Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 249 (Peter Denies Christ)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)

16. Petrus Nyélaki Sang Kristus (Matéus 26:69-75)


MATÉUS 26:69-75
69 Nalika samana Patrus linggih ana ing njaba, ana ing plataran. Banjur ana sawijining abdi wadon kang nyedhaki lan alok: “Sampeyan inggih tumut kalih Yésus, tiyang Galilea niku!” 70 Nanging Petrus selak ana ing ngarepe wong kabéh, wangsulane: “Kula boten ngreti kajeng sampean niku.” 71 Bareng dhéwéké menyang ing regol, ana abdi liyané kang weruh, banjur kandha karo wong-wong kang ana ing kono: “wong iki golongané Yésus, wong Nasaret iku.” 72 Nanging Petrus selak manéh kanthi sumpah: “Kula boten wanuh kalih tiyang niku”. 73 Ora let suwé wong-wong sing ana kono padha nyedhaki Petrus lan calathu: “Kowé iku mesthi iya golongané wong iku, iki wis katara saka basamu.” 74 Petrus banjur wiwit nyupatani awaké dhéwé lan sumpah: “Kula boten wanuh kaliyan tiyang niku.” Nalika iku banjur ana jago kluruk. 75 Petrus nuli kelingan pangandikané Gusti Yésus marang dhéwéke: “Sadurungé jago kluruk, kowé wis nyelaki Aku ping telu. “Banjur metu ing jaba, nanging kelara-lara.

Petrus ndhisik ndhérékaké Sang Kristus kanthi mantep, kendel, lan setyo. Dhéwéké kendel banget lan pracaya marang awake. Dhéwéké ndhérék Sang Kristus kanthi sesidheman saka kadohan, sawetara para murid kang liyané wis nglokro lan padha mlayu. Bisa uga dhéwéké duwé pangerep-arep yén Sang Kristus bakal menang ing wektu-wektu pungkasan, kanthi panyengkuyung yutan malaikat, lan dhéwéké bakal melu cawe-cawe ing sajroné kamenangan iku lan dadi kepala para menteri ing sajroné Kraton Panjenengané kang anyar.

Kanggo wong akéh, kumpulan karo wong kang ala dadi wewengan kanggo dosa. Wong-wong mau kuduné ora ménéhi wewengan marang awaké marang kumpulan kang mengkono iku, awit yén mengkono wong iku lagi lumaku ing papan manggoné Iblis. Nalika wong-wong mau mlebu ing sajroné kumpulan kang mengkono, wong-wong mau kudu cemawis ngadhepi coban lan panjiret, dikaya kang kelakon marang Petrus.

Perus kesandhung ing ngarepe pamriksan kang ditindakaké déning abdi wadon kang ora penting kang ngreti Petrus ing ngarep latar papané Imam Agung. Wong wadon iku nyeksekaké ing ngarepe umum yén Petrus iku pendhérék Gusti Yésus lan jubriya yén Petrus bisa uga teka arep nylametaké Gusti Yésus. Petrus éntha-éntha bodho lan nyelaki Gustiné kanthi kandha marang wong wadon iku, “Aku ora ngerti apa kang kok kandhakake”. Pameca gegayutan anggoné Petrus nyelaki Gusti lagi kaganepan.

Pitakonané wong wadon iku wis medeni Petrus awit dhéwéké ngerti bebayané yaiku bakal ditawan. Nanging, Petrus éntha-éntha tenang lan ora kaganggu. Sakwisé sawetara wektu, Petrus ngadeg lan banjur lunga saka lataré pengadhilan. Si pangawak dursila ngetutaké dhéwéké, lan ngutus wong wadon liyané marang Petrus kang wis nggatekaké dhéwéké, nanging Petrus goroh manéh lan sumpah yén dhéwéké ora tau ndeleng Sang Kristus sadurunge. Petrus tiba ing sajroné patrap goroh kanggo gegorohan. Dhéwéké ora nyelaki awaké, lan dhéwéké ora cemawis mati kanggo Sang Kristus.

Wong-wong lan para prajurit kang lagi ngadeg ngepung geni noleh marang Petrus nalika dhéwéké sumpah lan mbelani awaké dhéwé. Para prajurit mau sebanjuré ngrubung Petrus lan kandha yén saka cara omongané mbuktekaké yén Petrus asale saka Galilea lan mesti dadi pandhéréké Wong kang lagi kadakwa iku. Petrus ngipat-ipati awaké lan sumpah demi Allah yén dhéwéké ora duwé gegayutan apa waé karo Sang Kritsus, dhéwéké ora tau ndeleng utawa wanuh karo Panjenengané.

Sang Kristus nggunakaké sarana pitik jago kanggo ngelingaké Petrus. Pitik Jago kluruk lan ngelingaké Petrus bab apa kang dadi pangandikané Sang Krisus. Nalika iku uga, Petrus eling anggoné ora satriyo, eling pialané lan dhéwéké rumangsa pantes diparingi paukuman. Petrus remuk atiné lan nangis sedih. Ing kené Petrus mati kanggo anggoné gumunggung dhéwé, lan rasa pracaya marang awaké sawutuhé dadi ajur mumur.

Apa wis aja jago kluruk kanggo gumunggung panjenegnan lan rasa pracaya marang awak panjenengan?” Apa panjenengan duwé kekendelan kanggo kandha yén Sang Kristus iku Putra Allah kang gesang, senajana akéh wong-wong kang ora pracaya ing sakiwa tengen panjenengan?

PANDONGA: Gusti Yésus Kristus, Paduka apunten kawula awit pitados dhumateng badan piyambak. Paduka yasa ing badan kawula kapercayan namung dhumateng Allah kemawon, kanthi makaten kawula saget manunggal ing salebetipun kayektosan Paduka kanthi setyo malah nalika pancoban dumugi. Paduka ajar kawula supados nebih saking sadaya gegorohan, kalebet goroh putih ingkang alit, lan kanggé ngakeni menawi Paduka menika Putra Allah lan mboten nyelaki menawi Paduka menika Putra Allah kanthi kendel kemawon.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé apa ta Petrus nyelaki Gustiné nganti kaping telu?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 09:08 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)