Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 209 (The Hardheartedness of the People of Jerusalem)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
B - SANG KRISTUS MELĚHAKÉ LAN NGELINGAKÉ PARA PEMIMPIN AGAMA YAHUDI (Matéus 23:1-39) -- KUMPULAN KALIMA SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

12. Patrap Wangkot Wong-Wong Yérusalém Ing Ngarepe Rahmat Lan Sih Kawelasan Sang Kristus (Matéus 23:37-39)


MATÉUS 23:37-39
37 Yérusalém, Yérusalém kang mateni para nabi lan mbenturi watu marang wong-wong kang kautus nemoni kowé, wis nganti ping pira anggonKu kapengin nglumpukaké anak-anakmu, kaya babon anggoné nglumpukaké kuthuk-kuthuké ing sangisoring suwiwiné nanging kowé padha ora gelem. 38 Titenana, omahmu iki bakal ditinggal suwung. 39 Lan Aku kandha marang kowé: Wiwit saiki kowé ora bakal padha ndeleng Aku manéh, nganti kowé padha kandha: Binerkahana Ingkang rawuh atas asmanipun Pangéran.
(1 Raja 9:7-8, Matéus 21:9, 26:64).

Sang Kristus nandhang sangsara kanggo kabéh manungsa. Panjenenengané nandhang sengsara piyambak ing tangané para pemimpin agama kang nyekeli tafsirané dhéwé marang Paugeran Musa. Dudu wong-wong dosa lumrah kang nyedani Gusti Yésus, nanging wong-wong lamis lan pemimpin agama kang kebak rasa sengit. Nanging, trenané Panjenengané lan timbalané marang wong-wong mau sowan marang Panjenengané ing saben wektu. Panjenengané mbudidaya supaya nuntun wong-wong mau marang Panjenengané lan kayangapa asringé Panjenengané mratélakaké marang wong-wong mau tanda-tanda katresnan lan panguwasa Panjenengané. Nanging, ing pungkasané jaman kang tambah cedhak, Gusti Yésus mbeberaké Yerusalém minangka “wong kang mateni para nabi lan ngrajam wong-wong kang diutus marang dhéwéke”. Panjenengané nimbali punjeré peradapan lan pangayom Bait Allah. “Wong kang mateni”. Kaya apa abote paukuman kanggo Yerusalém!

Sang Kristus wis terus terusan mbudidaya nglumpukaké wong-wong kang apes, nglumpukaké wong-wong mau lan wong-wong kang sumebar, nuntun bali marang Panjenengané. Kitab suci mratélakake: “marang dhéwéké bakal nglumpuk para bangsa” (Purwaning Dumadi 49:10). Panjenengané bakal nglumpukaké kabéh bangsa Yahudi ing sajroné krajan kasukman kabawah swiwi Gusti Allah kang Maha Agung. Panjenengané karsa nglumpukaké wong Yahudi kabéh, kanthi alusing bebuden lan katresnan, kaya babon pitik nglumpukaké anak-anake; kalandesan saka naluri, nanging kinanthenan kawigaten. Karsa Sang Kristus nindakaké iki asale saka katresnan Panjenengané (Yermia 31:3). Babon pitik nglumpukaké anak-anaké ana ing njeroné swiwiné supaya ngayomi lan dadi jalanan ayeme anak-anaké lan rasa anget lan rasa tentrem. Jiwa-jiwa kang remuk atiné kang nglumpuk ing astané Sang Kristus bakal nampa prekara kang padha, bebarengan karo rasa seger. Kaya babon pitik njaga anak-anaké, mengkono uga gusti Yésus rila séda kanggo wong-wong kang nggoléki pangayoman Panjenengané saka dosa lan pati.

Nanging, saperang wong akéh nampik ngasoraké awaké utawa mretobat lan ngakoni dosa-dosané. Wong-wong mau ora ngakoni katresnané Gusti Allah kang dipratélakaké lumantar Putra Panjenengané kang kebak rahmat lan suci. Wong-wong mau ora mung nampik Panjenengané nanging nyalibaké Panjenengané. Akéh uga kang sengaja nyepelekaké suwara Sang Roh Suci, awit saka iku pengadilané Allah katibakaké atas Yerusalém. Kutha suci iku dirusak lan ajur ing tahun 70 M sakwisé pambalela bangsa Yahudi lumawan Rum. Antara tahun 132-135 M, turahané bangsa iku nglakoni nasip kang padha. Wiwit wektu iku, sapérangan gedhé warga Prejanjian kang Lawas wis sumebar ing antarané bangsa-bangsa kang ngréméhaké dhéwéké kabéh. Omahé tetap bakal dadi jejugrugan lan wong-wong mau ora bakal ndeleng Sang Kristus (Sang Mesih), kang dadi pengarep-arepe, manawa wong-wong mau ora gelem mretobat saka anggoné lumawan lan pracaya marang Sang Putra Allah kang disalibaké iku. Mung sakwisé iku ipat-ipat Gusti Allah iku bakal diangkat saka wong-wong mau. Sebanjuré banyu panguripan saka kutha suci Yerusalém bakal bisa mili ngileni ara-ara samun kang mati ing sakiwa tengené (Zakaria 12:10-11). Nanging sadurungé iku, Yerusalém bakal dadi tuwung mendem lan watu sandhungan kanggo bangsa-bangsa (Zakaria 12:2-3). Awit saka iku, kita ndedonga, “Énggala rawuh Gusti Yésus! Paduka rawuh ing jagat kawula, lan kawula ngentosi Paduka. Paduka rawuh énggal, awit tanpa Paduka, mboten badhé katentreman ing Yerusalém”.

PANDONGA: Gusti ingkang suci, kawula menika pérangan saking turunan ingkang gumunggung, nanging Putra Paduka nresnani tiyang-tiyang ingkang rumaos ajur lan mbetahaken Panjenenganipun. Paduka apunten kawula atas katresnan kawula ingkang mboten sempurna, lan kaliputana kawula kalian panguwaos Paduka kanthi makaten kawula saget lelados Paduka kanthi manah ingkang mratobat, lan martosaken kraton Paduka, supados sadaya tiyang saget mratobat lan ndhérék cawe-cawe ing salebetipun padonga: Paduka énggala rawukh, dhuh Gusti Yésus! dipun berkahi tiyang-tiyang igkang dateng ing salebetipun asma Gusti!”

PITAKONAN

  1. Apa ta kang diwulangaké Sang Kristus marang kita babagan kutha Yerusalém?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 06:49 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)