Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 191 (Parable of the Wicked Vinedressers)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
A - PASULAYAN ING PEDALEMAN ALLAH (Matéus 21:1 - 22:46)
5. Gusti Yésus Paring Pasemon Cacah Papat (Matéus 21:28 - 22:14)

b) Pasemon Babagan Wong Nggarap Kebon Anggur Kang Jahat (Matéus 21:33-41)


MATÉUS 21:33-41
33 “Padha ngrungokna pasemon liyané. Ana sawijining wong kang gawé pakebonan anggur, dipageri mubeng, sarta digawékaké joganan papan pameresan apa manéh panggung pajagan. Pakebonan mau banjur disewakaké marang wong, tumuli mangkat lelungan menyang ing nagara liya. 34 Bareng wis meh wanciné ngundhuh, kang duwé kongkonan rewang-rewangé menyang enggoné wong kang nyewa,njaluk pametuning pakebonané. 35 Nanging rewang-rewang mau padha dicekal déning kang padha nyewa. Sing sini digebugi, sijiné dipateni, lang sing isji manéh dibenturi watu. 36 Sakwisé iku kang duwé pakebonan banjnur kongkonan maneyh rewang-rewang liyané luwih akéh katimbang sing dhisik, nanging iya nemahi lelakon kang kaya sing dhisik. 37 Wasana bannur kongkonan anaké pamikire: Mesthiné bakal padha ering marang anakku. 38 Nanging bareng wong-wong kang nyewa weruh anaké mau, banjur padha rasanan mangkéné: Iku ahli warise, ayo dipaeni bae, supaya warisané dadi duwékku kabéh. 39 Anaké mau banjur dicekel lan diuncalaké mnyang sasjabaning kebon anggur, sarta dipateni. 40 Mulané samangsa sing duwé pakebonan anggur mau teka, wong kang padha nywa bakal dikapakake?” 41 Unjuk kang padha di dangu, “Tiyang-tiyang duraka wau tamtu dipun sinranakaké, dené kebon anggur badhé dipun sewakaken dhateng tiyang sanés, ingkang badhé ngladosaké pamedalipun ing mangsanipun”.
(Markus 12:1-12, Lukas 20:9-19, Yésaya 5:1-2, Matéus 26:3-5, Yokanan 1:11).

Sang Kristus ngelingaké marang para satru Panjenengané lumantar pasemon iki babagan katresnan Allah kang ngluwihi ukuran manungsa. Manawa ora nampa pituwas, kang duwé kebon anggur jagat iki bisa uga ora bakal duwé kesabaran kaya kang duwé kebon ing sajroné pasemon iku.

Nanging, Gusti Allah wis banget déning becik marang wong-wong Yahudi kang banget déning wangkot iku lawasé ewon tahun. Kabecikan iki nuduhaké kaagungané sih rahmat lan kaya apa sabaré Pangéran. Panjenengané terus terusan ngutus utusan Panjenengané marang bangsa kang ora mbangun turut lan duraka, kang nampik lan mateni para utusan iku. Gusti Allah wis ngalimputi umat Panjenengané kanthi tembok pangayoman awujud Paugeran Musa, mapapanaké Pedaleman Allah lan Mezbeh minangka papan meres anggur ing tengah-tengahé bangsa Yahudi iki. Nanging kabéh pranatan iku tetep ora ana gunané awit atiné wong-wong iku wangkot lan ora gelem kaowahan.

Gusti Allah tansah paring kabecikan marang wong Yahudi. Panjenengané ngutus para abdi kang liyané kang uga dianiaya. Panjenengané ngutus Yokanan Pembaptis marang wong Yahudi lan wong Yahudi nigas guluné. Panjenengané ngutus para murid Panjenengané supaya nyawisaké margi kanggo Panjenengané. Oh, sugihé kesabaran Gusti Allah anggoné nerusaké leladi kang diasoraké lan dianiaya iki. senajan mengkono, bangsa iku uga tetap ana ing sajroné durakané. Siji dosa mbuka dalan kanggo tukule dosa kang liya kang memper. Wong Yahudi kang mendem awit getih wong-wogn suci nambahé anggoné mendem marang rasa ngorong lan isi tetep nguwuh, “manéh, lan manéh”.

Pungkasané Gusti Allah ngutus Putra Panjenengané kang kinasih, Sang Kristus iku utusané Gusti Allah kang pungkasan. Ing sajroné Panjenengané Gusti Allah piyambak rawuh ing donya iki kanggo menangaké wong-wong duraka lumantar kabecikan Panjenengané kang agung. Ing sajroné pasemon iki, Sang Kristus kanthi orang langsung mratélakaké sarirané minangka Putra Allah lan Rama Panjenengané minangka kang kagungan kebon Anggur iku. Panjenengané maringi marang utusan saka wong-wogn Yahudi iku jawaban kang cetha gegayutan sumber panguwasa Panjenengané. Panjenengané tetap waé njaluk wong-wong mau mbangun turut marang kasunyatan Panjenengané minangka jejeré Putra lan marang Gusti Allah minangka jejeré Ramané wong-wong mau.

Selaras karo pasemon iku, kabéh wong kang nyambut gawé ing kebon Anggur iku katuntun déning roh saka neraka ing sajroné gawé putusan kanggo nyedani putra Allah. Ya pancen tujuwan Iblis kanggo lumawan Gusti Allah lan nyirnakaké para pandhérék Panjenengané. Panjenengané ora duwé asih lan kawelasan. Woh-woh saka neraka mung sengit, nglokro lan piawon.

Katresnan Allah kudu, kepiyé waé, nyirnakaké kabéh roh ala iki uga wong-wong kang melu karo roh mau. Panjenengané mau ora bakal nawani pangapura Panjenengané tanpa winates. Dina iki panjenengan urip, mbesuk panjennegan mati. Sing sapa nampik Putra Allah lagi milih dalan tumuju menyang neraka, nanging sing sapa milih mbangun turut marang Putra Allah lan leladi Panjenengané kanthi setyo lan katresnan bakal bisa mlebu ing sajroné Kraton suwarga. Woh urip kang kepiya kang bakal panjenengan pisusungaké marang Sang Kristus kanggo mratélakaké syukur panjenengan atas keselametan lan anggoné Panjenengané disalib?

PANDONGA: Rama kasuwargan, kawula ngluhuraken Paduka awit katresnan Paduka, ingkang terus diparingaken lan awit anggen Paduka sabar dhumateng lare-larenipun Yakub. Kawula sinau saking lare-larenipun Yakub jaminan babagan sih rahmat lan kasaénan Paduka dhumateng kawula. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka atas kasaénan Paduka ingkang agung. Ing wekdal menika kawula sinau uga saka paukuman kang ageng kang duamdi marang wong-wong Yahudi seturut kanthi rancangan-Paduka. Saking pengadilan Paduka dhumateng tiyang-tiyang, kawula mangertos bilih Paduka badhé nampik kawula menawi kawula mboten mratobat, nampi Putra Paduka lan misusungaké woh-woh panguripan dhumateng Panjenengané. Paduka welasi kawula lan tulung kawula supados nampi Gusti Yésus kanthi kabingahan lan kebah berkah, lan kanggé manembah Panjenengané kanthi kabingahan lan atur panuwun kang langgeng.

PITAKONAN

  1. Apa ta kang panjenengan pirsani saka pasemon gegayutan wong kang nggarap kebon anggur kang ala iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 26, 2022, at 09:18 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)