Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 166 (Mutual Forgiveness)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
4. WEWATONAN KANG PRAKTIS NGENANI KRATONING ALLAH (Matéus 18:1-35) -- KUMPULAN KAPAPAT SAKA PANGANDIKANÉ SANG KRISTUS

b) Ngapura-Ngapuranan ing Antarané Padha Sedulur (Matéus18:15-17)


MATÉUS 18:15-17
15 “Manawa sadulurmu duwé kaluputan, elingna dhedhéwékan. Manawa nggugu marang kandhamu, tegesi kowé wis ngentas sadulurmu. 16 Dené yén ora nggugu, kowé ngajaka wong siji utawa loro engkas, supaya marga saka anané katrangané seksi loro utawa telu, prakarané banjur rampung. 17 Ewadené yén ora gelem manut, aturna marang pasawmuwan. Lan yén meksa ora manut karo pasamuwan, anggepen wong kapir utawa juru mupu beya.
(Kaimaman 19:17, Pandandaring Torét 19:15, Lukas 17:3, 1 Korinta 5:13, 2 Tesalonika 3:6, Galatia 6:1, Titus 3:10)

Pepalang kang gedhé dhéwé kang mbebayani kanggo warga gereja, kajaba gumunggung, yaiku kurangé paham, kurangé kawicaksanan ing sajroné ngelikaké, lan kurangé anggoné apura ing ngapuranan ing antarané sedulur. Katresnan tetap dadi pérangan kang banget déning penting ing sajroné greja. Nanging nalika ana warga nurut marang patrap mentingaké awaké dhéwé, wong iku banjur tiba ing patrap dosa lan sawijining roh liya bakal mlebu ing sajroné greja. Nanging, kanthi pitulungan sang Roh suci, wong-wong pracaya kang duwé panggraita landhep bakal nemokaké roh liya iku lan ngalahaké ing sajroné asma Sang Kristus.

Sang Kristus, sakwisé ngelingaké para murid Panjenengané supaya ora natoni atiné wong liya, maringi ngerti marang para murid apa kang kudu ditindakaké mnawa wong liya nglarani atiné. Tujuran saka pitutur iku bisa ditampa ing sajroné loro kahanan kang beda. Gegayutan karo panerak pribadi, pitutur iku kang dikarepaké kanggo njaga katentreman ing sajroné greja. Gegayutan karo patrap ngudhunaké mratabat, kanggo umum, pitutur iku katujokaké kanggo njaga kasucén lan kaéndahan greja.

Manawa panjenengan ndeleng yén ana warga ing sajroné patunggalan kristen panjenengan, terus nindakaké dosa, panjenengan kudu ndedonga kanggo wong iku kanthi gumolonging ati. Aja ngréméhaké utawa aja ngenyek, nanging ndedonga supaya Sang Kristus maringi panjenengan timbalan lan kawicaksanan mligi nuntun lan nyurung panjenengan wicara priabadi karo wong kang nindakaké kaluputan iku.

Nalika panjenengan kandha marang wong kang luput iku, aja lali yén kekuwatan iman panjenengan kudu katon ing sajroné patrap alusing bebudi lan kabecikan. Kanthi blak-blakan panjenengan kanda prekara kayektén marang wong kang lupu mau, nanging nganggo rasa asih lan rahmat supaya nylametaké wong iku lan entuk kapercayan saka wong iku. Sing sapa kang samudana nyenengkaké wong liya dudu mitra kanggo wong kang gawé luput iku. Sing sapa nyacat wong liya kanti patrap kasar, lan patrap ngréméhaké uga kudu dikritik uga, awit dosa kang ditindakaké ing sajroné gumunggung luwih ala tinimbang karo patrap nyimpang kang ditindakaké wong iku. Manawa warga ing sajroné gereja ora duwé kekendelan kang cukup kandha apa kang bener marang pepadhané mula gereja iku bakal mati awit nindakaké elamisan, ana rasa sengit lan bakal nglakoni kangelan.

Manawa wong kang luput ora gelem ngrungokaké panjenengan, mbangun turuta apa kang dingandikaaké Sang Kristus. Ajak wong loro utawa telu saka patunggalan panjenengan ketemu wong kang nyimpang iku lan ajak rembugan kanthi cetha marang wong iku. Ndedongaa supaya wong iku bisa dirubah ing ngarsané Gusti Allah kang suci. Manawa wong iku terus wangkot ora gelem mretobat lan nindakaké apa kang bener, sebanjuré tresnani wong iku dikaya Sang Kristus nresnani juru mupu beya supaya bia nuntun wong-wong mau bali marang Gusti Allah, awit mung katresnan waé kang bisa ndudut atiné kang lagi lara.

Manawa wong ala iku cekelan marang anggoné tumindak ala, lan ora gelem bener-bener mratobat, dohané wong iku sawetara wektu supaya “lelara” iku ora mundhak-mundhak ing sajroné patunggalan panjenengan. Manawa wong iku ora gelem ninggalaké panjenengan kanthi rila legawa, nyuwuna marang Gusti Allah nylametaké wong iku utawa misahaké saka panejengnan lumantar cawe-cawené asta Gusti Allah, kanthi tetap kelingan yén kita nresnani wong iku, nanging sengit karo dosané lan sebanjuré nampak anané dosa iku ing antarané kita.

PANDONGA: Gusti Yésus Kristus, kawula ngaturaken panuwun awit Paduka ngelikaké para murid Paduka atas kaculikan, anggenipun kumlancang lan anggenipun mboten pitados, kanggé mitulungi sedhérék-sedhérék lan mitulungi sedhérék-sedhérék menika supados nindakaken kabecikan. Paduka pitulungi kawula supados manggihi sedhérék-sedhérék kawula ing salebetipun katresnan lan kayektosan, kanthi raos kurmat lan blak-blakan kanggo ngénggalaké lan nyucékaken sedhérék-sedhérék menika, lan mboten kanggé nyakiti rerasanipun. Kersanipun Paduka tetap dados priyantun ingkang paring disiplin ingkang kebak rahmat kanggo kawula sadaya.

PITAKONAN

  1. Apa 3 jangkah kang kudu dilakoni manawa wong pracaya ing sajroné gereja bakal dielikaké anggoné nindakaké kaluputan?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 25, 2022, at 07:59 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)