Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 190 (Parable of the Two Sons)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
A - PASULAYAN ING PEDALEMAN ALLAH (Matéus 21:1 - 22:46)
5. Gusti Yésus Paring Pasemon Cacah Papat (Matéus 21:28 - 22:14)

a) Pasemon Babagan Anak Loro (Matéus 21:28-32)


MATÉUS 21:28-32
28 “Nanging kapriye panemumu bab iki: Ana wong duwé anak lanang loro. Kang pambarep diparani sarta dikandhani: Ngger, dina iki kowé nyambuta gawé ana ing kebon anggur. 29 Anaké mangsuli: Inggih, pak, Nanging ora mangkat. 30 wong mau banjur marani anaké lanang kang angka loro sarta dikandhani mangkono uga, nanging anaké mangsuli: Kula boten purun. Sakwisé iku dhéwéké kaduwung, nuli mangkat. 31 anak loro mau endi sing nindakaké karepe bapakne?” Atur wansulané wong-wong mau: “Ingkang kantun.” Pangandikané Gusti Yésus: “Satemené pituturKu marang kowé: Para juru-mupu-beya lan para wanita tuna-susila bakal ndhisiki kowé lumebu ing Kratoning Allah. 32 Sabab Yokanan anggoné teka iku prelu nuduhaké dalaning kayektén marang kowé, ewadené kowé ora pracaya marang dhéwéke. Nanging para juru-mupu-beya lan para wanita tunasusila padha pracaya marang dhéwéke. Nanging kowé kabéh sanadyan weruh, ora banjur kaduwung lan uga ora pracaya marang dhéwéke.”
(Matéus 7:21, Lukas 7:29, 18:9-14).

Senajan ana bedané antarané Gusti Allah karo manungsa, Panjenengané tetep nresnani manungsa kaya Rama nresnani anak-anake. Rama kasuwargan ora mbedakaké antarané anak kang becik karo anak kang ala, nanging Panjenengané nawani marang kabéh, wewengan kanggo mlebu ing sajroné Kraton katresnan Panjenengané. Gusti Allah nimbali panjenengan supaya mratobat marang Panjenengané lan pracaya marang putra Panjenengané kang nylametake. Apa kang bakal panjenengan tindakake? Apa panjenengan gelem nampa keselametan ing sajroné Sang Kristus mung ing sajroné lelamisan lan nglakoni urip ing sajroné dosa, kaya-kaya ora ana sawijining prekara apa-apa kang dumadi ing Golgota? Apa panjenengan arep kaya anak kang kapindho ing sajroné pasemon iku, kang kandha, “Inggih!” Nanging ora nindakake?

Kang diutamakaké ing sajroné pasemon iku yaiku kanggo nuduhaké kepiyé wong-wong dosa lan wong wadon pelanyahan, kang nampani timbalan lan mbangun turut dadi murid, saka Yokanan Pembaptis, Kang angrumiyini Gusti Yésus. Para imam lan pinituwa kang ngenténi Sang Mesih lan katoné cemawis kanggo nampani Panjenengané ngréméhaké anggoné leladi Yokanan Pembaptis, lan nampik misiné. Nanging pasemon iki duwé trap-trapan kang luwih adoh manéh. Senajana wong-wong dudu Yahudi wis dadi para putra kang ora mbangun turut ing wektu kang suwé, kaya anak kawitan ing sajroné Titus 3:3-4, wong-wong dudu Yahudi sebanjuré dadi mbangun turut marang iman nalika Injil kawartakaké marang wong-wong mau. Ing pérangan liyané wong-wong Yahudi kang wis matur: “Inggih, Bapa” lan akéh janji (Pengentasan 24:7, Yosua 24:24), nanging ora gelem lunga. Wong-wong Yahudi iki mung memuji gusti Allah ing lambené waé (Jabur 78:36).

Apa panjenengan katon kaya anak kang kawitan kang nampik Gusti Allah awit anak iku kalebu wong kang sembrono lan seneng gampangé tinimbang karo nyambut gawé tumemen lan mbudidaya ing sajroné leladi marang Gusti Allah? Bisa uga anak nggetuni sikep wangkote kang lumawan sihé Gusti Allah, banjur eling, mratobat, lan wiwit leladi kang bisa ditindaké ing sajroné atur panuwun marang Gusti Allah minangka jejeré Bapa. Kang endi kang luwih becik? Anak kang kandha “Inggih” nanging ora nindakaké, utawa kang matur, “emoh” nanging sebanjuré mbangun turut? Cilaka wong kang lelamisan kang katoné nampani Sang Kristus nanging ora nindakaké dhawuh Panjenengané kang kebak katresnan. Wong-wong akéh omongan gegayutan tanggung jawab lan larangan nanging ora ngasilaké woh-woh kamursidan. Wong wadon pelanyahan lan maling kang mratobat iku luwih becik tinimbang karo wong kang lelamisan mursid lan bener nanging sabeneré gumungung lan ngréméhaké wong-wong dosa; dosané luwih gedhé tinimbang penjahat ing sajroné kunjaran kang maca Kitab Suci kanthi luh kang dleweran nangisi anggoné asor.

Sang Kristus ora nampik wong Yahudi. Awit Panjenengané nresnani wong-wong iku, Panjenengané maringi wong-wong Yahudi wewengan bali marang Panjenengané. Wong Yahudi durung nyalibaké Gusti Yésus nganti séda lumantar Sanhedriné awit saka iku Panjenengané nimbali wong Yahudi supaya rubah pikirané pracaya, lan nampa keselametan. Katresnan Sang Kristus ora tau gagal. Katresnan iku ditawakaké marang wong Yahudi kang katoné becik lan juga kang ala. Kaya ngapa ngedap-edapine! Wong Yahudi kang katoné bener ora mratobat, nanging kang ala malah bali marang Gusti.

PANDONGA: Rama, kula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit inggih Paduka kemawon Rama kula, awit Paduka nampeni kula minangka jejeré putra Paduka. Paduka apunten anggen kawula mboten mbangun turut, anggen kula kesed lan anggen kula lelamisasn ugi sucékaké kula kanggé peladosan Paduka kanthi makaten kula saget saéstu-estu manembah Paduka kanthi kabingahan, lan kanthi rila lelados Paduka salami gesang kula. Kula gadhah kekajejengan nyambut damel ingkang saéstu kunjuk Paduka, ngorbanaké arto lan kekiyatan kula sesarengan kaliyan tiyang-tiyagn sanés ingkang sampun Paduka timbali ing salebetipun krato Paduka. Kula gadhah kekajengan mratélakaken syukur kula atas katresnan Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé anak kawitan ing sajroné pasemon Gusti Yésus luwih becik tinimbang karo sedulure?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 26, 2022, at 09:14 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)