Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 245 (Jesus Heals His Attacker)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)

14. Gusti Yésus Nyaraskan Kupingé Wong Kang Nyerang Panjenengané (Matéus 26:51-56)


MATÉUS 26:51-54
51 Ing kono ana sawijining pandhéréké Gusti Yésus, kang gumrageh tangané ngunus pedhange, disabetaké marang abdiné Imam Agung, kupingé kaperung. 52 Nanging pangandikané Gusti Yésus: “Pedhangmu warangkakna, awit wong kang olah pedhang, bakal tiwas déning pedhang. 53 Apa pangiramu Aku ora bisa nyuwun marang RamaKu, supaya Panjenengané énggal ngirimaké malaekat luwih saka rolas bregada lan mbiyantu Aku? 54 yén mangkono, kapriye pangandika kang tinulis ing Kitab Suci bisané kalakon, kang mratélakaké, yén iki kudu kalakon mangkono?”
(Kejadian 9:6, Matéus 4:11).

Petrus cemawis mbelani Sang Raja Kasuwargan iku nganggo pedang lan kekuwatané. Nanging Sang Kristus nyegah nggunakaké kekerasan, awit kraton Panjenengané rawuh mung lumantar kabecikan, alusing bebuden, lan katresnan. Ing sajroné nindaké prekara iku, Sang Kristus nampik kabéh pambudidaya kang lelawanan karo tujuwan Ilahi Panjenengané lan timbalan Panjenengané babagan katresnan lan pangaji. Gusti ora nggunakaké rolas bregada prajurit malaikat kang kabawah panguwasa Panjenengané lan uga ora nyoba Sang Roh Suci kang wis meca kaya apa pentingé sédané lan ngakoni ing ngarepe para malaikat yén Panjenengan tetap padha dhek wingi, dina iki, lan nganti salawase. Awit saka iku aja mbudidaya meksa pikiran panjenengan nganggo kekuwatan. Nanging, sing sabar, pasrahna badan panjenengan marang Pangéran, lan tresnanna para satru panjenengan nganti ing pungkasané.

Kanggo para abdi Sang Kristus, gaman pepérangan ora kanthi cara kajasmanen, nanging gaman iku yaiku gaman kasukman. Awit saka iku, kita ora kena perang kanthi cara daging ( 2 Korinta 10:3-4). Sawetara wong pracaya, duwé pikiran, yén wong-wong pracaya kudu gumregah lan mbelani hak sipil lan kamardikané. Wong-wong pracaya yakin yén pepérangan dibutuhaké kanggo njaga keselarasan umum lan karukunan. Nalika wektu kang padha, senajana mangkono, wong-wong pracaya uga yakin yén kita ora kena lumawan piala (Matéus 5:39). Sang Kristus ora ngersakaké para abdi Panjenengané nyebaraké Injil kanthi nggunakaké kekuwatan gaman. Sawijining bebasan latin mratélakaken: Agama ora bisa kanggo meksa; lan agama kudu dibelani, ora nganggo mateni, nanging kanthi mati kanggo agama iku”

Sang Kristus nyarasaké talingan abdi kang diserang déning Patreus kanthi mangkono abdi kuwi bisa ngrungokaké pangandikané Gusti manéh. Panjenengan bayangké anggoné kagét abdi mau kang wis ndeleng kupingé gumlethak ana nglemah awit sabetan pedang lan sebanjuré dibalekaké manéh ing papang déning “satru”, kang bisa waé mateni dhéwéke. Kesarasan iki négesaké marang kita yen, kanthi nugraha, Gusti Yésus ngapura para satru Panjenengané lan ngengakaké kanggo para satru iku kratoné Allah kanthi merdika.

MATÉUS 26:55-56
55 Ing nalika iku Gusti Yésus ngandika marang wong akéh mau: “Rumangsamu Aku iki begal, dené anggonmu teka sikep gegaman pedhang lan penthung, arep nyekel Aku? Mangka saben dina Aku linggih lan memulang ana ing Padaleman Suci, kowé ora nyekel Aku. 56 Nanging kabéh-kabéh iki kalakon supaya kayekténana kang tinulis ing kitabe para nabi”, Para sakabat banjur padha ninggal Panjenengané lan padha lumayu kabéh.

Gusti Yésus nresnani para wong kang nyerang Panjenengané lan ora nyoba ambelani sarirané lumawan wong-wong iku. Panjenengané ngelikaké wong-wong mau kanthi alus lan nuduhaké marang wong-wong kang padha nyekel iku, patrap lelamisan, ora satriyo, lan anggoné jirih. Panjenengané ngandika yén wong-wong iku ora duwé panguwasa atas sarira Panjenengané. Panjenengané uga ngandikaaké manéh pameca kang mratélakaké yén Sang Kristus bakal kapasrahaké marang bangsa liya kanggo nebus wong-wong mau saka dosa-dosané yén pangéran bakal nempuh Pangon, lan wedhus-wedhusé bakal bubar mawut.

Nganti wektu iku, para murid isih ana ing sacedaké Gusti Yésus. nanging nalika para murid krungu yén Gusti Allah wis masrahaké Gusti Yésus ing tangané para satru Panjenengané para murid padha mlayu ing petenging bengi ing sajroné rasa nglokro. Para murid wis kelangan saben pengarep-arep!

PANDONGA: Gusti Yésus, Paduka menika alus bebuden Paduka lan andhap asor. Paduka masrahaken sarira Paduka dhumateng karsanipun Sang Rama lan nampi paukuman dhumateng Paduka, kaasoraken, lan ngraosaken panandhang ngantos dumugi séda. Paduka séda ing salebetipun kahanan ingkang mirang-mirangaken supados nguwalaken kawula saking paukuman Gusti Allah atas kawula. Paduka apunten kawula atas samukawis dosa kawula. Paduka ajar kawula supados mirengaken pangandikan Paduka lan pitados dhumateng Paduka kanthi makaten kawula saget kawangun kanthi katresnan Paduka, uwal saking pedhang bebendhu Paduka, lumampah ing salebetipun alusing bebuden selaras karsa Paduka, lan kesah dhateng pundi kemawon Paduka kersakake.

PITAKONAN

  1. Apa maknané saka bebandané Gusti Yésus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 09:00 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)