Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 207 (The Eighth Woe)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
B - SANG KRISTUS MELĚHAKÉ LAN NGELINGAKÉ PARA PEMIMPIN AGAMA YAHUDI (Matéus 23:1-39) -- KUMPULAN KALIMA SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

10. Pamada kang Kaping Wolu (Matéus 23:29-33)


MATÉUS 23:29-33
29 Bilai kowé, heh, para ahli Torét lan wong-wong Farisi, heh, kowé; wong-wong lamis, jalaran kowé, mbangun pasreaning para nabi lan ngrerengga tugu-tuguning wong-wong mursid, 30 lan calathu: Saupama aku padha menangi jamané para leluhurku kabéh, mesthi aku ora padha melu anggoné pada nyedani para nabi. 31 Marga saka mangkono dadiné kowé padha dadi seksi tumrap awakmu dhéwé, yén kowé kabéh iku padha turuné wong-wong kang nyedani para nabi. 32 Dadi kowé iya padha ngebakana takerané leluhurmu! 33 Heh, ula, heh para tetesaning ula bedhudhak, kapriye anggonmu bisa oncat saka paukumaning naraka?”
(Yérémia 26:20-23, Matéus 5:12, Kisah Para Rasul 7:52)

Para ahli Torét lan wong-wong Farisi mbangun kuburan kanggo para wong kang mati marga agama lan para nabi kang dipateni awit paseksené supaya kanthi tumindaké iku bisa uwal saka paukuman kang bakal teka. Leluhuré wis mateni para peladen kang setyo iku, banjur tedhak turuné para wong kang mateni iku mbudidaya nutupi rasa wirang lan pialané leluhuré iku kanthi ngedegaké wangunan-wangunan gedhé. Sang Kristus ora kepareng kaliyan pambudidayané lan mestai wong-wong iku “tedhak turuné wong kang mateni para nabi”. Kanthi tembung-tembung pamada Panjenengané Sang Kristus ngruntuhaké wong-wong lamis kang ala iku supaya wong-wong mau bisa mratobat lan sowan marang Panjenengané. Nanging wong-wong iku nganut tindak alané para leluhuré lan nyedani Gusti Yésus uga, lan pengadilan Gusti Allah bakal tumiba atas wong-wong iku.

Ing sajroné duka Panjenengané kang suci, Gusti Yésus mestani wong-wong kang ngendelaké kayekténé dhéwé iku sinebut “tedhak turuné ula bedhudhak”. Wong-wong mau pancen turuné Ula tuwa iku. Iblis, kebak kaculikan, kanisthan, lan wisa. Gusti Yésus ngelingaké wong-wong mau kang bakal disangga banget déning ala gegayutan karo anggoné ora bisa mretobat lan sowan marang Panjenengané.

Aku kabéh ngaturaken panuwun marang Gusti Yésus, awit ewon wong ing Prejanjian Lawas ngrungokaké timbalan Panjenengané mretobat, lan dilahiraké manéh déning peparingé Sang Roh Suci. Paseksen lan donga para rasul Panjenengané nggumregahaké kita lan ngalimputi kita kanthi pengarep-arep, awit Sang Kristus wis ngalahaké ing sajroné panguripané yaiku roh ula tuwa iku. wong-wong mau dadi tuké banyu panguripan kang kebak karo sipat murni, kayektén lan katresnan. Gereja dibangun atas landhesan Sang Kristu lan leladen para rasul kang setya.

Sang Kristus mratélakaké pamada kawitan pisan marang wong-wong kang wis nampa timbalan Ilahi, ngelingaké wong-wong mau babagan katresnan kang ora sempurna lan iman kang ora duwé kawigaten. Cilaka kita, wong-wong Kristen, manawa kita ora mretobat kanti tulus, lan leladi Gusti Yésus kang suci, kanthi mengkono gesang Panjenengané bisa manunggal ing sajroné kita lan nuntun kita ing sajroné watek andhap asor, kabecikan, lan iman.

PANDONGA: Rama kawula ing Swarga, Paduka suci lan pengadilan Paduka adil. Kawula ngaturaken panuwun atas anggen Paduka sabar. Paduka wucal kawula pamratobat supados kawula, sesarengan kaliyan sadaya mitra kawuka, badhé dijur lan dibeneraken supados kawula sampun nampani bebendu ingkang badhé dumugi. Paduka uwalaken kawula saking watek lamis lan gumunggung. Paduka paringi dhumateng kawula manah ingkang énggal, lan Paduka anyaraken roh ingkang teguh ing salebetipun lampah gesang kawula. Sampun mbucal kawula saking ngarsa Paduka, lan ampun mundhut Roh Paduka saking kawula.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé Gusti Yésus mada para pemimpin agama kang ala ing jaman Panjenengane?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 06:41 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)