saka salembar kain waé, bakal kurang regané manawa kain iku didum. Awit saka iku, wong-wong mau sarujuk manawa supaya entuk kain mau wutuh yaiku kanthi cara dikopyok. Para prajurit ora ngerti yén jubah iku dudu jubah lumrah nanging kain kang ora dijahit kagungané imam agung. Nalika Gusti Yésus gumantung ing kayu Salib kanggo nebus kabéh manungsa, Panjenengané ngunjukaké donga syafaate, “Dhuh Rama, tiyang-tiyang punika mugi Paduka apunten, amargi sami boten mangertos punapa ingkang dipun tindakake” (Lukas 23:34).

Sang Pilatus moyoki wong-wong Yahudi lan nulis sesebutan ing saknduwuré mestakani Panjenengané kang sinalib kang mratélakaké paukuman kang resmi didakwaké Panjenengané “Yésus Wong Nazaret, Ratuné Wong Yahudi”. Para pinituwa bangsa Israél ora sarujuk tulisan iku lan nyuwun marang Pilatus supaya diowahi, awit para pinituwa Yahudi iku ora ngakoni Gusti Yésus dadi Ratuné lan kabotan babagan tulisané Sang Pilatus mau. Ora ana ratuné kang bakal disalib ing antarané begal loro, tembungé wong-wong mau. Pancen, para prajurit nyalibaké Gusti Yésus ana ing tengah, awit saka iku papan kanggo Sang Pemimpin. Kanthi nindakaké prekara iku nuduhaké lambang yén Ratu wong Yahudi iku kepolo para begal.

Sawetara wong kang nolak lelakon Gusti Yésus disalib iku kandha yén Sang Kristus ora kasalibaké piyambak lan menawa Yudhas, sing ngianati kang disalib nggenteni Panjenengané. Wong-wong mau kandha yén Gusti Allah mapanaké rupa saka Putra Maryam ing praupané Yudhas lan mapanaké rupané Yudhas ana praupané Sang Kristus. Wong-wong mau duwé pangiro yén Prajuri Romawi bingung lan sebanjuré nyalibaké Yudhas lan dudu Sang Kristus.

Wong-wong kang pracaya marang cerita mau banget déning luput, awit Kitab suci nyethakaké yén Yudhas wis nggantung awaké lan dikubur malah sadurungé Sang Kristus dipaku ana ing kayu salib. Manawa apa kang dikandhakaké wong-wong mau bener, Yudhas mesti bakal mbengok, mbelani awaké dhéwé, lan nyethakaké marang para prajurit Romawi yén dhéwéké dudu putra Maryam, nanging kang ngianati Sang Kristus. Dadi cetha saka lelakon-lelakon kang ana yén panemu kang mengkono mung dongané kang ora bener yang di deleng saka sejarah alandhesan bukti-bukti lan katrangan nyata saka seksi kang weruh.

Uga, ibu Gusti Yésus jumeneng sakceraké kayu salib. Apa panjenengan menggelih yén Ibu Gusti Yésus nggatekaké patiné Yudhas, lan ora bisa mbedakaké antarané praupané sing ngianati karo putrané dhéwé? Cerita karangan gegayutan anggoné Gusti Yudhas disalib lan dudu Sang Kristus iku cerita kang goroh.

PANDONGA: Gusti Yésus Kristus, paku ingkang nembus asta lan suku Paduka kedahipun nembus tangan lan suku kula. Awit katresnan Paduka ingkang saéstu ageng, Paduka adamel kula merdeka lan ayem. Paduka nyangga kalepatan lan paukuman kula, lan Paduka mbeneraken kula. Kula mboten mangertos kadospundi ngaturaken panuwun dhumateng Paduka. Tulung kawula supados terus kasucékaké kanthi Sang Roh Suci Paduka, gesang selaras kaliyan dhawuh-dhawuh Paduka lan ngluhuraken asma Paduka, ugi gadhah pengajeng-ajeng anggen Paduka énggal badhé rawuh.

PITAKONAN

  1. Apa kang dadi alesan kang maton gegayuan anggoné Gusti Yésus Krittus disalib?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 09:31 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)