Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- English -- Matthew - 165 (Disciples’ Pride and the Children’s Humility)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- ENGLISH -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- Javanese -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
4. WEWATONAN KANG PRAKTIS NGENANI KRATONING ALLAH (Matéus 18:1-35) -- KUMPULAN KAPAPAT SAKA PANGANDIKANÉ SANG KRISTUS

a) Gumunggungé Para Murid Lan Andhap Asoré Bocah-Bocah Cilik (Matéus 18:1-14)


MATÉUS 18:10-14
10 Poma, aja nganti ngréméhaké salah sawijining bocah cilik iki. Amarga Aku pitutur marang kowé: Malaekate ana ing swarga tansah padha mandeng marang pasuryané RamaKu kang ana Swarga. 11[Dené rawuhé Putraning Manungsa iku prelu nylametaké kang katriwal]”. 12 “Panemumu kapriye? Manawa ana wong duwé wedhus satus, banjur ana siji kang katriwal, apa ora bakal ninggal sing sangang puluh sanga ana ing pagunungan tumuli lunga nggoléki wedhus kang katriwal mau?13 Satemené Aku pitutur marang kowé: Manawa bisa ketemu, kabungahané tumrap wedhus sing siji iki ngluwihi tumrap wedhus sangang puluh sanga kang ora katriwal. 14 Mangkono uga Ramamu kang ana ing swarga ora ngarsakaké ilangé bocah iki siji bae.”
(Lukas 15:4-7, Ibrani 1:14)

Apa panjenengan pracaya yén malaikat iku ana? Para malaikat iku para abdi Allah lan roh kang ngemu cahya lan teka lunga kanthi kebat nindakaké dhawuhé Gusti Allah. Gusti Yésus ngandika marang kita babagan sawijining wadi kebak rahmat yén Gusti Allah ngutus para malaikat Panjenengané kanggo njaga bocah-bocah. Para malaikat iku didhawuhi déning Gusti Allah, awit Panjenengané iku Rama kita kang sabeneré, kanggo njaga bocah-bocah kasukman kang urip ing sajroné pangayoman para malaikat kang prakosa. Kang mesti, iblis lan para prajurite mbudidaya nyirnakaké bocah-bocah mau kang dilahiraké déning Sang Roh Suci. Manawa ora awit para malaikat Allah kang ngayomi bocah-bocah kagungan Panjenengané kang suci, Iblis bakal kasil nyirnakaké bocah-bocah kasukman mau. Rama kasuwargan kita ora bakal kelangan siji waé saka para putra Panjenengané.

Iblis duwé pepinginan lumawan karsané Gusti Allah kang kagungan panguwasa, nanging rancangan lan katetepan Sang Rama luwih kagungan panguwasa. Saka apa kang dadi keparengan panjenengané kang suci, dumadi umat kang dititahaké lan panebusan, lan saka karsa Panjenengané sih rahmat dipratélakake. Kanggo nindakaké rancangan Panjenengané minangka jejeré Rama, gusti Allah ngutus putra Panjenengané supaya nggoléké cempe kang ilang nganti Panjenengané bisa nemokaké lan sebanjuré nguwalaké saka cancangan dosa. Katresnan Panjenengané nyurung Pangon kang becik iku ninggalaké kumpulan wong-wong mursid ing Prejanjian Lawas lan sebanjuré nggoléki wong-wong asing kang ilang lan nylametaké wong-wong kanthi sempurna. Ing wiwitané kita dudu wong-wong kang nggoléki Gusti Allah lan Putra Panjenengané. Nanging Panjenengané waé kang ngracut kaluhuran Panjenengané mandhap kanggo wong-wong dosa nguwalaké kita saka anggoné kita njegur marang hawa nefsu lan duraka, lan nuntun kita ing pundak Panjenengané marang Sang Rama.

Yaiki karsané Gusti Allah, yén ora ana siji waé umat pilihan Panjenengané kang cilaka. Rancangan lan tujuwan Panjenengané yaiku yén putra Panjenengané bakal séda lan dudu salah siji saka putra-putra Panjenengané kang cilaka awit bebendhu Panjenengané. Kabéh manungsa wis dosa. Manungsa bakal cilaka, awit ora ana siji waé kang becik. Nanging sing sapa ménéhi wewengan Sang Juru selamet nemoni dhéwéké lan ménéhi tanggapan marang timbalan Pangon kang Becik iku kanthi panguwuh iman, mesti bakal diselametake. Kanthi tembung iku Gusti Yésus mratélaké tujuwan saka pandang lan séda Panjenengané. Panjenengané rawuh kanggo nylametaké putra-putra Allah kang ilang lan Panjenengané séda supaya kita bisa urip.

Gusti Yésus mulangaké supaya kita ora ngréméhaké salah siji saka bocah-bocah iku, becik ing sajroné masyarakat uga ing sajroné gereja, nanging malah sinau saka bocah-bocah mau. Dikaya wong tua tanggung jawab kanggo nggatekaké bocah-bocahé awan lan bengi, Gusti Allah nggatekaké bocah-bocah, bocah-bocah kang lugu, kang andhap lan alusing bebudené.

Apa anggoné leladi panjennegan ing sajroné gereja mung ditujokaké marang wong-wogn kang kinurmatan waé, utawa marang bocah-bocah lan bocah-bocah kang dianggpe remeh uga? Kala-kala luwih becik mbuka kelas Sekolah Minggu lan nyethakakaké katresnan Gusti Yésus marang bocah-bocah kang mbuka mripate amba-amba, tinimbang mbudidaya nyethakaké wulangan kang ribet marang wong-wong parungoné ora seneng. Jiwa bocah-bocah banget déning tinarbuka, lan durung ana kang ditempekaké ing kana. Nyawisaké wewengan kanggo ngesokaké ing sajroné atiné asma lan watek-wantu gusti Yésus kanthi cara kang cetha. Gawé Katresnan Panjenengané dadi sawijining patuladan kanggo bocah-bocah kanthi mengkono bocah-bocah bisa kadudut atiné kanthi andap asor lan kamurnian Panjenengané. Aja lali yén dalan wong Kristen ora gumungunggung lan gumedhe, nanging katresnan lan andhap asor ing ngarepané kabéh wong.

PANDONGA: Gusti Yésus, Paduka kemawon putra Allah. Paduka mbangun turut dhumateng karsa Rama Paduka ing samukawis prekawis. Nanging kawula mlajeng saking kandhang kagungan Panjenenganipun, cepengan dhumateng pakulinan lan dosa kawula, lan dhawah ing salebetipun bolongan piawon lan kaculikan. Paduka apunten kawula atas dosa-dosa kawula, lan tampi atur panuwun kawula, awit Paduka nilaraken kamulyan kasuwargan, madosi ingkang ical, dumugi dhumateng kawula, nimbali kawula medal saking bandané dosa, murnekaké kawula sawetahipun, lan nuntun kawula wangsul dhumateng sang Rama ing pundhak Paduka. Paduka wulang kawula supados mboten dados gumungung, nanging nggatosaken putra-putra, kanggé ngasoraken badan, lan leladi tiyang-tiyang ingkang mboten gadhah ing salebetipun panguwaos Roh Suci Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa kang dadi karsané Sang Rama Kaswargan gegayutan karo bocah-bocah cilik?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 25, 2022, at 07:55 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)