Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 175 (Danger of Richness)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 3 - PELADOSANĚ GUSTI YĚSUS ING NGARĚ YARDĚN ANA ING TINDAKĚ TUMUJU YĚRUSALĚM (Matéus 19:1 - 20:34)

5. Wong Sugih Lan Bebayané Raja Brana (Matéus 19:16-22)


MATÉUS 19:16-22
16 Ana sawijining wong sowan ing ngarsané Gusti Yésus lan matur: ‘Gusti, kula kedah nglampahi pandamel saé punapa, supados saged angsal gesang langgeng?” 17 Pangandikané Gusti Yésus: “Apa sababe, dené kowé takon marang Aku bab apa kang becik? Kang becik iku mung Siji. Ewadené manawa kowé kapengin lumebu ing urip, tetepana sakabéhing pepakon.”Umuké wong mau: “Pepaken ingkang pundi?” Paring wangsulané Gusti Yésus: “Sira aja memateni, sira aja lakju jina, sira aja nyenyolong, sira aja ngucapaké paseksi goroh.” 19 sira ngajenana bapa biyungira lan sira tresnaa marang sapepadhanira kayadené awakira dhéwé.” 20 Unjuké wong anom iku: “Punika sadaya sampun kula tetepi, punapa malih ingkang taksih kirang?” 21 Pangandikané Gusti Yésus: “Yen kowé arep sampurna, wis lungaa, barang darbekmu kabéh dolana, lan pepayoné kabéh wenehana marang wong miskin, temahan kowé oleh bandha ana ing swarga, banjur mrenea, melua Aku.” 22 Bareng wong anom mau krungu pangandika kang mangkono iku, banjur mundur kalawan sedhih, amarga bandhané akéh.
(Pangentasan 20:12-16, Kaimanan19:18, Jabur 62:11, Markus 10:17-27, Lukas 18:18-27; 12:33)

Anggoné martakaké Injil Matéus, ing sajroné nyethakaké babagan prekara kang ana ing gereja, milih ngermbuk pokok deduwékan sakwisé nyethakaké babagan bebrayatan, pegatan, lan kawigaten marang bocah-bocah.

Ana nom-noman kang kepéngin urip karo Gusti Allah ing sajroné kasucén, urip resik, lan tumindak kang becik. Iki pepenginan kang gedhé banget, nanging Sang Krsitus luwih dhisik ngersakaké paring kamardikan nom-noman mau saka pangerténé kang luput yén ukuran kayektén Allah, gusti Yésus ngandika mrang nonoman mau, “Ora ana kang bener kajaba Gusti Allah.” Panjenengané ngelingaké non-noman mau kanthi pratéla kang banget ngagetaké, pratéla iki kanggo mbuka pangerténé supaya nom-noman mau ngerti yén Sang Kristus lan Gusti Allah iku siji, ing sajroné siji hakekat.

Gusti Yésus gesang karo Rama Panjenengané ing sajroné patunggalan Sang Roh, ing sajroné kabecikan, kayektén lan kaluhuran kang sampurna. Nanging kita, ing sajroné gegayutan karo kasucéné Allah, kita kabéh iku nistha, ala, lan ora bisa nindakaké kabecikan apa waé saka awak kita dhéwé. Awit saka iku kita prelu nindakaké pamratob kang sawutuhé lan nyingkur awak dhéwé.

Mung Gusti Allah kang becik, lan ora ana siji waé kang dhasaré becik kajaba Gusti Allah. Kabecikan Panjenengané iku awit lan asale saka sarira Panjenengané piyambak, lan kabéh kabecikan kang ana ing saben titah uga asale saka Panjenengané. Panjenengané iku sumber kabaeh kabecikan, lan malah kabéh sumberi kang ambanyu mili, asale saka Rama kita kang dadi sumber kabéh pepadhang (Yakobus 1:17). Gusti Yésus iku gambaran lan patuladan kita kang ing prekara iki ana gandheng rentenga karo babagan kabecikan. Kabéh kabecikan bakal kaukur ing sajroné Panjenengané. Kabéh prekara kang kaya panjenengané lan manut karo karsa Panjenengané iku becik. Kita ing sajroné basa kita nyebut Panjenengané Allah, awit Panjenengané iku becik. Ing sajroné prekara iki, dikaya ing sajroné prekara-prekara liyané uga. Gusti Yésus iku “Cahyo kaluhuran Allah lan gambar wujude Allah (Ibrani 1:3) lan awit saka iku kantii pas disebut dadi guru kang becik.

Nonoman iku ora ngreti piwulangé Sang Kristus. Sang Kristus mapangaké ing ngarepe sawijining pangilon paugeran Torét supaya nom-noman mau bisa ndeleng kekurangané ing sajroné nindakaké tugas pedinanané. Sepisan manéh cetheking pangertén nom-noman mau tukul manéh awit nom-noman mau duwé pikiran yén dhéwéké wis nindakaké kabéh kang dikersakaké Gusti Allah kanggo dhéwéke. Nom-noman mau ora ndeleng kasunyatané minangka wong kang dosa, bombong awit anggoné jujur lan duwé pangira yén awaké bener awit wis mbangun turut paugeran Torét. Gusti Yésus kugu nuduhaké marang dhéwéké apa kang wis nyancang dhéwéké, yaiku anggoné karem bandha lan anggoné gumunggung awit kahanan awaké iku. Gusti Yésus nuduhaké yén anggoné mursid kang sejati ateges pangorbanan kang sempurna marang Gusti Allah lan kanggo wong-wong kang mbutuhake. Kasampurna iki mung bisa digayuh kanthi nderek Gusti Yésus. Sang Kristus ing kené nyethakaké kanthi mligi gegayutan tanggung jawab marang pepadhané manungsa. Iki dudu awit paugeran kang liya ora penting, nanging para ahli Torét kang nyekel kalungguhané Nabi Musa, sawutuhé ora mreduli utawa paling ora banget nyimpang ing sajroné wulangané gegayutan prekara iku. Sawetara wong-wong iku ménéhi saprasepuluhan kanggo selasih, adas manis lan jinten –kaadilan lan welas asih lan kasetyan disepelekaké (Matéus 23:23).Wulangané mung gegayutan upacara agama lan ora gegayutan karo moral.

Sang Kristus ora mulangaké marang kita yén wong-wong sugeih kudu nggunakaké dhuweite kanggo wong-wong mlarat tanpa patrap ngati-ati, nanging wong-wong mau uga kudu nyinau kanthi wicaksana babagan kepiyé wong-wong mau bisa mitulungi wong-wong mlarat kanthi mengkono wong-wwong mlarat iku mengkono bisa nulung awaké dhéwé. Wong kang keset ora pantes nampa sumbangan, wong iku malah kudu ngrubah tata lakuné supaya dhéwéké bisa mangan roti saka keringete dhéwé.

Sang Kristus ora mulang nom-noman maju kanthi tujuwan supaya dhéwéké ménéhi kabéh dhuwite marang wong-wong mlarat, nanging supaya dhéwéké nguwalaké awaké saka patrap ngendelaké kasugihané kanthi mengkono bisa nelukaké awaké lan uga dhuwite sawutuhé kunjuk marang Gusti Allah. Kasunyatané ora ana kang bisa ngabdi marang Gusti Allah lan karo mammon (dhuwit) Nanging nom-noman iku kepéngin ndhérék Gusti Yésus lan nalika iku uga, pracaya marnag dhuwite. Sang Kristus dhawuh supaya ati panjenengan pracaya sawutuhé marang Panjenengané awit Panjenengané ora kersa nglenggahi dhampar ing sajroné ati kang mangro. Nanging timbalan Panjenengané iku supaya panjenengan masrahaké sawutuhé marang Panjenengané. Iki kalebu dhuwit lan bandha donya panjenengan.

Cancangan tresna marang raja brana ngedohaké wong akéh saka Sang Kristus, malah senajana wong-wong mau ketoké duwé pepinginan kang becik kanggé nyerak marang Panjenengané.

PANDONGA: Kang Maha suci Paduka gesang. Yektos lan kebak sih rahmat. Paduka apunten kawula menawi kawula pitados dhumteng arta lan bandha kawula ingkang saget risak. Paduka paringi pitulungan supados kawula nyelehaken badan kawula lan arta kawula sawetahipun ing salebetipun asta Paduka, Kawula mboten saget leladi Paduka lan Mammon sesarengan. Paduka pitulungan kawula supados nresnani Paduka, nresnani tiyang-tiyang mlarat lan ingkang mbetahaken ing salebertipun katresnan Paduka ingkang setya.

PITAKONAN

  1. Kepiyé ta anggoné Gusti Yésus mbudidaya nylametaké nom-noman kang mursid iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 26, 2022, at 07:57 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)