Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 208 (Jesus’ Prophesy about Jerusalem)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
B - SANG KRISTUS MELĚHAKÉ LAN NGELINGAKÉ PARA PEMIMPIN AGAMA YAHUDI (Matéus 23:1-39) -- KUMPULAN KALIMA SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

11. Wecanané Gusti Yésus Ngenani Yérusalém (Matéus 23:34-36)


MATÉUS 23:34-36
34 “Mulané delengen, Aku ngutus nabi-nabi, para wong wicaksana lan para ahli Torét nekani kowé sarta ana kang banjur kokpateni lan koksalib, ana manéh kang bakal padha koksapu ana ing papan-papan pangibadahmu, lan kokoyak-oyak saka ing kuta kang siji menyang ing kutha sijiné 35 supaya kowé padha katempuhna wutahing getihé wong kang ora salah wiwit saka Abil wong kang mursid iku, nganti tekan Zakharia anaké Berekya, kang kokpateni ana ing antarné papan suci lan misbyah. 36 Satemené Aku pitutur marang kowé: Kabéh iku bakal katempuhaké marang jinis iki.
(Purwaning Dumadi 4:8, 2 Babat 24:20-21).

Gusti Yésus ngelingaké para pemimpin agama Yahudi kanthi ngandika, “Kowé iku tedhak turuné ula bedhudhak, ora bakal uwal saka pangipat-ipat neraka.” Bisa uga wong duwé pikiran yén Gusti Yésus bakal ngandika, “Awit saka iku ora bakal ana manéh nabi kang bakal diutus ngelingaké kowé”. Nanging kang kita rungu malah kosok baliné “Awit saka iku, Aku bakal ngutus para nabi supaya nimbali kowé marang pamratobat, awit manawa ora mengkono, kowé ora bakal diapura ing ngarsané Gusti Allah”. Prasetya iki kawiwitan kanthi tembung-tembung kang ngyakinaké, “Sabenere”. Tembung iki mesthekaké yén pancen Sang Kristus bakal ngutus para nabi iku. Panjenengané mratélakaké yén sarira Panjenengané iku Gusti, kagungan panguwasa nimbal lan maringi tugas para nabi. Sang Kristus ngutus para nabi dadi utusan kanggo Panjenengané supaya mulang babagan kahanan atiné manungsa. Sakwisé patangen Panjenengané Panjenengané ngujudi janji Panjenengané “Aku uga ngurus kowé (Yokanan 20:21).

Gusti Yésus mratélakaké yén Panjenengané ing sajroné panguwasa Panjenengané bakal ngutus, sakwisé panjenengané séda, yaiku para nabi, utusan, wong-wong wicaksana, lan para ahli Torét marang bangsa Yahudi. Panjenengan ngyakinaké marang para pandhérék panjenengané yén para satru Panjenengané kang ora trengginas lan ngendelaké kayekténé dhéwé bakal nganiaya, nyapu, lan ngrajam para panderek Panjenengané lan uga ngoyak-ngoyak para pandhérék Panjenengané saka kutha siji menyang kutha liyané nyalibaké sawetara ing antarané para pandhérék. Sing sapa kepéngin maca gegayutan kaujudané pameca iki kudu sinau kitab Para Rasul. Iki salah siji Kitab ing sajroné Prejanjian Anyar, ing antarané kitab-kitab kang liyané kang nyaritakaké gegayutan rasa sengit lan kanisthan saka para pandhérék Paugeran Musa kang duwé pikiran yén para satru iku leladi Gusti Allah nalika para satru nyerang lan mateni para pandhérék Sang Kristus (Yokanan 16:1-3).

Sang Kristus ora mung ngandika marang para satru gegayutan tumindaké kang ala lan cemer, nanging uga gegayutan pengadilané Allah marang para satru mau awit para satru wis mutahaké getihé para peladosé gusti. Getih iku nguwuh marang Gusti Allah (Purwaning Dumadi 4:10, Ibrani 12:24), kaya nyawa-nyawa kang mati merga saka iman kang dipateni ing jaman Prejanjian Lawas ngenténi pengadilan Gusti Allah kang adil (wahyu 6:9-11).

Dina iki, sawetara pemimpin gereja lan wong-wong kang duwé agama uga ora urip selaras karo pamratobat lan roh kang dianyaraké, nanging uri manut pepinginan lan ukurané dhéwé gegayutan kayektén. Para pemimpin gereja banget nampik utusan Sang Kristus kang nyurung para pemimpin mau ngrucat anggoné mursid kang palsu. Para pemimin lan wong kang duwé agama iku prelu mratobat lan ndhérék patuladan Sang Kristus kang andhap asor lan alus bebuden.

PANDONGA: Gusti ingkang Suci, kawula ngaturaken panuwun awit Putra Paduka ngandika kanthi tinarbuka lan keras dhumateng tiyang-tiyang ingkang ngendelaké kayektosanipun piyambak lan mratélakaken wolu pamada dhumateng tiyang-tiyang menika supados tiyang-tiyang menika mratobat. Paduka apunten anggenipun gumunggung kawula lan lelamisan kawula menawi kawula atindak kados tiyang-tiyang menika, menawi kawula mboten saéstu-estu mratobat utawi karibah déning kasucén Paduka. Jangkung sadaya tiyang ingkang nguwuh ing salebetipun pamratobat lan iman dhumateng Sang Juru wilujeng satunggal-tunggalipun ing wekdal tiyang-tiyang nglampahi panganiaya saking para pemimpin ingkang ngendelaken kayektosan piyambak ingkang gadhah pikiran ciut, supados tiyang-tiyang menika mboten nilaraken kajeng salib lan nugraha kawilujengan. Maturnuwun awit Paduka neguhaken kawula ing salebetipun karukunan Gusti Yésus ing tengah-tengah pengadilan dhumateng tiyang-tiyang kalawau ingkang luwawan Paduka lan tiyang-tiyang ingkang sawetahipun bénten.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé Sang Kristus ngutus para abdi Panjenengané manéh marang para ahli ing antarné bangsa Panjenengane?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 06:45 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)