Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 220 (Salvation of the Believers)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
C - KUTBAHĚ SANG KRISTUS ANA ING GUNUNG ZAITUN (Matéus 24:1-25:46) -- KUMPULAN KEAPING ENEM SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

10. Kaslametané Wong-Wong kang Pracaya (Matéus 24:37-41)


MATÉUS 24:37-41
37 Sabab kayadené nalika jamané Nabi Nuh, iya mangkono besuk bakal rawuhé Putraning Manungsa. 38 Marga padha kaya dhek jaman sadurungé banjir patopan, wong-wong padha mangan lan ngombe, omah-omah lan ngomah-omahaké, nganti dina anggoné Nabi Nuh lumebet ing prau, 39 lan padha ora nglegewa nganti tekané banjir kang nyirnakaké wong-wong mau kabéh, mangkono uga besuk ing dina rawuhé Putraning Manungsa. Ing wektu iku manawa ana wong loro ana ing pategalan, kang siji bakal kapulung, sijiné bakal katinggal. 41 Manawa ana wong wadon loro kang padha siji bakal kapulung sijiné katinggal.
(Lukas 17:35)

Wektu sadurungé banjir, Gusti Allah paring dhawuh marang Nuh supaya gawé perahu, kang perahu iku bakal nylametaké dhéwéké lan kabéh keluwargané. Kanca-kancané memada Nuh lan nganggep wong bodho, nganti wong-wong iku dhéwé klelep ing sajroné bebenduné Gusti Allah. Nanging, Nuh pracaya marang pameca Gusti Allah lan pracaya marang Panjenengané senajan akéh wong ngréméhaké, lan sebanjuré dhéwéké lan kabéh keluwargané selamet. Panjenengané iku grabah kang terus agawé kita ngambang. Tampa Panjenengané ing sajroné prajanjian Panjenengané kang anyar kanthi mangkono panjenengan bisa urip manunggal karo Panjenengané nganti salawas-lawase.

Mangan lan ngombe dibutuhaké kanggo nyambung uripe manungsa. Omah-omah lan ngomah-omahaké iku penting kanggo katerusané urip manungsa. Nanging prekara-prekara kang becik iku bisa dadi prekara manawa kita nindakaké iku kabéh kanthi cara kang luput. Ing jaman Nuh, manungsa banget dikuwasani déning pepinginan mburu kasenengan. Manungsa banget déning kacancang karo jagat lan kedagingan, kanthi mangkono manungsa nyepelekaké pitutur kang becik, malah nalika karusakan wis ing ngarep lawang. Manungsa mangan lan ngombe, nalika manungsa kuduné mratobat lan ndedonga. Gusti Allah ngagem Nuh kanggo nimbali manungsa mratobat, nanging manungsa nampik pawarta kang dilantarake. Pawarta iki kanggo manungsa, dikaya kanggo bangsa Israél ing mangsa sakwisé iku, nanging manungsa tetap ing sajroné lelamisan kasukman, ilang lan ora bisa diapura (Yésaya 22:12,14).

Kita bisa ndeleng ing sajroné sejarah manungsa, yén sadurungé sirnané sawijining tata laku, wong-wong ing sajroné tata lakuné iku dadi rusak lan kalimputan tindak lelamisan waé. Punjeré kawigaten manungsa marang kasenengané dhéwé, lan manungsa ngréméhaké derajat uripe dhéwé lan wong-wong ing sakiwa tengené manungsa tanpa rasa isih, senajan manungsa ngerti yén anggoné sirna bakal nekani. Nalika Gusti Yésus nyethakaké gegayutan wong-wong kang mangan, ngombe lan omah-omah, Panjenengané ora kandha yén kabéh iku dosa, nanging nyethakaké babagan manungsa kang nindakaké kabéh prekara tanpa Gusti Allah, lan tanpa bener-bener mikiraké prekara iku. Ya awit anggoné ora maélu lan ora pracaya manungsa diukum.

Kamursidan kang palsu ora bakal nylametaké panjenengan saka paukuman kang bakal teka. Mung lumantar iman marang Juru selamet, Gusti Yésus, iku waé kang bisa nylametaké panjenengan. Sang Kristus bakal milahaké manungsa ing sajroné loro golongan nalika rawuhé kang kaping pindho: wong-wong kang wanuh Panjenengané kanthi cara pribadi minangka jejeré Kang Nebus, lan wong-wong kang ora wanuh karo Panjenengané. Wong-wong kang wanuh lan dadi kagungan Panjenengané bakal kalimputan karo Sang Roh Suci lan bakal ditampa uga diparengaké mlebu ing sajroné omah ing mangsa-mangsa pungkasan iku.

Wong-wong kang dadi kagungané Sang Kristus bakal “kapulung” menyang ing awang-awang nalika Panjenengané rawuh manéh. Wongwolng sebanjuré bakal munggah menyang suwarga kaya Gusti uga wis munggh. Sabeneré wong-wong ora pantes nampa kapulung mangkené iki, nanging anggoné dibeneraké saka Gusti Allah awe kang wis ngrubah wong-wong mau lan andadekaké wong-wong mau pantes kapulung. Apa panjennegan wis manunggal karo Sang Kristus ing sajroné Roh Panjenengané. Apa panjenengan ngerti yén Gusti piyambak dadi kagungan panjenengan?

Sang Kristus ora maringi pirsa sadurungé marang wong-wong pracaya babagan anggoné bakal rawuh. Panjenengané ngersakaké wong-wong tansah cemawis nampani Panjenengané ing salah siji wektu, becik ing dina awan uga ing wayah wengi.

PANDONGA: Rama kasuwargan, kawula ngluhuraken Paduka awit Putra Paduka ingkang kinasih maringi kawula pengajeng-ajeng ingkang gesang. Tansaha jangkung kawula supados mboten dhawah ing salebetipun patrap lelamisan lan angenan ingkang nglaha tanpa gina. Paduka sirnakaké saking panggesangan kawula sadaya dosa kawula lan teguhaken kawula ing salebetipun putra Paduka kanthi makaten Panjenengané badhé nguwalaké kawula saking mangsa pangadhilan lan njangkung kawula kanggé sarira Panjenenganipun piyambak.

PITAKONAN

  1. Kepiyé ta anggoné Sang Kristus bakal bali ing donya kita, lan apa kang bakal dumadi atas wong-wong kang disihi Panjenengane?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on August 12, 2023, at 04:53 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)