Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 221 (Watch!)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
C - KUTBAHĚ SANG KRISTUS ANA ING GUNUNG ZAITUN (Matéus 24:1-25:46) -- KUMPULAN KEAPING ENEM SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

11. Sing Padha Rumantia! (Matéus 24:42-51)


MATÉUS 24:42-44
42 Mulané padha rumantia, amarga kowé ora ngreti dina rawuhé Gustimu. 43 Nanging iki kawrwuhana: Saupama kang duwé omah iku ngreti wayahé tekané maling ing wayah bengi, mesthi banjur jaga-jaga, ora bakal aweh omahé dibabah. 44 Awit saka iku, kowé uga padha rumantia, amarga rawuhé Putraning Manungsa iku ing wayah kang ora koknyana”.
(Matéus 25:13, 1 Tesalonika 5:2)

Sang Kristus paring dhawuh marang kita supaya sing awas lan waspada, ngenténi rawuh Panjenengané. Ora ana wong siji waé kang ngreti kanthi pas kapan Gusti Yésus rawuh. Sawetara wong malah duwé pikiran yén Panjenengané ora bakal rawuh. Kang liyané kandha yén Panjenengané wis rawuh lan Panjenengané saiki kasingidan ing antara kita. Nanging, Sang Kristus ngelingaké kita lan paring dhawuh kita supaya cemawis lan jejeg kanthi cara kasukman, awit Panjenengané bakal rawuh kanthi ora kanyana, kanthi sesingidan, kaya maling kang teka ing wayah bengi. Awit saka iku, semboyan ing dalan kita kuduné yaiku waspada lan diawas, kanthi mangkono kita ora bakal kelangan wewengan ketemu karo Gusti.

Waspada ngandhut panjarwa ora mung pracaya yén Gusti bakal rawuh, nanging uga terus nyawisaké awak, ing sajroné kahanan kasukman kang dikersakaké Panjenengané nalika kita ketemu karo Gusti. Waspada ateges nggatekaké kanthi temen-teman tandha-tandha wiwitan saka anggoné Panjenengané rawuh, kanthi mengkono kita bisa banjur netepaké awak kita marang tanggung jawab kita kanggo ketemu karo Panjenengané. Sawetara kita ana ing donya iki, kaya-kaya bengi ngalimputi kita, lan kita kudu temen-temen mbudidaya supaya bisa tetap diawas. Kepiyé kita bisa nyawisaké awak kanggo rawuhi Sang Kristus?

Kanthi nresnani Panjenengané lan nganti Panjenenengané
Kanthi nyawisaké omah lan ati kita sak resik-resiké, lan ngrancang kabéh kanthi sempurna kanggo Panjenengané.
Kanthi nggantekaké tandha-tandha kang nuduhaké anggoné Panjenengané rawuh ing sajroné Prejanjian Lawas lan Prejanjian anyar.
Kanthi ndedonga lan nyuwun pirsa marang Gusti babagan kersa Panjenengané kanthi mengkono kabéh panguripan kita bisa dadi sarana cecawisan gegayutan karo anggoré rawuh.
Kanthi nyartitakaké marang sedulur lan para mitra kita babagan anggoné Panjenengané rawuh manéh kanthi mengkono para mitra lan sedulur mau uga bisa nyawisaké awaké ngenti rawuhé Gusti atas sakabéhé Gusti.
Kanthi nyawisaké kidung-kidung pujian kanggo nampa Sang Juru selamet kita kang kebak sih Rahmat.

Apa panjenengan wis nyawisaké awak kanggo rawuhé Gusti Yésus? Utawa apakah kita nglakoni panguripan kang apunjer marang awak dhéwé, tanpa tujuwan? Dadaren telenging ati panjenengané lang gatekaké manawa ana dosa ing kana, utawa rasa sengit marang sawijining uowng kang bisa uga durung diapura. Énggala supaya panjenengan nemokaké sih rahmat panyucen kanggo badan panjenengan dhéwé sak cepet-cepete. Nyuwun pangapura sawetara panjenengan duwé wewengan kanggo nindakaké prekara iku.

PANDONGA: Rama kasuwargan, Paduka apunten kawula menawi kawula mboten maélu rawuh putra Paduka ingkang Paduka sihi awit kawula sampun dipun kuwasani déning prekawis kadonyan. Paduka angkat sirah kawula supados ningali Sang Penebus ingkang rawuh ingkang badhé nylametaken kawula saking panganiaya, coban, lan pati. Tulung kawula supados nyawisaken margi kanggé Gusti kanggé rencang caket lan mitra kawula kanthi makaten sedhérék-sedhérék kalawau uga cemawis kanggé nampi sang Kristus. Paduka kiyataken anggenipun ngentosi kawula supados kawula mboten katileman utawa nyupekaké dinten rawuh Paduka.

PITAKONAN

  1. Kepiyé carané panjenengan gampangé nyawisaké awak panjenengan gegayutan rawuhé Gusti Yésus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 07:24 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)