Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 243 (Jesus’ Entire Submission to His Father’s Will)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)

12. Mbangun Turut Sampurnané Gusti Yésus Marang Kersané sang Rama (Matéus 26:42-46)


MATÉUS 26:42
42 Banjur tindak manéh kang kaping pindhoné lan ndedonga, ature: “Dhuh, Rama kawula, manawi tuwung punika boten saget sumingkir, kajawi kedah Kawula ombe, inggih sumangga ing sakarsa Paduka”

Sang Kristus ngahalahaké kakarepané sariro Panjenengané lumantar Sang Roh suci. Panjenengané ngaturaken donga Panjenengané kang kapindho kang beda karo donga kang kawitan, ing sajroné karsa kang sampurna padha karo apa kang dadi karsané Allah. Sang Putra wis ngreti yén ora bakal ana dalan liya kanggo nylametaké jagat kajawa lumantar kayu salib.

Cilaka wong-wong kang kandha yén manungsa bisa dibeneraké lumantar anggoné mbangun turut lan ora awit saka Rah Sang Kristus. Wong-wong iki ora melu dadi pérangananing panebusan kang dicawisaké marang wong-wong mau, awit Gusti Yésus waé kang ngunjuk tuwung bebendhu iku lan dudu kita.

Sang Putra ngalahaké karsa Panjenengané piyambak ing sajroné pandonga kang kaping pindho. Panjenengané sarujuk ing sajroné katresnan kanggi ngunjuk tuwung bebendu iku, séda minangka korban pangapura dosa kanggo wong-wong dosa, lan pinisah awit pakaryan panebusan gegenteni iku saka Rama Panjenengané.

Donga ora mung kaunjukaké karsa kita marang Gusti Allah, nanging uga nelukaké kekarepané kita marang Panjenengané. Banget penting ing sajroné donga, nalika kita ana ing sajroné karupekan, kanggo supaya cecedhakan marang Sang Rama kasuwargan lan kanggo masrahaké dalan lan pagawéan kita marang Panjenengané “Karsa Paduka ingkang dumados”

MATÉUS 26:43-46
43 Nalika murugi para sakabate manéh, iya padha ketemu turu, sabab mripate mbliyut. 44 Tumuli padha ditilar manéh kaping teluné lan ndedonga kaya sing uwis. 45 Sakwisé mangkono banjur murugi par sakabate lan ngandika: “Padha terusna anggonmu turu saiki lan ngasoa. Lah wis tekan ing titi mangsané Putraning Manungsa kaulungaké marang tanganing wong-wong dosa. 46 Padha tangia, ayo padha lunga, kang ngulungaké Aku wis cedhak”
(2 Korinta 12:8).

Gusti Yésus ndedonga kaping teluné donga kang padha. Panjenengané nggunakaké tembung-tembung kang padha ing sajroné donga Panjenengané kang kaping telu kaya ing sajroné donga kang kaping pindho. Iki ora awit ora yakin yén donga Panjenengané ora bakal di pirengaké, nanging awit Panjenengané wis pirsa yén titah kang dadi pangodha iku bakal tansah nyerang Panjenengané ing sajroné mangsa-mangsa iku kanggo ngalahaké anggoné mbangun turut marang karsané Gusti Allah. Gusti Yésus neguhaké sarira Panjenengané lumantar donga makaping-kaping, ing sajroné karsa Panjenengané lan ngerti banget, kanthi tegen ing sajroné ndedonga, yén Panjenengané yaiku siji-sijiné Pribadi kang bisa nyangga bebenduné Allah minangka gegentené kabéh manungsa.

Nalika ing sajroné pancoban iku, katoné sakabéhe, becik ing langit uga ing bumi, ngampet ambegan. Manawa wektu itu Gusti Yésus milih kepenaké kanggo sarirané piyambak lan terus manunggal karo Sang Rama, tanpa misahaké sarirané saka Sang Rama kanggo penebusing kita, kita mesti bakal cilaka lan ilang. Panjenengané nyingkur sarirané Piyambak, manggul salib Panjenenge, lan séda kanggo kslametan kita. Haleluya!

PANDONGA: Gusti Yésus Kristus, kawula manembah Paduka kanthi ngaturaken panuwun ingkang lebet, awit Paduka sampun nyangga paukuman lan panandhang awit bebendu Rama Paduka atas dosa-dosa kawula. Paduka tampi badan, manah, lan pikiran kawula minangka “Raos panuwun” ingkang alit ing salebetipun pambangun turut iman. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit anggen Paduka séda ingkang nggentosi kawula. Sucékaken kawula supados kawula mboten dhawah ing pancoban, lan Paduka wucalaken dhumateng kawula supados ndedonga kanthi sabar kanthi makaten kawula saget sesarengan tetep wonten ing salebetipun rancangan Paduka, lan mangertos bilih si pangawak dursila taksih tetep mbudidaya ngapusi kawula.

PITAKONAN

  1. Apa kang kita sinau saka 3 donga kang diaturaké gusti Yésus terus-terusan ing Taman Getsemani?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 08:56 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)