Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 181 (The Greatest and the Least)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 3 - PELADOSANĚ GUSTI YĚSUS ING NGARĚ YARDĚN ANA ING TINDAKĚ TUMUJU YĚRUSALĚM (Matéus 19:1 - 20:34)

11. Sapa Kang Gedhé Dhéwé Lan Sapa Ta Kang Cilik Dhéwé? (Matéus 20:24-28)


MATÉUS 20:24-28
24 Sakabat kang sapuluh, bareng krungu kang mangkono iku, padha nepsu marang sadulur loro mau. 25 Banjur padha ditimbali déning Gusti Yésus sarta dipangandikani: “Kowé padha ngreti, yén kang padha ngasta peprentahaning bangsa-bangsa anggoné nindakaké peprentahan kalawan keras, sarta para panggedhé padha nindakaké panguwasané kanthi kenceng. 26 Ananging kowé aja padha mangkono. Sing sapa kapengin dadi gedhé ana ing antaramju, iku dadio batur. 27 lan sing sapa kapengin dadi pangarep ana ing antaramu, iku dadia budhakmu. 28 Padha karo Putraning Manungsa anggoné rawuh iku ora supaya diladosi, nagning malah ngladosi srta masrhaké nyawané minangka tetebusan tumrap wong akéh.”
(Markus 10:44-45, Lukas 22:24-27, 1 Korinta 9:19, Filipi 2:7, 1 Petrus 1:18-19)

Para murid kang liyané uga ora luwih becik tinimbang karo murid loro lan ibuné mau, awit panyuwun mligi iku nukulaké meri lan sujana ing sajroné para murid. Para murid ora ngerti Sang Kristu slan ora ngreti yén Panjenengané wis nyeraki séda ing sajroné rancangan keselametan.

Senajana Sang Kristus lenggah ing sisih tengen Sang Rama kasuwargan, rancangan Sang Kristus dudu kanggo ménéhi kita kalungguhan ing sisih tengen utawa ing sisi kiwa Panjenengané. Rancangan Panjenengané yaiku yén Sang Putra milih kita supaya kita bebarengan dadi badan kasukman Panjenengané. Kita ora ditetepaké kanggo lenggah ing sisih Gusti Yésus, nanging dikaya Sang Putra kendel ing sajroné Sang Rama lan Sang Rama ing sajroné Panjenengané mengkono uga Panjenengané milih kita supaya mapan ing sajroné Panjenengané lan urip bebarengan Panjenengané ing sajroné kamanunggalan kasukman nganti salawase.

Kamanunggalan ilahi iki ora mung bakal dipratélakaké ing suwarga, nanging lagi dipratélakaké saiki ing papan kita. Kita, kanthi mengkono, kudu ndhérék Panjenengané nyingkur awaké dhéwé, lan manggul salib kita mateni dosa lan anggon kita gumunggung. Ora ana nguwasani utawa pilih kasih ing antarané putra-putra Allah, nanging kang ana yaiku pambangun turut kanthi rila legawa lan leladi kang terus-terusan. Wong kang kinurmatan dhéwé kang diajeni dhéwé ing sajroné gereja lan masyarakat kita yaiku wong kang siap dhéwé leladi lan kang asor dhéwé uga cemawis nyingkur awak dhéwé. Wong kang ndedonga, nresnani, leladi lan masrahaké awaké kanthi atur panuwun kanggo wong-wong liya yaiku kang bener-bener gedhé dhéwé. Apa panjenengané ngerti yén Gusti Yésus nyebut sarirané minangka Abdi lan dudu bendara? Panjenengané mbongkar lan malik watonan lan budaya jagat, awit kabéh wong mburu patrap gumedhe, lan kepéngin diladeni déning wong-wong liya. Nanging Sang Kristus ngasoraké sarirané dhéwé, lan nindakaké peladosan Panjenengané becik kanggo wong-wong kang becik uga kang ala, lan dadi patuladan kanggo kita. Sing sapa ndhérék Panjenengané ora bakal mbudidaya dadi bendara kang sakarepe dhéwé utawa diktator nanging bakal dadi abdi kaya bendarané. Sing sapa ora nampa owah-owahan mental kang mengkono ora bakal bisa nerusaké panguripan minangka abdi Sang Kristus.

Sédané Gusti Yésus iku tebusan kanggo wong akéh, awit Panjenengané iku Panebus kang kagungan panguwasa. Gusti Yésus miyos kanggo mbayar tebusan atas manungsa kang didadekaké budhak dosa supaya manungsa bisa diuwalaké lan nyukupi syarat kanggo dadi abdi-abdi kang suci ing sajroné kraton Panjenengané. Ora bakal ana pengarep-arep kanggo jagat tanpa pangorbanan Gusti Yésus. Kita nresnani Panjenengané awit Panjenengané luwih dhisik nresnani kita. “Awitdené Gusti Allah anggoné ngasihi marang jagad iku nganti masrahaké Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracatya marang Panjenengané aja nganti nemu karusakan, nanging nduwénana urip langgeng” (Yokanan 3:16).

PANDONGA: Penebus kang setyo, kawula ngluhuraken Paduka awit Paduka sampun andadosaken sarira Paduka abdi kanggé sadaya. Paduka séda minangka tebusan supados sadaya tiyang ingkang nampi tebusan Paduka kanthi panuwun bakal saget diribah dados sami kaliyan gambaran Paduka lan nglatih badanipun piyambak kanggé leladi Paduka. Tulung kawula supados mboten gadhah pepinginan dados bendara utawa pimimpin, nanging supados ngasoraké badan kados dené Paduka. Tulung kawula supados ngandharaken panebusan Paduka dhumateng sadaya tiyang ingkang dhumateng tiyang-tiyang menika Roh Paduka mimpin kawula.

PITAKONAN

  1. Apa tegesé pangandikané Gusti Yésus, “Putra Manungsa ora rawuh kanggo diladeni nanging kanggo leladi?”

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 04, 2023, at 05:13 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)