Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 246 (Jesus Faces the Sanhedrin)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)

15. Gusti Yésus Ngadhep Sanhedrin (Matéus 26:57-68)


MATÉUS 26:57-63
57 Gusti Yésus sakwisé kacepeng banjur kairid menyang ing daleme Imam Agung Kayafas. Para ahli Torét lan para pinituwa wis padha nglumpuk ana ing kono. 58 Petrus ngetutaké saka ing kadohan nganti tekan ing plataraning Imam Agung, lan bareng wis mlebu banjur linggih ing satengahé para abdi, arep nyumurupi karampunganing prakara. 59 Para pangareping imam, malah sapepaké pradata padha golék seksi palsu kang nglawan Gusti Yésus, supaya Panjenengané bisa kapatrapan paukuman pati, 60 nanging ora bisa oleh, sanadyan akéh seksi palsu kang padha seba. Wasana ana wong loro kang maju, 61 lan matur: “Tiyang punika nate cariyos: Aku bisa mbubrah Padalemané Allah lan bisa mbangun manéh sajroning telung dina.” 62 Imam Agung banjur jumeneng lan ngandika marang Gusti Yésus: “apa kowé ora mangsuli apa-apa tumrap pandakwané seksi-seksi iki?” 63 Nanging Gusti Yésus kendel bae. Imam Agung banjur ngandika manéh: “Demi Allah kang gesang, kandhaa marang aku kabéh, Kowé iku apa Sang Kristus, Putraning Allah, apa dudu?”
(Matéus 27:10, Yokanan 2:19-21, Para Rasul 6:14).

Para seksi kang teka ana ing ngarepe Sanhedrin ora bisa mbuktekaké apa waé lumawan Sang Krustus awit ceritané lelawanan antarané siji lan sijiné. Para juri, para imam lan pinituwa, ora bisa nemokaké alesanapa waé kanggo ngukum Sang Krisut, lan Panjenengané tetep ora luput ing ngarepe wong-wong mau.

Wong-wong ora ngreti apa kang dingandikaaké Sang Kristus gegayutan ngebrukaké Pedaleman Allah lan mbangun manéh ing sajroné 3 dina. Panjenengané mboten ngandika yén Panjenengané piyambak bakal ngebrukaké Pedaleman Allah, nanging tiyang-tiyang kang bakal ngebrukaké Pedaleman sarira Panjenengané kang kapenuhan keallahan lan Panjenengané bakal mbangun sarirané manéh ing sajroné 3 dina. Iki sejatiné meca gegayutan pati lan wunguné saka séda Panjenengané.

Gusti Yésus tetap kendel ing ngarepe juru apus-juru apus lan ndakwan palsu iku. Nalika pengadilan iku katon bakal gagal, Kayafas (Imam Agung nalika iku) ngadeg kanthi kebak kanepson lan mbudidaya kanggo njiret Sang Kristus. Kayafas kepéngin Gusti Yésus ngandika kang bisa nyilakakaké sarira Panjenengané kanthi mangkono Panjenengané bisa nibakaké paukuman marang Panjenengané kanthi mengkono bisa nibakaké paukuman marang Panjenenganipun. Gusti Yésus mboten paring wangsulan, lan namun mirsani Imam Agung menika tanpa ngandikan menapa-menapa.

PANDONGA: Gusti Yésus, Paduka menika kayektosan ingkang mboten wonten watek culika babar pindah. Paduka mboten paring jawaban pandakwa palsu saking para satru Paduka, nanging jumeneng ing ngajengipun tiyang-tiyang menika lan kendel, pitados dhumateng Rama Paduka ingkang wonten ing suwarga ingkang mbela Paduka. Paduka tulungi kawula supados pitados dhumateng pangayoman Paduka lan karawuhan Paduka ing salebetipun badan kawula ing ngajengipun sadaya pengadilan utawi dakwan awon lan mboten mbudidaya kanggé mbelani utawi pitados dhumateng badan kawula piyambak. Kawula gadhah janji bilih Sang Roh suci badhé wonten ing salebetipun badan kawula lan paring kasagetan dhumateng kawula kanggé sanjang menapa ingkang kedah kawula sanjangake. Paduka tulungi saben tiyang pitados, ing wekdal nampi pitakenan, supados pitados dhumateng Paduka lan nyesekaké babagan Paduka kanthi kawicaksanan, andhap asro, lan kapenuhan panguwaos.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé Gusti Yésus kendel saksuwéné diperiksa ing ngarepe Sanhedrin?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 09:02 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)