Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 167 (Prohibiting and Forbidding in Christ’s Name)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
4. WEWATONAN KANG PRAKTIS NGENANI KRATONING ALLAH (Matéus 18:1-35) -- KUMPULAN KAPAPAT SAKA PANGANDIKANÉ SANG KRISTUS

c) Nglarang Lan Nyegah Ing Sajroné Asma Sang Kristus (Matéus 18:18-20)


MATÉUS 18:18-20
18 Satemené pituturKu marang kowé: Apa kang koktaleni ana ing donya iku bakal katalenan ana ing swarga lan apa kang kouculi ana ing donya iku bakal kauculan ana ing swarga. 19 Lan manéh Aku pitutur marnag kowé: Manawa panunggalanmu ing donya ana wong loro kang saiyeg nyuwun apa bae, panyuwuné iku bakal dikabulaké déning RamaKu kang ana ing swarga. 20 Sabab ing ngendi ana aong loro utawa telu padha nglumpuk kalawan nganggep marang jenengKu, ing kono Aku ana ing tengahe.”
(Matéus 16:19; 28:20, Markus 11:24, Yokanan 20:23).

Ing ngendi katresnan wis mateng, mula kamanunggalan iman bakal katon. Kamanunggalan iki yaiku panguwasa Gereja. Ing kana, pribadi-pribadi lan kelompok pandonga ing sajroné Sang Roh Suci, lan Sang Roh iki makarya ing sajroné pandonga lan dadi jalaran donga-donga dikabulake. Ora statistik utawa buku tabungan ing bank kang mbuktekaké panguwasa gereja, nanging rawuhé Sang Kristus lan gegelitan badan Sang Kristus kang ndonga lan duwé kapiyandelan. Lumantar paseksen wong-wong iku akéh wong kang sowan marang Sang Juru selamet kang sugih pangapura iku. Gusti Yésus maringi kunci kratoné Suwarga marang saben rasul iku, ora mung marang Petrus. Kabéh wong kang kamanunggalan Sang Roh Suci ing sajroné atiné yaiku abdi ing sajroné panguwasané Allah, awit Gusti makarya lumantar wong iku.

Apa panjenengan duwé waktu donga kang ora pedhot ing sajroné gereja panjenengan? Sang Kristus kanthi cara pribadi atindak lumantar wong-wong kang terus ana ing sajroné katresnan Panjenengané. Gusti bakal paring jawaban donga-dongané manawa wong-wong mau ndhérék tuntunan Sang Roh Suci.

Ing sajroné prasetyané Sang Kristus ing sajroné maringi jawaban donga kang setyo iki, kita nemokaké timbalan kanggo ndadar lan nyarujuki bebarengan apa ta karsa kang becik Gusti Allah iku. Kita kudu mbudidaya urip selaras karo karsa Panjenengané supaya gusti Yésus Kristus bisa bebarengan karo kita. Manawa panjenengan ora ngreti karsané Gusti Allah atas prekara panjenengané panjenengan suwunaké pirsa dhéwé apa apa kang bakal ditindakaké Sang Kristus piyambak manawa Panjenengan bebarengan ing antarané panjenengan. Golékana tuntunan saka Sang Roh Kristus kang bisa nuduhaké pandonga kang alandhesan iman lan duwé pangarep-arep yén donga iku bakal dijawab ing sajroné asma Gusti Yésus Kristus.

Angenan ing ngendi loro utawa telu wong Kristen ketemu bebarengan, Sang Kristus ana ing antarané wong-wong mau. Iki sawijining panglipuran kanggo kabéh patemon ing sajroné gungungé kang cili pisan.

Bisa uga iku kelompok kang sengaja digawé cilik. Kajaba ibadah pribadi kang ditindakaké déning sawetara wong, lan anggoné leladi umum saka kabéh pasamuwan, bakal tetep ana wewengan ing ngendi wong loro utawa telu wong kang teka dhéwé, becik supaya bisa bantu binantu ing sajroné pirembugan utawa pitulungan bebarengan ing sajroné pandonga, ora awit ora seneng marang ibadah umum, nanging minangka tambahan kanggo ngibadah iku. Ing kana Sang Kristus bakal rawuh.

Bisa uga iku kelompok cilik awit anggoné winates. Ana luwih saka loro utawa wong telu kang gelem teka bebarengan, nanging ora wani awit wedi panganiaya, nanging Sang Kristus temtu bakal ana “ing tengah-tengahé wong-wong mau”. Iki dudu gegayutan gunggunge, nanging iman lan ngibadah kang tulus saka para wong-wong kang nyembah kang nyuwun rawuhé Sang Kristus. Senajana mung ana loro utawa wong telu, gunggung kang cilik kang bisa ana, nanging patemon wong-wong iku padha ajiné lan padha kahananné karo manawa kang teka iku telung ewu wong.

Aja lali yén Gusti Yésus bakal ana ing tengah-tengah panjenengan, manawa panjenengan nindakaké karukunan lan manunggal kanggo pelayanan Panjenengané lan kanggo pawarta Injil. Karawuhané yaiku panguwasa Sang Roh Suci ing tengah-tengah prekara lan bebaya ing jagat iki. Sebanjuré Sang Kristus makarya karo panjenengan lan ngayomi panjenengané.

PANDONGA: Matur nuwun Gusti Yésus ingkang kebak rahmat, awit Paduka prasetya badhé tansah rawuh ing antawisipun kawula minangka juru wilujeng lan Panglipur, manawi kawula manunggal sesarengan kanggi peladosan Paduka lan kanggé nglarang lan nyegah dosa-dosa supados njagi paseksen kawula. Padula tulung kawula supados apunten ing ngaputen lan sami nyupekaké dosa-dosa sesami kawula. Kawula uga nyuwun supados Paduka mratélakaken dhumateng kawula karsa Paduka saking Injil kanthi makaten kawula saget ndedonga ing salebetipun keselarasan kanthi kekajengan Paduka, lan ngujudi karsa Paduka ing salebetipun, ing antawis, lan lumantar kawula.

PITAKONAN

  1. Kapan Sang Kristus rawuh ing antarané kita?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 25, 2022, at 08:14 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)