Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 154 (Jesus First Prediction of His Death and Resurrection)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
3. PELADOSAN LAN TUMINDAKĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 14:1 - 17:27)

l) Gusti Yésus Maringi Pangertén Babagan Séda Lan Wunguné Panjenengané (Matéus 16:21-28)


MATÉUS 16:26
26 Apa gunané oleh donya iki kabéh, yén kelangan nyawane? Lan apa kang bakal diaturaké minangka ijole nyawane?
(Jabur 49:9, Markus 8:36-37; Lukas 9:25, 12:20)

Ana astronot bali saka mbulan lan nggoléki Gusti Allah, awit sawetara astronot mau ana ing pesawat antariksané astronot weruh kaéndahan lan kasugihané bumi iki. Nanging ora tansah mengkono kang dumadi. Di deleng cara alami waé, manungsa wis cemer lan ora wanuh titahé Allah minangka timbalan ing sajroné atiné. Sakabéhé ala, awit wong-wong iku urip tanpa kang nitahake. Astronot iki nemokaké jawabané ing sajroné Sang Kristus lan dadi seksi babagan panguwasa panebusan Panjenengané.

Ana wong sugih mbrewu kang urip ijen banjur mati. ditemoké yén wong iku kulina nutupi awaké nganggo layang kabar, awit dhéwéké banget uthil ora gelem tuku sandhangan kanggo awaké dhéwé. Kasugihan lan kasiling urip ora tansah ndadekaké rasa kabejané.

Sadulur tunggal iman, apa panjenengan eling yén ora ana siji manungsa waé kang suci atine? Kabéh manungsa iku banget déning cemer? Kanggo apa ta kabéh kauntungan panjenengan kanthi nglumpukaké dhuwit, mbangun omah, lan nampa maneka werna gelar manawa panjenengan tetap waé dadi wong dosa? Apa panjenengan ngreti yén nyawa panjenengan wis rusak? Senajana ngadhepi rasa isin lan lara, apa gelem panjenengan ngakoni? Utawa panjenengan isih ngapusi ati panjenengan dhéwé kaya-kaya panjenengan suci lan bener? Apa kang panjenengan tindakaké karo dosa-dosa panjenengan? Apa panjenengan ngreti yén saben dosa kang cilik iku kaya kuman kang nyebar cepet banget lan nyemeraké nyawa panjenengan?

Aja duwé pikiran yén telengé ati panjenengan resik lan bener. Panjenengan ora manéh suci ing sajroné ati lan wis kelangan nyawa panjenengan. Mangsa kepungkur panjenengan ana ing mikroskop Allah, kang pirsa wadi kang siningitan ing nyawa panjenengan-kabéh cemer, apus-apus, lan sengit kang ngebaki pikiran panjenengan banget katon cetha kanggoné Panjenengané. Dadi aja kajebak ing sajroné duraka, nanging akoni dosa-dosa panjenengan ing ngarsané Allah supaya panjenengan bisa miwiti urip kang anyara. Mratobata saka dosa lan bali marang Gusti Allah awit Panjenengan ngenténi panjenengan supaya dianyaraké kanggo kraton katresnan Panjenengané.

Pangandikané Gusti Yésus nuduhaké yén panjenengan nglumpukaké kabéh patrap apik ing jagat iki, utawa ménéhi kabéh emas lan slaka kang dadi duwéké panjenengan kanggo kabéh wong kang mlarat lan mbutuhaké, panjenengan ora bakal ditebus lan bakal mati ing sajroné dosa-dosa panjenengan. Keselametan iku ora saka panggawé, amal, utawa leladi, nanging mung lumantar karukunan déning Sang Kristus waé. Mung iku siji-sijiné landhesan kang kuwat kanggé karukunan kita manéh karo Gusti Allah. Ora ana manungsa kang suci lan pantes leladi minangka korban gegentiné kanggo kita kajaba Gusti Yésus waé. Manungsa ora bisa nebus awaké dhéwé, senajana wong iku misusungaké kabéh bandha donané marang Gusti Allah. Rah Sang Yésus Kristus luwih aji tinimbang karo kabéh prekara kang bisa diaturaken déning manungsa. Panjenengané iku tebusan kanggo kita kang ditampa déning Yang Maha suci.

PANDONGA: Kawula ngluhuraken Paduka, Sang Rama, Sang Putra saha Sang Roh Suci, awit Paduka nguwalaken kawula saking angenan bilih kawula saget nebus badan kawula lumantar anggen kawula tegen. Kawula abingah-bingah awit namung rah Gusti Yésus Kristus kemawon ingkang nyucékaken kawula saking sadaya dosa. Panjenenganipun sampun ngrukunaken kawula kaliyan Sang Rama, lan adamel kawula saget dados putra-putra Panjenenganipun kanthi sih rahmat. Paduka tulungi kawula supados kawula mitulungi para mitra kawula mangertos bilih sadaya pandamelipun mboten wonten ginanipun, lan para mitra menika mboten gadhah pangajeng-ajeng kajawi kanthi pitados dhumateng Gusti Yésus Kristus, lan bilih Panjenengané dipun salib lan wungu malih saking séda. Kintenipun para mitra nglampahi gesang ingkang énggal ingkang manunggal kanthi katresnan ilahi, lan kintenipun para mitra menika gesang kanthi atur panuwun lan abingah-bingah ugi kasingunana tentrem rahayu.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé ta tumindak becik kok ora bisa nebus kita?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on June 08, 2023, at 04:05 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)