Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 180 (Pride Among Jesus’ Followers)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 3 - PELADOSANĚ GUSTI YĚSUS ING NGARĚ YARDĚN ANA ING TINDAKĚ TUMUJU YĚRUSALĚM (Matéus 19:1 - 20:34)

10. Tindak Gumunggung Kang Bodho Ing Antarané Para Pandhérék Gusti Yésus (Matéus 20:20-23)


MATÉUS 20:20-23
20 Ibuné anak-anaké Zebedheus marak ing ngarsané Gusti Yésus karo anak-anaké, banjur sujud sarta arep ngaturaké panyuwunan. 21 Gusti Yésus ndangu: “Kowé arep matur apa?” Unjuka: “Muga karsaa paring dhawuh, supados anak kawula kekalih punika, benjing wonten ing Kraton Paduka, sami linggiha ingkang satunggal wonten ing tengen, satunggalipun ing kiwa Paduka”. 22 Nanging Gusti Yésus paring wangsulan, pangandikane: “Kowé iku padha ora ngerti kang koksuwun. Apa kowé bisa ngombe ing tuwun pangomben, kang kudu Dakunjuk?” Karo-kareoné munjuk: “Inggih saget”. 23 Pangandikané Gusti Yésus: “TuwungKu pancen bakal koombe, nanging bab linggih ing tengenKu utawa ing kiwaKu, iku Aku ora wenang nlilani. Iku bakal kaparingaké marang wong-wong , kang wis dinadhang déning RamaKu.”
(Matéus 10:2; 19:28; 26:39, Markus 10:35-45, Para Rasul 12:2, Wahyu 1:9)

Para murid ora ngreti apa kang dipratélakaké marang dhéwéké babagan anggoné séda kang tambah cedhak. Pikiran para murid katutup, lan mung mikiraké gegayutan kalungguhan sumunar kang diprasetyakaké marang dhéwéke. Ibu saka Yakobus lan Yokanan sowan marang Gusti Yésus, bareng karo anaké loro iku, banjur sujud ing ngarsa Panjenengané nyuwun supaya Gusti Yésus maringi marang anaké loro kalungguhan ing sisih tengen lan sisih kiwa Gusti nalika Panjenengané nyepeng pusaraning pemerintahan ing Kraton Panjenengané. Bisa uga ibu loro mau duwé pikiran yén gegayutan bocah loro iku sedulur mula bisa disuwunaké sing mengkono iku (Yokanan 19:25).

Ibu-ibu lan uga murid loro mau ora ngreti kaya ngreti apa kang disuwun. Ibu-ibu lan murid loro mau golék pikurmatan lan kalungguhan, sawetara Gusti Yésus ménggalihaké gegayutan panandhang lan panebusan. Ibu Loro lan anak-aneké iku duwé pangarep-arep supaya ngrasakaké wewengan lan hak luwih-luwih, nanging Sang Kristus mburu karukunané Allah karo manungsa. Ibu loro lan anaké loro kuwi pikirané asipat kadonyan, Gusti Yésus mikiraké prekara kasuwargan. Para murid ora ngerti kaya ngapa getiré tuwung bebenduné Allah atas jagat sakabéhé kang ditetepaké supaya diunjuk kabéh déning Sang Putra.

Yakobus lan Yokanan ora ngerti pentingé jam iku, lan duwé pikiran yén Gusti Yésus bakal mlebu ing Ibukota lan ngrebut dhampar kanthi kaélokan senajan Panjenengané wis paring pameca gegayutan anggoné Séda kang wis tambah cerak. Para murid duwé kekarepan nyawisaké awaké dhéwé bagean kang penting dhéwé ing sajroné Kraton Suwarga ing jagat. Para murid ora eling yén dhéwéké lagi tiba ing sajroné pancoban lan kalané Iblis, kang nyurung gusti Yésus supaya dadi duka lan atindak keras. Cempening Allah kanthi alusing bebuden paring wangsulan lan netepaké yan para murid bakal nampani bagean ing sajroné panandhang lan anggoné séda.

Kaya apa asringé kita, minangka wong-wong pracaya, mburu kinurmatan kang dhuwur, pegawéan kang becik, bayaran kang dhuwur lan kaayeman nanging ora ndeleng anané akéhé pandhérék Sang Kristus kang lagi kaaniaya lan mbutuhaké kang ana ing cerak kita.

PANDONGA: Gusti kang Suci, Paduka kemawon Cempening Allah ingkang nyucékaké dosa jagat lan ingkang manggul kaasoran jagat ing salebetipun manah Paduka, nanging para mruid Paduka malah mburu dhampar lan makuta. Paduka apunten kawula kados dené Paduka ngapunten para murid manawi kawula uga ngunderaken kawigatosan kawula dhumateng gesang, kasenengan lan mamon kemawon. Paduka tulungi kawula supados kawula saget nyariyosaké dhumateng sadaya tiyang ingkang kawula panggihi bilih Paduka menika korban ingkang ngrukunaken kawula lan kanggé tiyang-tiyang lumantar séda Paduka ingkang nyakitaken. Lan Paduka pitulungi kawula supados kawula saget mitulungi tiyang-tiyang pitados ingkang kanganiaya lan ingkang mbetahaken.

PITAKONAN

  1. Kepiyé carané Yokanan lan Yakobus sebanjuré nuduhaké anggoné gumunggung?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 26, 2022, at 08:34 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)