Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 250 (Jesus Delivered to the Governor)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)

17. Gusti Yésus Dipasrahaké Marang Wali Negara (Matéus 27:1-2)


MATÉUS 27:1-2
1 Bareng wis esuk, kabéh pangareping imam lan pinituwaning bangsa Yahudi padha nglumpuk lan mutus, Gusti Yésus kapatrapan paukuman pati. 2 Gusti Yésus banjur kabesta kaladosaké marang Sang Wali-Nagara Pilatus.

Petrus nyelaki Gustiné lan para murid liyané bubar mawut lan nglokro. Pakaryané Gusti Yésus katoné wis rampung.

Ing bengi iku uga, wong-wong kang kapitanggenah nyemak lelakon ini ngrepotaké marang para pemimpin Yahudi kang ora nekani ing sajroné pengadilan kawitan atas Sang Kristus gegayutan apa kang kelakon. Para imam, ahli Torét, para pengarep, pinituwa lan pemimpin iku sebanjuré énggal-énggal ndeleng Sang Kristus lan nibakaké paukuman pati marang Panjenengané. Bangsa Romawi nglarang wong Yahudi nibakaké paukuman pati kanthi mengkono para wong-wong iku mutusaké nggawa “Ratu”né marang panguwasa saka bangsa dudu Yahudi iku. Wong-wong mau arep mirang-mirangaké Panjenengané ing ngarepané wong akéh. Awit Panjenengané ora bisa nylametaké sarirané saka panguwasané bangsa Romawi, para pemimpin andadekaké jalaran kandha yén Panjenengané dudu Sang Kristus kang bakal nuntun mlebu ing Kraton Allah lan menang tumrap kabéh piala.

PANDONGA: Gusti Yésus Kristus, para satru ngipat-ipati Paduka, lan para pemimpin napuki Paduka ing petenging dalu menika, lan mbekta Paduka dhumateng Makamah ingkang inggil piyambak. Paduka jumeneng lan kendel, ndedonga kanggé tiyang-tiyang menika ingkang sengit dhumateng Paduka, amberkahi tiyang-tiyang menika, lan ngadhepi sadaya wakil umat Paduka. Tiyang-tiyang menika mboten manembah Paduka, nanging ndhawahaké paukuman pejah saha masrahaké Paduka dhumateng para panguwaos Romawi supados nyalibaken Paduka. Kawula ngaturaken panuwun, dhuh Gusti, atas anggen Paduka teguh, sabar, tetap apatrap saé lan ugi kasucén Paduka. Paduka nyawisaken sarira Paduka kanggé séda nggentosi kawula. Paduka manggul panerak kawula, dipun siksa awit paukuman kawula, lan tetap nresnani kawula ngantos pungkasan. Kawula tansah ngaturaken panuwun atas katresnan Paduka ingkang sempurna.

PITAKONAN

  1. Apa bedané antarané patemon pemimpin Yahudi kang dianakaké wayah soré karo kang dianakaké ing esuke?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 09:10 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)