Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 242 (Pray Lest You Enter into Temptation)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)

11. Ndedongaa Supaya Aja Tiba Ing Sajroning Pacoban (Matéus 26:40-41)


MATÉUS 26:40-41
40 Banjur murugi sakabat telu mau, padha ketemu turu. Panjenegnané ngandika marang Petrus: “Apa kowé ora kuwat ngrewangi melek Aku sajam bae? 41 Padha meleka lan ndedongaa, supaya kowé aja tumiba ing panggodha. Roh iku pancen cumandhang, nanging daging iku ringkih.”
(Efesus 6:18, Ibrani 2:18).

Sawetara Sang Kristus nandhang sangsara kanthi séda lan lumawan Iblis, para murid lagi malah turu. Malah telu murid kang cerak Panjenengané ora kuwat lan waspada karo Panjenengané. Para murid ora nyengkuyung Sang Kristus lan ora nawakaké leladi marang Panjenengané kang lagi ora jenjem iku ing sajroné semangat paseduluran. Kabéh murid kesandung ing sajroné mangsa kang banget déning mbebayani iki.

Gusti Yésus maringi marang para murid pameleh kang alus. Saka pengalaman Panjenengané piyambak. Panjenengané nyethakaké yén daging kabéh manungsa iku ringkih, kaweden, lan ora cemawis kanggo kayu salib. Ora ana siji waé manungsa kang kang bisa leladi Gusti Allah tanpa pitulungan Roh Kudus. Nanging kamenangan bakal diwenehaké marang saébn wong kang tansah ndedonga, nampa panguwasa Roh Suci, dadi kuwat ing sajroné iman, lan nresnani para satru Panjenengané. Eling yén hakikat kamanungsan kita énggal-énggal nanggapi marang coban, lan wacanen Kitab Suci saben dina, uga rungokna kotbah-kotbah kang becik kanthi mengkono panjenengan ora kudu tiba ing sajroné pancoban. Aja tetep ana ing sajroné rasa nglokro, nanging terus pracaya lan yakin kanthi pengarep-arep. Nyuwuna marang Gusti kang gesang sih rahmat ndedonga kanggo panjenengan dhéwé lan para mitra panjenengan, awit Rama Panjenengan tansah ngenténi panyuwun panjenengan kang kalandhesan katresnan lan iman.

PANDONGA: Gusti Yésus, Paduka kemawon Sang Putra Manungsa lan Putra Allah. Paduka sinau mbangun turut lumantar pengalaman Paduka ingkang nggegirisi lan ngawonaken karsa pribadi Paduka piyambak awit Paduka nresnani Rama Paduka ing Suwarga langkung saking sariro Paduka piyambak lan mbangun turut dhumateng karsa Panjenenganipun. Paduka wucal kawula pambangun turut kasukman kanthi makaten kawula mboten namung nindakaken pepinginan kawula piyambak, nanging mbudidaya sakuwat badan kawula supados wanuh karsa Paduka, lan madosi panguwaos Paduka supados nindakaken karsa Paduka ing salebetipun panggesangan iman kawula. Jangkung kawula ing wekdal kawula ringkih.

PITAKONAN

  1. Apa tegesé “roh mbangun turut, nanging daging ringkih”?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 08:54 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)