Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba
Previous Lesson -- Next Lesson MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
C - KUTBAHĚ SANG KRISTUS ANA ING GUNUNG ZAITUN (Matéus 24:1-25:46) -- KUMPULAN KEAPING ENEM SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS
14. Sang Kristus Hakim Kang Langgeng (Matéus 25:31-33)MATÉUS 25:31-33 Apa panjenengan temen-temen ngenténi rawuhé Sang Kristus, Juru selamet lan Hakim panjenengan? Kabéh panguwasa ing langit lan ing bumi wis diparingaké marang Panjenengané. Saiki Panjenengané lungguh ing sisih kanan Rama Panjenengané lan bakal rawuh ing sajroné kaagungan lan kamulyan, minangka Raja, Hakim lan Gusti. Kabéh mripat bakal nyawang Panjenengané lan kabéh manungsa bakal ngakoni kaluhuran katresnan Allah kang manjalma dadi manungsa ing sajroné Putra Panjenengané kang disalib, dadi panebusing kita. Awit saka iku, kita nyesekaké bab kaluhuran Allah, Rama, lan bab Putra Panjenengané Cempe Allah kang kasembelih. Panjenengané nimbali kabéh wong pracaya supaya mratélakaké kaluhuran Panjenengané kanthi leladi Panjenengané ing sajroné kasucén. Panyuwun ing pandoga Rama kawula, “Kaluhurna asma Paduka”, bakal dipratélakaké ing sajroné kita. Sang Kristus bakal rawuh manéh minangka Putra Manungsa. Sakwisé anggoné Panjenengané wungu, para murid Panjenengané bisa ngreti saka wujud, lagean, tembung-tembung, lan tandha paku ing asta Panjenengané. Kita, uga bakal wanuh ngreti Panjenengané minangka salah siji saka kita, minangka manungsa sejati. Kita bakal asurak lan bingah awit Panjenengané iki pantara kita kang setya, lan dadi piyayi kang ngrukunané kabéh manungsa karo Gusti Allah. Panjenengané nyanga kabéh dosa kita ing kayu salib, lan nelukaké pati kanggo kita. Panjenengané kang nyurutaké geni bebenduné Allah lan ngrukunaké jagat karo Panjenengané. Minangka pérangan saka karukunan kang banget ora ana bandhingané iki, Sang Roh Rama bakal mlebu ing sajroné wong-wong dosa kang wis mratobat, nindakaké ing sajroné wong-wong mau keselametan kang wis ditampa lumantar kayu salib. Sing sapa nampik karukunan Sang Kristus kanggo pangapurané dosa bakal nampa kacilakan langgeng, awit ora duwé dalan marang nugraha. Wong iku bakal ngadhepi Putra Manungsa kang bakal ngadhili wong kang urip lan kang mati. Pengadilan Panjenengané iku mesthi. Sang Kristus bakal nglumpukaké kabéh manungsa ing ngareping dhampar pengadilan Panjenengané lan dikaya Panjenengané séda kanggo wong-wong kabéh, mengkono uga Panjenengané bakal ngadhili sakabéhe. Kabéh manungsa kudu sowan ing ngarsané Putra Manungsa lan Panjenengané bakal ngadhili siji mbaka siji. Wong-wong kang ala lan wong kang mursid bakal nglupuk bebarengan, nanging Gusti Allah pirsa sapa kang dadi kagungané lan Panjenengané bakal misahaké dadi rong golongan iku. Sang Kristus iku Pangon kang becik kang masrahaké urip Panjenengané kanggo wedhus-wedhus Panjenengané. Wedhus-wedhus Panjenengané wanuh suwara Panjenengané lan ndhérékaké Panjenengané. Panjenengané maringi panguripan langgeng marang wong-wong lan wong-wong iku ora bakal nglakoni kacilakan langgeng, lan uga ora ana kang bisa ngrebut saka ing asta Panjenengané. Sing sapa ndhérék Sang Kristus bakal diteguhaké ing sajroné patunggalan katresnan Allah. Kabéh wong kang dadi pandhérék Cempening Allah bakal ngadeg ana ing sisih kanan Panjenengané. Sing sapa mangkotaké pikiran marang katresnan Allah lan anggoné nebus Panjenengané yaiku wedhus jawa kang ora bisa ditata, kang nggunakaké dina-dinané ngadu sirah marang wong-wong liya lan ora ngrungokaké marang Pangon kang becik iku. Sang Kristus bakal misahaké antarané wedus gembel karo wedhus jawa ing wiwitan pengadilan Panjenengané. Apa panjenengan katon kaya wedhus gembele sang Kristus, apa wedhus jawa, wedusé Iblis? PANDONGA: Gusti Yésus Kristus, kawula manembah Paduka lan ngluhuraken Paduka awit Paduka badhé dados Hakim ingkang tunggal atas sadayanipun bangsa. Paduka Ingkang Maha Suci, Ingkang Adil ingkang kebak kaliyan katresnan. Paduka dados manungsa, lan Paduka pirsa hakikat karingkihan lan coban kawula. Paduka ngapunten kawula atas dosa-dosa kawula lumantar séda Paduka ingkang nggentosi kawula. Paduka kemawon Sang Juru wilujeng ingkang nyuceni kawula lumantar rah Paduka ingkang aji. Kawula gadhah pengajeng-ajeng ingkang jejeg dhumateng Paduka, bilih Paduka badhé ngayomi lan milih kawula ing dinten agung menika kanthi panguwas kayektén lan kaadilan Paduka. Paduka paringi dhumateng sedhérék-sedhérék ingkang gesang sesarengan kawula wewengan lan kekajengan kanggo mratobat lan pitados saderengipun rawuh Paduka malih. PITAKONAN
KUISPara maos kang kinasih,
Aku kabéh mbereg panjenengané supaya ngrampungaké bebarengan analiti Sang Kristus lan Injil Panjenengané kanthi mangkono panjenengan bisa nampa bandha kang langgeng. Aku sakonco ngenténi jawaban panjenengan lan ndedonga kanggo panjenengan. Alamatku: Waters of Life Internet: www.waters-of-life.net |