Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 218 (The Clear Signs of Christ’s Second Coming)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
C - KUTBAHĚ SANG KRISTUS ANA ING GUNUNG ZAITUN (Matéus 24:1-25:46) -- KUMPULAN KEAPING ENEM SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

8. Tandha-Tandha Kang Cetha Babagan Rawuhé Sang Kristus Kang Kaping Pindho (Matéus 24:27-31)


MATÉUS 24:27-31
27 Sabab kayadené cumlereting kilat saka ing wétan sumunar tumeka ing kulon, iya mangkono iku besuk bakal rawuhé Putraning Manungsa. 28 Ing ngendi ana bathang, ing kono panggonané manuk garudha padha gegrombolan.” 29 “Sakwisé sangsara ing mangsa iku kalakon, padha sanalika srengengé bakal dadi peteng, rembulan ora sumunur lan lintang-lintang padha tiba saka ing langit sarta pikukuhing langit bakal padha gojang-ganjing. 30 Ing nalika iku bakal katon tandhané Putraning Manungsa ana ing laingt lan sakabéhing bangsa ing salumhaing bumi bakal padha ngadhuh-adhuh, banjur padha ndeleng Putraning Manungsa rawuh nitih meganing langit, kalawan ngasta panguwasa lan kamulyan gedhé. 31 Panjenengané tumuli bakal ngutus para malaekate kanthi swaraning kalasangka kang banter banget, iku bakal padha ngumpulaké wong-wong pilihané saka ing keblas papat, saka tepining langit tekan ing sisihe.
(Yésaya 13:10, Daniel 7:13-14, Markus 13:24-27, Lukas 17:37, 21:25-28, 1 Korinta 15:52, 2 Petrus 3:10, Wahyu 1:7, 6:12-13, 8:2, 19:11-13)

Mungguh rawuhé Sang Kristus kang kaping pindho bakal dumadi lelakon kang penting banget ing mangsa kang bakal teka. Kabéh mekaring sejarah nganti dina iki diarahaké marang lelakon iku. Binerkahan wong-wong kang nyawisaké awaké kanggo ketemu karo Ratuné kang bakal rawuh ing sajroné kaluhuran kang gedhé.

Kang Nitahaké jagat saisiné bakal rawuh kanthi kabéh panguwasa Panjenengané kanggo panenan kang pungkasan. Ana kang kandha, “Awit ing ngendi ana bathang, mula ngumpul manuk-manuk doyan bathang.” Ing sajroné Kitab Wahyu (19:17-21) kita maca yén malaikat Gusti nimbali kabéh manuk supaya mangan daging para satru Sang Kristus kang dipateni. Panjengané bakal nelukaké kewan iku lan kabéh para pandhéréké, lan njejegaké Kratoné Panjenengané kang nekakaké tentrem rahayu ing bumi iki.

Ing sajroné wektu sadurungé rawuhé Sang Kristus kang kaping pindah, bakal ana owah-owahan ing jagat raya iki. Padhang saka srengengé lan mbulan bakal mbleret, bakal ana lindhu lan ombak segara mawalikan, lan baran-barang ing angkasa bakal pindah saka papané. Owah-owahan ing langit iku uga nandhakaké anané pepérangan kasukman, awit Sang Kristus bakal rawuh manéh karo kabéh malaikat Panjenengané kang wis menang atas prajurit Iblis. Kabéh bakal ndeleng tandha-tandha Putra manungsa ing langit.

Nalika wektu iku uga, Sang Kristus bakal nangekaké kabéh kang wis mati. Wong-wong kang nampik Gusti Allah ora bakal duwé pengarep-arep, lan bakal ngreruntuh awit ora ana papan kanggo mlayu saka pepadhang Allah iku. Sedulur, mratobata marang Gusti Allah sawetara isih ana wektu! Akoni marang Panjenengané kabéh dosa panjenengan, lan rah Kristus bakal murnekaké panjenengan nganti salawase. Panguwasa Sang Roh suci Panjenengané bakal maringi panjenengan panguripan lan andadekaké panjenengan dadi pribadi kang resik kanthi cara kasukman. Tanpa Sang Roh Kristus ing sajroné awak panjenengan, panjenengan bakal mati lan cemer kanthi cara kasukman. Para malaikat ing pengadilan bakal nglumpukaké panjenengan lan mbuwang panjenengan kaya mbuwang kayu garing ing sajroné segara geni kang langgeng. Nanging manawa panjenengan kapenuhan karo kabecikan Sang Roh Suci, Sang Kristus bakal wanuh panjenengan ing pungkasané jaman lan nimbali panjenengan mlebu ing bujana bebarengan karo kabéh wong pracaya kang liya. Kanthi nampa Sang Kristus, panjenengan bakal dadi pérangan saka badan kasukman Panjenengané ing ngendi padhang Panjenengané bakal ngalimputi panguripan panjenengan. Panjenengan bakal kalimputi ing sajroné kabéh gegelitané badan panjenengan, lan Gusti Yésus bakal ngandika marang panjenengan, “Sira aja wedi, awit Ingsung wus nebus sira, Ingsun wus nimbali sira kanthi nyebut jenengira, sira iki kagunganingSun” (Yésaya 43:1)

PANDONGA: Gusti ingkang suci, kula mboten pantes ngangkat praupan kula supados ningali pepadhang kaluhuran Paduka ingkang rawuh dhumateng kawula. Apunten hakikat gumunggung kawula, Paduka sucéni duraka kawula, Paduka sucéné kawula saking kawontenan cemer kawula lan sucékaken kawula sawetahipun kanthi makaten kula saget dadi pérangan saking katresnan Paduka, lan manunggal dados gegelitan badan kasukman Paduka, nyawisaken rawuh Paduka ingkang luhur. Paduka rawuh, dhuh gusti awit pepeteng karaos tambah ndhedhet. Mangga énggal rawuh.

PITAKONAN

  1. Apa kang dadi tandha rawuhé Sang Putra Manungsa?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 07:13 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)