Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 257 (Roman Soldiers Mock Jesus)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)

23. Prajurit Rum Moyoki Gusti Yésus (Matéus27:27-30)


MATÉUS 27:27-30
27 Para prajurite Sang Wali Nagara banjur ngirid Gusti Yésus mlebu menyang ing gedhong pangadilan, lan prajurit sagolongan kabéh padha dikulimpukaké, ngepung Gusti Yésus. 28 Pangagemané Gusti Yésus disantuni jubah wungu, 29sarta wong-wong banjur gawé rerekan makutha eri, nuli ditrapaké ing mustakané astané tengen dicaosi lantarn glagah. Sakwisé mangkono wong-wong padha jengkeng ana ing ngarsané lan kanthi ngece pangucape: Ngaturaken sugen, dhuh Ratunipun tiyang Yahudi!” 30 Banjur padha ngidoni, lantaran karebut kagebakaké ing mustakané.
(Yésaya 50:6)

Apa panjenengan tahu mirsani makutha kang ora kapetung ajiné ing sajroning gambar utawa museum? Makutha iku katon banget éndah, kayasa saka emas lan direngga nganggo manik-manik kang larang kang nggambaraké kaluhuran, panguwasa, lan kasugihan saka wong-wong nganggo makutha mau. Nanging, Gusti lan Sang Juru Selamet kita kang setyo ngagem makutho eri, kang nunjem ing sajroné mestaké Panjenengané tundhoné rah Panjenengan tumetes. Makutha Panjenengané nganti saiki yaiku makutha kang éndah dhéwé ing suwarga lan ing bumi.

Gusti Yésus kahanané mlarat lan asor. Jubah wungu iku kena rah Panjenengané. Para prajurit Rum memoyok Panjenengané diwenehi teken kayu, kang dicekelaké ana asta Panjenengané. Para prajurit mau ngesokaké kabéh rasa sengite marang Panjenengané ngidoné panon Panjenengané ngampleng mestaka Panjenengané sujud ing ngarsa Panjenengané kaya-kaya Panjenengané iku Ratu. Kaya ngapa anggoné nggegirisi kepiyé para prajurit kapir iku bakal dikuwasani rasa wedi lan geter ing dina pengadilan, nalika para prajurit ndeleng yén Putra Manungsa kang dianiaya iku Hakime kang mahakuwasa, Ratu sakebehing Ratu!

PANDONGA: Gusti Yésus Kristus, kawula nresnani Paduka lan nandhang sangsara kaliyan Paduka ing wekdal kawula mangertos anggenipun mboten adil lan panganiaya ingkang Paduka sandhang. Paduka menika Panjenenganipun ingkang Maha kuwaos ingkang ngothongaken kaluhuran Paduka lan dados manungsa ingkang dipun jur kanthi mboten adil kanggé dosa-dosa kita. Kawula menika tiyang-tiyang ingkang pantes nampeni siksan menika lan sadaya babagan asor katujokaké dhumateng Paduka. Paduka nyangga paukuman kawula kanggo milujengaké kawula saking bebendunipun Gusti Allah. Kawula gadhah pemanggih makutho Paduka minangka makutho ingkang aji piyambak ing salebetipun gesang menika lan gesang ingkang badhé dumugi, awit makutho menika saéstu mboten wonten bandhinganipun kebak katresnan lan tentrem rahayu, dipun rengga tetesing rah Paduka ingkang saéstu larang. Kersanipun kawula tansah ngaturaken panuwun dhumateng Paduka kanthi masrahaken gesang kawula ing salebetipun peladosan Paduka. Matur nuwun atas panandhang Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé para prajurit Rum nyiksa Sang Kristus banget kanthi nistha lan kebak pepoyok?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 09:25 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)