Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 200 (The First Woe)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
B - SANG KRISTUS MELĚHAKÉ LAN NGELINGAKÉ PARA PEMIMPIN AGAMA YAHUDI (Matéus 23:1-39) -- KUMPULAN KALIMA SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

3. Pamada Kawitan marang Para Ahli Torét lan Wong-wong Farisi (Matéus 23:13)


MATÉUS 23:13
13 “Bilai kowé, heh, para ahli Torét lan para wong Farisi, heh, wong lamis, awit kowé ngancingi lawangé Kratoning Swarga ana ing ngarepe wong, sabab kowé dhéwé ora mlebu lan wong kang arep lumebu kokalang-alangi.

Nalika Gusti Allah ngandika, “bilai,”, paukuman wis cerak, lan nalika Sang Kristus ngandika, “Bilai” nganti kaping wolu, iku ateges patrap cemer wis tekan ing tingkat ing ngendi pengadilan ilahi atas lelamisan ora bakal bisa diselaki manéh. Gusti Yésus ngarani para ahli Torét lan wong-wong Farisi iku wong lelamisan. Wong lelamisan iku kaya dené paraga ketoprak. Wong lelamisan kasukman atindak nganggo kaculikan, mbudidaya niru wong kang luwih suci tinimbang awaké dhéwé. Patrap kang kothong, kang mung urutan ibadah waé saka para ahli Torét lan wong-wong farisi iku kaya ragi, nyebaraké patuladan kang ala kanggo bangsa iku. Patrap lami iku kahanan kang bisa ndadekaké cilaka. Sawetara wong-wong mau urip nanging kasukmané kothong; nalika wong-wong mau mati, karusakané bakal ngedap-edapi.

Apa dosa mursid kang palsu iku? Yaiku patrap lamis. Sang Kristus banget dené gilo nalika Panjenengané ketemu karo wong lamis kang éntha-éntha mursid kang jané asipat sawetara, kang sejatiné wong iku duraka. Wong jinis iki terus ana ing sajroné dosa lan ngaturaken donga kang kaunderaké marang awaké dhéwé. Panjenengané nuduhaké anggoné nindakaké agamané ana ing ngarepe umum, nanging ora ana katresnan kang sabeneré ing sajroné atiné. Kabéh wong lamis gumantung marang anggoné maragakaké patrap agamané lan ora marang pamratobat lan owah-owahan atiné. Wong-wong mau marem marang awaké, sumendhé marang kayekténé dhéwé. Wong-wong mau ora nggoléki, nanging malah nampik Sang Juru selamet. Wong kang lamis pandelengané disebar, pandelangan kang ngandhut apus-apus lan nyegah wong-wong liyané supaya ora mratobat. Wong mau ngajak wong liya supaya pracana marang awaké dhéwé, lan nulungi wong liyané nyelaki kabutuhané kang paling dhasar babagan Sang Juru selamet. Wong kang lamis iku tukang goroh kang banget déning nggilani. Yaiki sebabé Sang Kristus luwih nresnani wong-wong kang dosa tinimbang karo guru-guru kang éntha-éntha suci. Wong –wong dosa iku mratobat lan dadi becik; guru-guru iku ora gelem mratobat lan mangkotaké ati. Wong kang diarani guru iku sebanjuri gawé pengaruh marang wong-wong kang golék kayektén, lan kanthi mengkono ngedohaké wong-wong kang golék kayektén mau saka kaselametan.

Sawetara agama wis mekaraké pranatan kang nuntut saben wong prcaya kang ndhérék Putra Allah kang disalib iku supaya diukum lan dipateni manawa wong kang pracaya iku ora gelem nyingkur Sang Juru selamate. Wong kang cekelan marang kayektén dhéwé ora bakal gelem mlebu ing jeroné sih rahmat Sang Kristus lan bakal nyegah wong liya kang arep ndhérék gusti kang kebah sih rahmat.

PANDONGA: Rama kasuwargan, dadar kula lan énggalaké kula kanthi makaten kula badhé sanjang kayektén lan mboten nindakaké kosok wangsulipun. Paduka tulungi kawula supados mboten dados sela sandhungan kanggé tiyang-tiyang sanés ing salebetipun tumindak lan tembung-tembung kula. Paduka paringi kula watek andhap asor, inggih menika andhap asoripun gusti Yésus kanthi kasaénan Sang Roh Suci. Paduka liputi kula kanthi katresnan Paduka kanthi makaten kula saget gesang selaras kaliyan Injil, lan sanés dadi tiyang ingkang lamis nanging gesang ing salebetipun kayektén.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé apa lan kepiyé ta wong-wong lamis nyegah wong-wong kang golék kayektén kanggo mlebu ing sajroné kasuwargan?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 26, 2022, at 10:11 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)