Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 198 (Rebuke of the Scribes and Pharisees)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
B - SANG KRISTUS MELĚHAKÉ LAN NGELINGAKÉ PARA PEMIMPIN AGAMA YAHUDI (Matéus 23:1-39) -- KUMPULAN KALIMA SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

1. Pepéling saka Gusti Yésus marang Ahli Torét lan Wong-Wong Farisi (Matéus 23:1-7)


MATÉUS 23:1-7
1 Gusti Yésus banjur ngandika marang wong akéh lan marang para sakabate: 2 ”Para ahli Torét lan para wong Farisi iku padha nglinggihi palenggahané Nabi Musa. 3 Mulané padha nglakonana lan nuruta marang sakabéhing piwulange, nanging aja niru marang tindak-tanduké, amarga iku padha aweh piwulang, nanging ora padha nglakoni dhéwé. 4 Padha mbongkoki gegawan kang abot-abot banjur ditumpangaké ing pundhaking wong, nanging dhéwéké dhéwé ndumuk bae ora gelem. 5 Sakabéhing tindak-tanduké iku mung supaya bisaa katon ing wong; nganggo tali sembahyang amba, nganggo gombyok dawa-dawa. 6 Padha linggih ing papan kang kajen dhéwé ana ing pahargyan lan ing ngarep dhéwé ana ing papan pangibadah. 7 padha seneng diurmati ana ing pasar-pasar lan seneng disebut guru.
(Wilangan 15:38-39, Maleakhi 2:7-8, Matéus 6:1-8, 11:28-30, Lukas 14:7-11, Para Rasul 15:10, 28, Rum 2:21-23)

Gusti Yésus ngakoni kawenangané lan tugas wong-wong Farisi minangka kang marisi nabi Musa; kanthi mengkono, wong-wong Farisi mulangaké wulangan kang bener alandhesan apa kang ana ing sajroné Prejanjian Lawas. Gusti kagungan panemu tugas iku penting, lan ngajak para murid Panjenengané supaya nindakaké uga panaliti kang tememen marang tulisan para nabi ing sajroning Kitab Suci, lan nampa tafsiran saka para ahli Torét.

Wong–wong Farisi lungguh ing kursi nabi Musa, ora minangka pantara antarané Gusti Allah lan bangsa Israél, nanging minangka juru mulang paugeran (Pengentasan 18:26). Wong-wong Farisi mau dudu kang ménéhi Paugeran kaya golongan Sanhedrin, nanging nafsiraké parintah Paugeran lan mberek bangsa iku supaya ngetrapaké.

Ora cukup mung mangreti paugeran karo 613 katrangané. Kang penting yaiku ngetrapaké paugeran. Banget gampang kanggo mulang utawa nafsiraké paugeran tinimbang karo nindakaké paugeran. Ora ana manungsa kang sempurna, nanging cilaka wong-wong iku kang meksa tanggung jawab marang wong-wong liya sawetara wong iku dhéwé ora gelem mbangun turut paugeran iku. Iki jenengé lelamisan. Sing sapa meksa nindakaké pembangun turut marang pranatan lan tanggung jawab, kanthi luwih tegas lan nistha tinimbang Gusti Allah piyambak ora juru mulang Prejanjian Anyar nanging isih ing sajroning adat tata cara wong-wong Farisi.

Gusti Yésus mulangaké sing sapa nerak siji pranatan lan mulangaké marang wong liya supaya ditindakaké pantes wong iku nampa paukuman kang padha (Matéus 5:19). Dosané dianggep padha kaya manawa wong iku ora maélu marang kabéh pranatan kang ana (Yakobus 2:10), awit sing sapa ora mbangun turut marang salah siji pranatan ateges wong iku nindakaké panerak marang Gusti Allah piyambak. Senajana para ahli Torét ngreti yén dhéwéké uga kabawah paukuman awit paneraké marang dhawuhé Gusti, wong-wong iku ora maélu kayektén iku, wong-wong mau cekelan adat tata cara leluhure. Para ahli Torét nindakaké kabéh adat istiadat kaya dené wong-wong mau nyancang tangané karo sabuk kulit nalika ndedonga lan misuhi awaké, lan ndondomi lipetan ing sandhangané (saben domdoman nglambangaké sawijining dhawuh, tugas utawa larangan). Wong-wong mau gawé akéh pranatan lan upacara agama kanggé ndadekaké telenging ati ayem lan nyuda rasa lupute. Para ahli Torét nyethakaké anggoné mbangun turut lan anggoné ngetrapaké marang wong-wong liya tanpa wong-wong mau dhéwé gelem nindakake.

Papan kang becik bisa dilungguhi déning wong kang ala. Ora ana kang anyar yén wong kang ala dhéwé uga bisa diluhuraké malah nglungguhi kursi Nabi Musa (Jabur 12:8). Nalika prekara iku dumados, tiyang-tiyang menika mboten bakal diajeni awit kalungguhané dadi ora aji awit wong-wong iku. Kalungguhan kasukman bisa dadi luwih penting tinimbang kasukman iku dhéwé, lan gumunggungé wong-wong kang mengkono ngrubah anggoné manembah dadi anggoné lelamisan lan anggoné nyenyamah. Wong-wong lelamisan ing jamané gusti Yésus kanthi tinarbuka diweléhaké déning Panjenengane; Panjenengané njléntréhaké marang wong-wong mau yén wong-wong mau nresnani adat peradatan manungsa luwih tinimbang dhawuhé Allah (Matéus 15:9).

PANDONGA: Gusti Yésus Kristus, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Paduka meléhaken tiyang-tiyang lelamisan ingkang mucalaken babagan anggenipun kedah mbangun turut pranatan-pranatan ingkang tiyang-tiyang menika piyambak mboten nindakaken. Tiyang-tiyang ingkang mucal menika éntha-éntha mursid ing ngajengipun tiyang-tiyang sanés sawetawis tiyang-tiyang menika si duraka menika piyambak. Paduka apunten kawula atas sadya wicanten lepat ingkang kawula wicantenaken lan patrap lelamisan kawula, kawula sanés tiyang lelamisan ing wekdal wicanten gegayutan kamursidan nanging kawula mboten nindakaken kamursidan menika. Jangkung kawula saking patrap lelamisan lan padauka pitulungi kawula supados kawula yektosa ing salebetipun wicantenan lan ing tumindak ing saben wekdal. Tuntun kawula supados mratobat kanthi cara kasukman lan dados seksi ingkang wicaksana.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé Gusti Yésus melehaké para ahli Torét lan wong-wong Farisi ing jaman Panjenengane?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 26, 2022, at 10:03 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)