Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 219 (The End of the Worlds)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
C - KUTBAHĚ SANG KRISTUS ANA ING GUNUNG ZAITUN (Matéus 24:1-25:46) -- KUMPULAN KEAPING ENEM SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

9. Pungkasaning Jaman (Matéus 24:32-36)


MATÉUS 24:32-36
32 Padha nampanana piwulang saka wis anjir kang mangkéné: Manawa pangpangé memes lan wiwit semi, kowé padha ngreti, yén wis meh mangsa panas. 33 Samono uga, manawa kowé padha weruh lelakon iku mau kabéh, padha sumurupa, yén wis cedhak, wis ana ing ngarep lawang. 34 Satemené Aku pitutur marang kowé, jinis iki ora bakal sirna, sadurungé iku mau kabéh kalakon. 35 Langit lan bumi bakal sirna, nanging tembungKu ora bakal sirna pisan-pisan. 36 Mung bae, mungguh dina lan wayahé iku, ora ana owng siji-sijia kang sumurup, para malaekat ing suwarga ora, sang Putra iya ora, kajaba mung Sang Rama piyambak”.
(Yésaya 51:6, Matéus 5:18, Para Rasul 1:7, Markus 13:28-32, Lukas 21:29-33, 12:39, 40).

Sang Kristus paring pameca yén bumi, mbulan lan lintang-lintang mesti bakal kepungkur. Sang Roh Suci uga mratélakaké lelakon-lelakon iku marang rasul Petrus kang sebanjuré ditulis ing sajroné layang kang kaping pindho, pasal 3:8-13. Nanging, Gusti Allah, ing sajroné sih kawelasan Panjenengané kang agung, paring prasetya bakal nitahaké langit anyar lan bumi anyar, ana kono wong-wong dosa lan tentrem rahayu bakal manunggal. Para pandhéréké Sang Kristus bakal urip bebarengan karo Gusti Allah minangka keluwarga ing sajroné kabunghan kang langgeng.

Jaganen pangandikané Sang Kristus ing sajroné ati panjenengan, awit pangandikan iku bandha kang gedhé dhéwé kanggo manungsa. Pangandikan iku bakal nuntun kita saka kacilakan marang kalanggengan, lan saka dosa marang kayektén. Panjenengan rungokaké pangandikan Sang Kristus luwih saka panjenengan nonton Televisi. Pracayaa marang pangwasané lan atindaka selaras isiné lan panjenengan bakal melu ngrasakaké jagat anyar kagungané Gusti Allah. Manawa panjenengan kudu mlaku, mlayu saka negara panjenengan, utawa ngayom ing papan pasingitan saka karusakan kang bakal teka, prekara kang penting dhéwé yaiku Kitab Suci (dibandhingké karo dhuwit, emas utawa sandhangan) kang dilebokaké ing sajroné tas panjenengan, awit ing kono waé ana panganan kasukman kanggo nyawa panjenengané. Wicaksanaa, lan aja ngedoh panjenengan saka pangandikané Gusti kang wis dicetak kanggo panjenengané iku. Pangandikan Panjenengané iki ora bakal owah gingsir malah senajana jagat kabéh bakal kepungkur. Pangandikan Panjenengané ora bakal owah gingsir, lan Sang Kristus piyambak iku Pangandikan Gusti Allah iku.

Pangandikan Sang Kristus iku luwih gumathok lan langgeng dibandhingaké karo langit lan bumi. Apa Panjenengané wis ngandikan? Rak Panjenengané kang wis nindakaké ta? (Yésaya 38:15). Nalika cagak-cagaké langit lan pondasi-pondasi bumi sirna, Pangandikané Sang Kristus bakal tetap ing sajroné kalimputan panguasa lan kayekténané.

Kita kudu ngakoni yén akéh prakara kang bakal kelakon kanggo mbuka dalan kanggo rawuhé Sang Kristus, senajana kita ora ngreti kepiyé peprincenané. Mung wong bodho kang lelamisan ngerti sakabéhe. Sang Kristus, ing sajroné kaandhap asorané ngakoni yén ora ana wong kang ngreti wektuné pungkasané jaman kajaba Rama Panjenengané. Sakwisé wungu Panjenengané saka séda lan kamenangan Panjenengana atas pati, Panjenengané nyeksekaké yén kabéh panguwasa ing langit lan ing bumi wis diparingaké marang Panjenengané. Ing sajroné dedelengan ing pulau Patmos, rasul Yokanan ndeleng cempe Allah kang dibeleh iku waé kang pantes mbuka gulungan kita lan mbuka cape, kalebu katarangan gegayutan pungkasané jaman.Dadi, sejarah manungas ana ing astané Sang Kristus.

PANDONGA: Gusti Yésus, kawula memuji Paduka awit Paduka kemawon Ratu atas sadaya ratu, Gusti atas sadaya Gusti, lan Paduka nyepeng mangsa tembe sadaya manungsa ing asta Paduka. Paduka apunten kawula atas anggen kawula nglirwakaké lan anggen kawula mboten maélu. Paduka wucal kawula supados gadhah pikiran gegayutan pungkasan saka jagat raya menika kanthi makaten kawula saget nyawisaken badan gegayutan rawuh Paduka, mboten ing salebetipun nglokro, nanging ing salebetipun panuwun. Kawula ngluhuraké Paduka atas Pangandikan Paduka, ingkang mratélakaken dhumateng kawula menawi Paduka kemawon pengajeng-ajeng kawula ingkang tamtu.

PITAKONAN

  1. Apa ta kang dipratélakaké Gusti Yésus ing sajroné pasemon babagan wit anjir?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 07:15 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)