Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 199 (The Humility of Faithful Teachers)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
B - SANG KRISTUS MELĚHAKÉ LAN NGELINGAKÉ PARA PEMIMPIN AGAMA YAHUDI (Matéus 23:1-39) -- KUMPULAN KALIMA SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

2. Watek Andhap Asor Saka Juru Mulang Kang Setyo (Matéus 23:8-12)


MATÉUS 23:8-12
8 Nanging kowé aja gelem disebut guru, amarga mung siji Gurumu lan kowé kabéh padha-padha sadulur. 9 apamanéh kowé aja nyebut rama marang sapa bae ana ing bumi iki, awit mung siji Ramamu, yaiku kang ana ing swarga. 10 Kowé aja gelem disebut panutan, amarga mung siji Panutanmu, yaiku Sang Kristus. 11 Sing sapa dadi gedhé ana ing satengahmu iku dadia paladenmu. 12 Lan sing sapa ngluhuraké awaké dhéwé, bakal kaasoraké, dené kang ngasoraké awaké dhéwé bakal kaluhurake.
(Ayub 28:22-28, Wulang Bebasan 29:23, Yehezkiel 21:31, Matéus 20:26-27, Lukas 18:14, 1 Petrus 5:5)

Sing sapa kandha yén awaké luwih becik tinimbang wong-wong liya kanthi landhesan yén dhéwéké iku juru mulang, pendeta, utawa abdi Gusti, wong iku wong kang bodoh lan anéh. Kita kabéh iku wong-wong dosa kang mbutuhaké Juru selamet. Ora ana wong kang luwih apik tinimbang karo liyané. Ukuran kabecikan kita ora saka kawruh kita, nanging katresnan lan anggon kita leladi kita. Awit saka iku, sing sapa ngangkat awaké supaya diajeni déning wong-wong liya, kuduné malah ndélok patuladan sang Kristus bababan anggoné andhap asor. Patuladan iki kudu diiloni déning warga gereja ora mung mbangun turut, nanging uga cawe-cawe ana ing babagan anggoné leladi.

Kita kabéh iku para murid Sang Kristus lan Panjenengané iku Gusti kita. Nalika kita mbangun turut marang Panjenengané kita banjur dadi sedulur, awit Gusti Allah iku Rama kabéh para murid Sang Kristus. Ora ana manéh Rama kasukman kang liyané.

Sang Roh suci nuntun kita ing sajroné lakuné anggon kita leladi kang andhap asor. Panjenengané miranteni kita kanggo leladi kang ora ana bandhingané kang bisa uga beda ing sajroné apik orané nanging pada bobote. Wong kang ngelap bangku gereja bisa uga sejatiné luwih suci tinimbang karo wong kang kotbah ing mimbar. Sang Roh suci kang padha ana ing sajroné kita kabéh lan manunggalaké kita kanthi mangkono saben gegelitan tulung tinulung, padha-padha nyengkuyung, ayom kinayoman lan nyempurnakake. Katresnan kang dipratélakaké ing sajroné andhap asor bakal dadi cancangan kasampurnan.

Nalika wong dadi gumunggung awit luwih duwé ganjaran kasukman lan duwé pendidikan tinimbang wong-wong liya, wong iku muja awaké dhéwé. Wong iku ora kené lali yén dhéwéké ana ing tingkat kang padha karo wong-wong dosa liyané. Sing sapa leladi kunjuk Sang Kristus. Leladi ora kanthi pambobot kawasisané nanging mung déning rahmat waé. Awis saka iku, guwang iku watek gumunggung panjenengan lan buru watek andhap asor Sang Kristus kanthi mengkono panjennegan bisa dadi pepadhangé jagat.

Nalika warga gereja kebak gumunggung utawa ora tulus ing sajroné ngetrapaké agamané warga gereja mau bisa uga bakal nekakaké disiplin saka Gusti Allah. Iki bisa nglarani nanging ditindakaké kanggo kabecikan kita, ditindakaké déning Gusti kang nresnani para putra Panjenengané. Panjenengané ngasoraké kabéh kang ngunggulaké awak, kaya dom nyoblos plendhungan. Kaya kang panjenengan angen, luwih becik ngasoraké awak tinimbang ngenténi Gusti kang nindakaké supaya kita andhap asor. Nalika kita ngelikaké awak kita yén kita iku wong-wong dosa lan kandha yén Gusti iku pengarep-arep Ingsun, saka nugraha Panjenengané kita urip lan saka rahmat Panjenenané kita bakal nerusaké pengarep-arep iku”.

Patrap andap asor iku barang-barang peni kang banget aji ing pamirsané Gusti Allah ( I Petrus 3:4). Ing jagat iki, wong-wong kang andhap asor nampa pikurmaten ditampa Gusti allah, lan dikurmati déning wong-wong kang wicaksana lan becik. Wong-wong mau asring ditampa lan diceluk kanggo leladi kang luhur; lan kinurmatan iku kaya ayang-ayang, kang ngilang nalika ana wong kang ngoyak lan mbudidaya nyekel, nanging tansah melu wong-wong mau kang ngedoh saka dhéwéke. Nanging, ing sajroné jagat kang bakal teka, wong-wong kang ngasoraké awak awit nalangsa babagan dosa-dosané ing sajroné mbangun turut marang Gusti allah, lan ing sajroné anggoné nggatekaké sesamané bakal diluhuraké lan melu cawe-cawe ing sajroné kaluhuran Sang Kristus. Awit saka iku, dadaren awak panjenengane! Apa panjenengan kepéngin diluhuraké déning manungsa utawa dadi abdiné Gusti Yésus?

PANDONGA: Rama Kasuwargan, kawula ngaturaken panuwun awit Paduka sampun nggesangaké kawula malih ing babagan pengajeng-ajeng ingkang gesang kanthi makaten kawula saget manembah Paduka kanthi kabingahan. Paduka sampun maringi kawula, lumantar séda Putra Paduka, kamursidan Paduka. Paduka sampun nresnani kawula, lan kanthi panguwasa Sang Roh suci Paduka kawula saget leladi Paduka kanthi kabingahan lan sabar mantep. Paduka wucal kawula, sinadya kawula dadhah karingkihan, kanggé dados abdi Paduka ingkang lugu, kanggé masrahaken badan kawula minangka sih rahmat Paduka; lumampah ing salebetipun patrap andhap asor, lan mboten lelamisan.

PITAKONAN

  1. Apa tegesé, “Sapa kang ngluhuraké awaké bakal diasoraké, lan sapa kang ngasoraké awaké bakal diluhurake?”

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 23, 2023, at 03:26 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)