Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 182 (Two Blind Men Receive Their Sight)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 3 - PELADOSANĚ GUSTI YĚSUS ING NGARĚ YARDĚN ANA ING TINDAKĚ TUMUJU YĚRUSALĚM (Matéus 19:1 - 20:34)

12. Wong Wuta Loro Diwarasaké Ing Yerikho (Matéus 20:29-34)


MATÉUS 20:29-34
29 Nalika padha metu saka ing kutha Yerikho, Gusti Yésus kadherekaké ing wong akéh banget. 30 Ana wong picak loro linggih ing pinggir dalan krungu yén Gusti Yésus langkung, banjur padha nguwuh-uwuh: “Gusti, mugi karsaa melasi kawula, dhuh Putranipun Sang Prabu Dawud!” 31 Nanging banjur padha disendhu ing wong akéh, dikon meneng. Ewsemono malah saya seru anggoné padha nguwuh-uwuh, ature: “Dhuh, Gusti, mugi karsaa melasi kawula, dhuh Putranipun Sang Prabu Dawud!” 32 Gusti Yésus banjur kendel anggoné tindak sarta nimbali wong-wong mau, sarta dipangandinai: “Kowé padha nyuwun Dakkapakake?” 33 Atur wangsulane: “Gusti, kawula nyuwun, supados mripat kawula saget ningali.” 34 Gusti Yésus trenyuh panggalihé marga saka welas, banjur ndumuki mripati wong-wong mau. Padha sanalika padha bisa ndeleng, tumuli padha ndhérékak Gusti Yésus.
(Markus 10:46-52, Lukas 18:35-43).

Sang Kristus saka pagunungan Galilea menyang Ngaré Yordan, lan nerusaké anggoné mlaku tindak Yerikho, kutha Palem, lan sebanjuré tindak Yerusalém ing pucuk pagunungan. Iki laku kang tumuju anggoné arep séda. Gusti Yésus ora nyimpang saka kono awit wektu panebusan kanggo jagat wis tambah cerak.

Akéh wong ndhérék Panjenengané kanthi pengarep-arep kepéngin ngrungokaké anggoné Panjenengané ngandikan, lan ndeleng kaélokan Panjenengané. Sebanjurei wong wuta loro krungu suwara Panjenengané lan nalika wong wuta loro mau ngerti yén iku Gusti Yésus, Sang Tabib illahi kang lagi lewat, wong wuta loro mau bebarengan nguwuh nyuwun pitulungan. Wong loro mau nguwuh marang Panjenengané kanthi sesebutan kang banget déning misuwur, “woh putra Sang prabu Dawud, Paduka welasi kawula” .

Asma iki ditetepaké kanggo kang nerusaké Sang Prabu Dawud kang diprasetyakaké kang uga putra Allah piyambak. Panjenengané bakal lenggah ing dhampar Sang Prabu Dawud supaya neguhaké krajan kang langgeng, Kang Panjenengané nyepeng pusaraning pemerintahan ing sajroné kayektén lan tentrem rahayu ( 2 Samuel 7:12-14). Panguwuh wong wuta iku dadi jalaran tekané bebaya kang asipat politik kang mbebayani kanggo Gusti Yésus. Wong loro iku ora ndeleng Sang Kristus kanthi mripate dhéwé, nanging nyawang Panjenengané nganggo atiné lan nyebut Panjenengae, kaya kang ditulis ana ing teks Yunani, “Duh Gusti!”. Wong loro mau pracaya marang rawuh Panjenengané kang élok, panguwasa Panjenengané kang sempurna, lan katesnan Panjenengané kang becik. Wong loro mau ora pracaya marang Panjenengané mung kanthi cara pribadi waé, nanging uga ing ngarepe umum.

Wong akéh ora kapengin krungu panguwuh kang mbebayani ini, lan awit saka iku wong akéh iku mbudidaya supaya wong loro iku meneng. Wong akéh iku ora eling yén wong wuta loro iku bisa ndeleng ing sajroné atiné senajana wuta, ora kaya wong akéh kang ndeleng nanging ora ngreti. Mengkono uga, akéh wong saiki nampik paseksen Sang Kristus awit gegambaran pribadi yén wong-wong mau nganggep awaké wong bener lan mung wong-wong liyané waé kang mbutuhaké panebusan saka Sang Juru selamet.

Sang Kristus mireng panguwuh iku, lan mirengaké pangakon imané wong wuta loro mau. Panjenengané mandeg anggoné tindak ing sajroné tujuwan nebus jagat, ninggalaké wong akéh kang wus rumanga lega, lan ndangu marang wong-wong kang wuta mau, “Apa kang kok karepaké supaya aku tindakaké marang kowé?”

Mengkené iku pandanguné Gusti Yésus marang panjenengan dina iki uga. Apa kang panjenengan karepaké saka Gusti Yésus, kang kudu ditindakaké kanggo panjenengan? Apa panjenengan mburu pikurmatan? Dhuwit? Kesenengan? Utawa Panjenengané supaya ngelekaké mripat panjenengan supaya ndeleng Gusti lan nampani katresnan lan panguwasa Panjenengane? Gusti Yésus ing wektu iki ngelekaké mripate wong akéh saka ing antarané bangsa-bangsa. Apa Panjenengan nyuwun Panjenengané ngelekaké mripat mitra panjenengan supaya akéh wong kang dikuwatké lumantar paseksen panjenengan bebarengan karo wong-wong pracaya kang ana ing sakiwa tengen panjenengan?

Sang Kristus nyarasaké wong loro tukang njaluk kang wuta iku kanthi mulungaké astané ing mripate. Sang Kristus iku Pribadi kawitan kang wong loro mau deleng kanthi cara kajasmanen. Wong loro mau mbuktekaké imané marang Panjenengané lan banjur ndhérék Panjenengané. Wong loro mau ora nyawang wong akéh iku, lan ngunderaké kawigatené marang Sang Kristus, lan terus bebarengan karo Panjenengané mratélakaké rasa panuwuné atas kewarasan kang ditampa.

Sang Kristus séda kanggo kita ing kayu salib, mratélakaké katresnan Allah kang gedhé marang wong-wong dosa. Apa panjenengan wis ndeleng Panjenengané minangka Pribadi kang gumantung ing kayu salib ing sajroné kahanan asor, rah Panjenengané kaesokaké kanggo wong-wong dosa? Manut panjenengan, sapa ta Panjenengane? Apa panjenengan wis wanuh Panjenengané lan nresnani Panjenengane? Nyuwuna supaya mripat kasukman panjenengan dibuka; nyuwuna kanggo wong-wong liya uga.

Sawetara wong kandha yén wong loro kang diwarasaké Sang Kristus ing cathetan Matéus iki ora disebutaké déning Markus. Markus ora nulis wong loro nanging disebutaké wong siji, wong iku jenengé Bartimeus.

Kang dadi katrangané, kita bisa kandha yén Markus mung nyebutaké Bartimeus awit bisa uga dhéwéké iku wong kang cukup misuwur. Ing sajroné tulisané Markus kandha, “Lan nalika Gusti Yésus metu... ana wong ngemis kang wuta, jenengé Bartimeus, ....lungguh ing pinggir dalan” lan sebanjuré dhéwéké nguwuh njaluk tulung. Penginjil Markus nulisaké gegayutan wong wuta iki awit wong wuta iki wong kang mlarat banget kamangka dhéwéké anak sawijining warga kang kinurmatan. Kanthi cara kajasmanen, wong iki ndudut atiné wong akéh lan awit saka iki Markus kanthi mligi ménéhi kawigaten marang Bartimeus. Nanging, Panjenengané kang bisa ngelekaké mripat wong siji bisa uga ngelekakeaké mripate wong akéh. Manawa ana wong kandha yén Sang Kristus ngelekaké mripat Bartimeus banjur ana wong liya kandha yén Sang Kristus ora ngelekaké mripat Bartimeus, iku kang dijenengaké lelawanan. Nanging ing kené kita ora nemokakaké bab kang lelawanan awit salah sijiné nyebutaké mung wong wuta kang wong-wong ngreti kang uga kang nguwuh seru dhéwé. Iki ora mbatalaké kasunyatan yén Sang Kristus ngelekaké mripate wong iku lan uga mripate akéh wong liyané.

PANDONGA: Rama kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Paduka sampun madhangi kawula kanthi Injil Putra Paduka, lan mbucal pepeteng saking panggesang kawula. Kawula nyuwun kanggi badan kawula piyambak lan kanggé tiyang –tiyang ingkang wonten ing sakiwa tengen kawula supados Paduka mbikak mripat kawula lan maringi manah ingkang resik ingkang njangkepi kawula kanthi kasagetan kanggé ningali katresnan Paduka lan penebusan Putra Paduka lan panguwaos kawilujengan. Kintené dipun sucékaken asma Paduka minangka Rama lan kintenipun kraton Paduka rawuh. Kersanipun karsa Paduka ingkang dumados ing salebetipun badan kawula lan ing jagat menika mboten kendhat.

PITAKONAN

  1. Apa ta tegesé kang kakandhut ing sajroné sesebutan “Putra Dawud”?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 26, 2022, at 08:39 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)