Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 258 (Simon of Cyrene Bears Jesus’ Cross)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)

24. Simon Kirené Manggul Salibé Gusti Yésus (Matéus 27:31-34)


MATÉUS 27:31-34
31 Sakwisé dipoyoki, pangagemané jubah disantuni pangagemané piyambak manéh, banjur kairid metu arep disalib. 32 Nalika padha lumaku metu menyang njaban kutha, kapethuk wong saka ing kutha Kirené jenengé Simon. Iku kapeksa manggul salibe Gusti Yésus. 33 Lakuné banjur wis tekan ing panggonan kang aran Golgota, tegesé pacumplungan. 34 Gusti Yesu snuli dicaosi ngunjuk anggur campur rempelu. Bareng wis diincipi, ora karsa ngunjuk.
(Jabur 69:22).

Ing margi- margi Yerusalém, Gusti Yésus dhawah wonten ing ngandhap kajeng salib ingkang dipun panggul. Salib menika saéstu awrat. Momotan saking kajeng salib menika saéstu awrat tumrap Panjenenganipun, mliginipun awit panyiksan saking prajurit Rom, sampun saéstu-estu nelasaken tenaga Panjenenganipun. Saéstu ndudut manah ing mriki kanggé mangertosi bilih kala-kala kita mboten saget manggul salib kita piyambak, nanging mbetahaken tiyang sanés nulungi kita. Prajurit Rum meksa satungglipun tiyang ingkang tumuju langkung, Simon saking Kirené supados mitulungi Sang Kristus manggul salib Panjenenganipun. Ing mangkenipun, kalih larenipun tiyang menika (Aleksander lan Rufus) dadi warga ingkang sregep saking Gereja ing Rum (Markus 15:21, Rum 16:13). Sadaya tiyang ing nggriya Simon dipun berkahi awit piyambakipun mbetakaké salib Gusti Yésus.

Nalika Gusti Yésus tekan ing papan anggoné bakal disalib ing njaban tembok kutha, Panjenengané ditawani unjukan kang dicampur karo rempelu rasanya pahit kang tujuwané ngurangi aboting panandhang ing kayu salib. Nanging Panjenengané nampik ngunjuk awit Panjenengané kersa manggul kabéh dosa kita kanthi sadar ing sajroné ngrasaké larané.

Sawetara wong pracaya yén Simon Kirené kang disalib nggenteni Gusti Yésus. Nanging, ngombe kang nyuda lara ora diwenehaké marang Simon lan mung diwenehaké marang Gusti Yésus Kristus waé, kang nuduhaké yén Panjenengané – dudu Simon – iku kang nampa panyapon, Gusti Yésus waé, lan dudu Simon, kang ngadeg ing anrané para prajurit, dijur, lan nganggo sandhangan kang gudras getih.

PANDONGA: Gusti Yésus ingkang Maha kuwaos, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit manggul salib Paduka. Ing wekdal sarira Paduka mboten malih saget manggul salib menika, Paduka ngidinaken tiyang sanés ingkang saweg langkung mitulungi Paduka. Kawula nyuwun Paduka ngapunten kawula gegayutan anggen kawuka kesandung lan kanthi keyakinan kawula yén kawula mboten sanggup teras manggul salib kawula. Nanging, kawula kalipur awit Paduka menika Ingkang Maha Kuwaos ingkang cemawis kanggé manggul salib kawula. Paduka nyelehaken pasangan Paduka atas kawula, nanging Paduka manggul kaliyan kawula kanthi makaten kanthi pitulungan Paduka kawula saget dumugi tujuwan ingkang Paduka tetepaké kanggé lampah gesang kawula. Paduka sampun prasetya badhé tansah nganthi kawula, malah ngantos pungkasanipun jaman. Amin

PITAKONAN

  1. Apa tegesé manggul salib ing sajroné ndhérék Gusti Yésus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 09:29 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)