Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 159 (Epileptic Boy Cured)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
3. PELADOSAN LAN TUMINDAKĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 14:1 - 17:27)

o) Bocah Duwé Lara Ayan Diwarasaké (Matéus 17:14-21)


MATÉUS 17:14-18
14 Bareng wis padha bali tekan ing enggoné wong akéh manéh, ana wong kang sowan ing ngarsané Gusti Yésus banjur sujud lan matur: 15 “Gusti, anak kawula mugi Paduka welasi. Piyambakipun sakit ayan, lan sangsara sanget. Asring dhawah ing latu lan inggih asring dhawah ing toya. Sampun kawula bekta dhateng ing ngajenging para sakabat Paduka, nanging sami boten saged nyarasaken.” 17 Gusti Yésus banjur ngandika: “Heh, jinis kang ora duwé pangandel lan kang kablinger, nganti pira lawasé anggonKu isih kudu tetunggalan karo kowé kabéh? Ngandi pira lawasé anggonKu isih kudu tahan ana ing antaramu? Bocahé prenekna!”. 18 gusti Yésus banjur ndukani dhemite, wasané metu, sarta wiwit nalika iku bocahé dadi waras.
(Markus 9:14-29, Lukas 9:37-42).

Sang Kristus mudhun saka gunung ya ing papan kono Panjenengané dimulyakaké, menyang ngaré wong-wong dosa. Ing gunung Panjenengané nganakaké wawan pangandikan karo Nabi Musa lan Nabi Elia, nanging ing ngaré Panjenengané ketemu bocah kang dikuwasani déning Roh ala. Owah-owahan kahanan iki dadi jalarané para muride kagét kang isih kagawa ing pikiran babagan dedelengan kang banget mulya ing pucak gunung. Sang Kristus ngajak para murid bali marang kasunyatan ing sajroné bot repot kanggo nguwalaké bocah kang dikuwasani déning roh ala iku.

Para murid ora bisa nguwalaké bocah iku lan ora bisa nundhung roh ala saka bocah iku, senajan para murid wis mbudidaya ing sajroné asma Panjenengané. Iman para murid wis dadi ringkih wiwit Sang Kristus ngandika babagan anggoné bakal Séda. Ati para murid wedi lan para murid dadi goreh lan ora njenjem.

Sang Kristus nimbali kahanan kasukman kang mengkono lan kurangé anggoné sumarah marang gusti Allah minangka jejeré “ora pracaya.” Sing sapa ora bisa manunggal ing sajroné karsané Gusti Allah nanging mbudidaya nindakaké pepinginané dhéwé iku wong kang mentingaké awaké dhéwé, lan wong ora pracaya kang wangkot. Bapak saka bocah kang dikuwasani roh ala, wong akéh, ahli Torét kang mangan sekolahan, malah para murid, ora ana ing sajroné alur katresnan Allah lan rancangan keselametan Panjenengané. Dadi para murid tetap ringkih lan ora duwé panguwasané Sang Kristus.

Kamenangan Sang Kristus atas Iblis awit saka panguwasa Sabda Panjenengane; pedang kang metu saka tutuk Panjenengané ( Wahyu 19:21). Iblis ora tahan lumawan tundhungané Sang Kristus, senajana iblis wis suwé nguwasani atiné manungsa. Iki sawijining prakara kang banget nguwataké kanggo wong-wong kang lagi emeng lumawan panguwasa lan panguwasa awang-awang, yén Sang Krisus wis ngracut kabéh satru iku lan “padha kadadekaké pangewah-ewah, amarga wus padha dikalahake” (Kolosé 2:15).

Dadar awak panjenengan, apa kang malangi panjenengan kanggo tetunggalan karo Gusti Yésus? Apa sebabé iman panjenengan ringkih lan ora duwé panguwasa? Apa katresnan panjenengan marang manungsa lan marang gusti Allah dadi adhem lan panjenengan durung mati kanggo awak panjenengan dhéwé kang lawas? Nyuwuna Sang Kristus kanggo mbuka anggon panjenengan ora mbangun turut lan ngalahaké pambalela batin panjenengané. Sebanjuré tuntun marang Sang Kristus wong-wong kang lara kang mbutuhaké kawarasan saka Sang dokter agung iku. Nguwuha marang Sang Rama kang kebak katresnan iku, “Kula pitados, mugi karsaa paring pitulungan dhateng kula, ingkang boten pitados punika!” (Markus 9:24).

Sang Kristus banjur paring wangsulan donga saka Bapak, kang pancen ringkih ing sajroné iman, lan nundhung roh ala saka anake. Panguwasa Sang Kristus ora bisa dipalangi déning roh najis iku, manawa kita nyuwun kanthi iman marang Gusti Yésus kanggo Panjenengané ngabulaké panyuwun kita. Mratobata marang Kristus, malah nalika panjenengan ora jenjem lan ora mangerti arep nindakaké apa. Nyuwuna supaya Panjenengané ngujudi kamenangan Panjenengané ing sajroné panjenengan lan ing sajroné wong-wong kang sakiwa tengen panjenengan. Aja dadi coklek semangate utawa teluk marang kahanan panjenengané nanging pracaya marang panguwasané Gusti panjenengan lan ndedongaa marang Panjenengané kanthi setya ing sajroné iman.

PANDONGA: Rama kasuwargan, roh awon lan sétan-sétan mboten saget malangi Putra Paduka ingkang kinasih, awit Panjenenganipun maha Kuwaos, andhap asor lan suci. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit putra Paduka sampun paring kamardikan laré kang dipun kuwasani Iblis lan nundhung iblis menika. Kawula nyuwun supados Paduka ngiyataken iman kawula kanthi makaten, ing salebetipun asma Gusti Yésus, sadaya roh cemer badhé nilaraké tiyang-tiyang ingkang kawula sihi lan para mitra kawula kanthi makaten para mitra kawula mboten badhé mbucal badan piyambak dhumateng lebu siti kabawah panguwaosipun si pangawak dursila menika, nanging sawetahipun dipun merdekakaken kanggé ndhérék Paduka lan manunggal ing salebetipun Paduka salaminipun. Amin.

PITAKONAN

  1. Kepiyé carané Gusti Yésus ngelikaké para muridé amarga ora bisa nundhung roh ala saka bocah iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 25, 2022, at 07:29 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)