Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 179 (Jesus’ Third Prediction of His Death and Resurrection)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 3 - PELADOSANĚ GUSTI YĚSUS ING NGARĚ YARDĚN ANA ING TINDAKĚ TUMUJU YĚRUSALĚM (Matéus 19:1 - 20:34)

9. Katarangan Gusti Yésus Kang Kaping Telu Gegayutan Anggoné Séda Lan Wungu (Matéus 20:17-19)


MATTHEW 20:17-19
17 Nalika Gusti Yésus arep tindak menyang Yerusalém, banjur nimbali para sakabate rolas dhéwékan sarta ana ing dalan padha dipangandikani mangkéné: 18 “Saiki aku lan kowé kabéh padha menyang ing Yerusalém lan Putraning Manungsa bakal diulungaké marang para pangareping imam lan para ahli Torét; iku bakal nibakaké paukuman pati marang Panjenengané 19 lan masrahaké marang wong-wong kapir, supaya dipoyoki lan disapu banjur disalib sarta ing telung dinané bakal kawungokake.”
(Matéus 16:21; 17:22-23, Markus 10:32-34, Lukas 18:31-33, Yokanan 2:13)

Gusti Yésus kanthi rila munggah ing kayu salib kanggo nebus para pandhérék Panjenengané. Minangka jejeré nabi kang agung dhéwé, Panjenengané pirsa sadurungé babagan anggoné nyangga panandhang lan séda kang bakal dumadi. Wis kaping teluné Panjenengané kanthi cetha mratélakaké marang para murid Panjenengané kabéh kanthi wijang lan pas banget. Panjenengané ngandika marang para murid yén para imam kepala lan para ahli Torét sengit marang Panjenengané lan sengit marang para pandhérék Panjenengané pirsa yén Panjenengané bakal didol menyang para imam kepala lan para ahli Torét yén para imam kepala selaras karo karsané Sang Rama. Para Imam kepala lan para ahli Torét iku golék cara supaya bisa nibakaké paukuman marang Panjenengané Kang Bener iku, nganti mati lan ndakwa Putra Allah kang alusing budi iku kanthi dakwan nyenyamah tanpa wong-wong iku eling yén wong-wong iku sebeneré kang nyenyamah. Wong-wong mau bakal tambah nistha ing sajroné masrahaké Kang Maha Suci ing tangané wong-wong dudu Yahudi, kang dianggep najis, kanthi mengkono wong-wong Yahudi bakal bisa ngréméhaké Panjenengan lan ora pracaya yén Panjenengané iku Sang Mesih kang diprasetyakake. Wong-wong dudu Yahudi ing sajroné kahanan wuta bakal nyapu Panjenengané lan maku Panjenengané ing kayu salib minangka patrap anggoné ngréméhake. Gusti Yésus wis mirsani sakabéhé iku lan ngandika marang para murid kanthi cetha supaya para murid Panjenengané ora nganti kesandhung. Panjenengané saka sithik nyawisaké para murid ngadhepi pungkasan kang getir. Nanging Panjenengané uga mratélakaké marang para murid kamenangan anggoné wungu minangka slompret kang nguwuhaké kamenangan atas rasa cuwa lan rasa nglokro.

Gusti Yésus nresnani para pandhérék Panjenengané. Panjenengané ora ngalembana para murid Panjenengané utawa nyingidaké para murid saka bebaya kang bakal teka, nanging Panjenengané ngandika kayektén marang para murid kanthi mengkono para murid ora dadi was-was lan wedi nalika mangsa kang peteng iku nekani. Wong kang duwé pkiran mengkono bisa uga takon-takon apa sebabé Gusti Yésus, sakwisé Panjenengané pirsa kanthi pas lelakon kang bakal nempuh Panjenengané iku, ora tindak menyang Mesir, Libanon, utawa Yordan? Apa sebabé Panjenenganané ora singitan? Wong kang paham yén Gusti Yésus pancen rila séda kanggo kita, bakal ndeleng pentingé sédang Gusti Yésus, lan yén ora ana keselametan kajaba lumantar anggoné Gusti Yésus disalib. Gusti Yésus sengaja tindak bebarengan para murid Panjenengané menyang Yerusalém.

PANDONGA: Gusti Yésus, maturnuwun awit Paduka kersa nandhang sangsara, séda lan wungu malih kanggé kawula. Paduka nindakaké sadaya menika kanggé kawula, tiyang dosa ingkang nistha, supaya kawula saget dipun sucéni kanthi rah Paduka, dipun beneraké kanthi anggen Paduka ngrukunaken, dipun wilujengaké saking bebendhunipun Gusti Allah, lan dipun rukunaké kaliyan Ingkang Maha Suci lumantar panyucen Paduka. Kados pundi kawula saget ngaturaken panuwun dhumateng Paduka? Paduka tampi panggesangan, wekdal lan arta kawula supados kawula saget ngluhuraken Paduka lan Rama Kasuwargan kanthi panguwaos Roh Suci Paduka. Amin.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé Sang Kristus ora singitan sakwisé Panjenengané pirsa apa kang bakal Panjenengané alami ana ing Yerusalém?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 26, 2022, at 08:32 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)